Sabtu, 27 Februari 2021

INTEPRETASI

 

Setu Wage 27 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 16 :7-15

Jabur 22 :23-31

Markus 8 :27-30

Gusti Yesus banjur ndangu: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Petrus matur: “Paduka punika Sang Kristus!” Markus 8:29

 

INTEPRETASI kuwi dudu tembung jawa, kuwi nemu neng obah mosik’e jaman nganti tumeka ing kahanan modern kaya mengkene iki. Amarga jaman modern utawa maju, mula saiki jagad iki kayane rinasa sansaya ciut, sansaya cilik. Apa kang klakon neng saindenge jagad isa pinersan ing wektu kang meh pada, semono uga bab tetembungan utawa basa, siji lan sijine pada ngebak-ingebaki. Mula tumrap sing arang srawung karo basa liya, aja keSUSU nesu nalika ana tembung kang rinasa aneh, kaya jejer tulisan ing ndhuwur, INTEPRETASI.  Lha jan-jane apa ta tegese utawa artine tembung INTEPRETASI kuwi? Arti utawa tegese tembung INTEPRETASI , yakuwi kahanan kang rinasa dening pawongan marang sabarang kang tumeka ing deweke, dene rasa kuwi isa  kedadeyan amarga pangerten lan uga kahananing urip. Apa kang apik lan penting tumrap wong siji, durung temtu apik tumrap liyane, kuwi merga INTEPRETASI marang kahanan kang beda.

 

Neng Kitab Suci okeh crita bab INTEPRETASI, salah sijine crita baba pa kang dadi pamikirane para sekabate Gusti Yesus tumrap Panjenengane. Wong okeh jebule ya beda-beda nduweni INTEPRETASI marang Gusti, ana sing ngarani Yokanan Pembabtis, ana sing ngarani nabi Elia lan sakpanunggalane. Lha Petrus jebule ya nduweni INTEPRETASI marang Gusti, kanggone Petrus, Gusti Yesus kuwi Sang Kristus, sing kagungan pangwasa nebus lan mbirat dosa, Sang Kristus kuwi artine “Kang Jinebadan” ngayahi ayahan kang mulya lan mirunggan. Kuwi INTEPRETASI Petrus marang Gusti Yesus. Dene laire INTEPRETASI kuwi saka wektu lan kahanan kang okehe pol, ana pangerten kang tuwuhe saka piwulang lan pasinaon, ana pengalaman kang mampir ana ing uripe, ana rasa kang makuwon neng uripe, kuwi kabeh isa dadi bahan kanggo nduweni INTEPRETASI marang kahanan kang tinemu lan rinasa. Petrus ngrasa yen Gusti Yesus kuwi pancen Sang Kristus, lan ora mung ngerti, ananging tumindake Petrus kuwi adedasar INTEPRETASI, merga mapanake Gusti Yesus minangka Sang Kristus, kang dipercaya nebus dosane, mula Petrus njur manute ngeram marang Gusti.

 


Apa wae tumindake menungsa kuwi kabeh gumantung karo INTEPRETASI, lan INTEPRETASI kuwi ora tiba saka langit, ananging kabentuk saka baha material sing ora sithik, ing ndhuwur wis takjlentrehake, ngko malah tumpang tindhih (sanadyan okeih uga sing seneng tumpang tindhih, lha kuwi sing mesam-mesem mesti seneng karo tum-tin…heh). Ing jaman saiki kabeh tumindake menungsa kuwi ya gumantung marang INTEPRETASI, kaya ta, amarga durung paham bab Porang,mula ya mung nyawang sinambi  njureng kaya Kinjeng PMS nalika ana tulisan bab Porang. Beda nalika wong padha wedi mati, mula nalika tumeka ulang tahune, kabeh bungahe ngeram, jale kae, saben grup media social, sing paling popular kan bab ulang tahun. Kuwi merga INTEPRETASI bab ulang tahun kuwi pentinge ngeram, yen ora penting ya tangeh lamun dadi bab sing nomer siji diungelake.

 

“Jo, olehmu ngrumati Porang kok jian, seriuse ngeram ki critane piye?” Takone Pakde Kento, nalika sore kuwi wis jangkeb neng Cakruk Sor Talok.

“Lha kanggene kula, Porang punika berkah saking Gusti kok dhe, mila nggih kedah kula rimati. Lumantar Porang saget ndadosaken kasaenaning jagad, lemah dados ijo royo-royo, wonten gawean saben ndinten, lan ugi minangka pengajeng-ajeng. Mangke sakbibaripun dirumat, murih kabetahane Porang cekap, gentosan Porang ingkang badhe nyekapi kabetahan kula..” Wangsulane Dalijo, sajak cetha anggone njlentrehake..

“Hmm..kuwi INTEPRETASImu bab Porang, lha kanggoku Porang kuwi yamung kaya godong kae, mula ya durung tertarik babar blas, malah kepara melu moyok’I sing dolanan Porang..” Ngendikane Pakde Kento meneh, Njur ketungka tekane Iin, nggawa wedang lan pacitan.

“Yen kanggomu Porang kuwi apa Lik?” Takone Iin marang Lik Ndoleng.

“Suweg, wis ming kuwi penemuku. Palinga delokneh ya ilang renek wong nggagas..” Unine Lik Ndoleng sinambi nyumet MLDne Dalijo.

“Lambemu Leng, muni sakrasane, muni ngono jik doyan udud saka Porang..” Wak’ane Solebo melu urun rembug.

“Rasah erosi Kang Bo, cen ngono kuwi INTEPRETASI ne Ndoleng, beda yen nyawang Wasti, mesti sanadyan lemune saiki sakhilolah, tetep ayu lan langsing..” Kandhane Pakde Kento.

“Jindullll…kuwiiiii menehhhh..Dusss!” Unine Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH