Selasa, 02 Februari 2021

KEKAREPAN

 

Selasa Wage 2 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 22 :22-28

Jabur 35 :1-10

1 Korinta 7 :32-40

Bareng kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, banjur ndheprok isih katunggangan dening Bileam. Bileam nepsu banget, nganti kuldine digebugi klawan tekene. Kuldine tumuli kabuka cangkeme dening Sang Yehuwah, nganti bisa ngucap marang Bileam: “Kalepatan kula punapa dhateng panjenengan, dene ngantos panjenengan gebagi rambah kaping tiga punika?” Wilangan 22:27-28

 

KEKAREPAN kuwi asale saka tembung KAREP, sing tegese pepinginan utawa krenteging ati kanggo ngupaya sambubarang. Saka tembung Karep kuwi njur isa dadi KEKAREPAN, sing tegese Dayaning pepinginan kang kudu ginayuh, dene bab PEPINGINAN kuwi apik utawa ora apik, kuwi gumantung saka sing nduweni KEKAREPAN. Dene dayaning KEKAREPAN kuwi ora winates, kuwate ngeram lan mbokmenawa ora ana kekuwatan apa wae neng njagad iki sing bisa nandingi karosane. Yen KEKAREPAN kuwi apik lan kudu kawujudake mbokmenawa wae isa njalari kahanan luwih bicik tinemu, ananging yen KEKAREPAN kuwi ora apik ya isa wae ndadekake rusaking kahanan. Amarga dayaning KEKAREPAN kuwi ngedab-edabi, mula apa wae pepalang isa katerak, malah ana kalamangsane nyawa wae kalah karo dayaning KEKAREPAN.

 

Ana  crita neng Kitab Suci bab dayaning KEKAREPAN, yakuwi critane Bileam lan Kuldine. Amarga nduweni KEKAREPAN kang gedene ora mekakat, mula Bileam njur numpaki Kuldine kanggo nututi KEKAREPANE. Sanadyan KEKAREPAN sing tuwuh ing atine Bileam gede, ananging jebule ora dadi kersane Sang Yehuwah, mula ya dipenggak. Nalika sepisan dipenggak sepisan jik ngpaya enda, njur kang kapindone ya jik isa enda. Amarga sing diajak “mbledig” KEKAREPAN kuwi Kuldine, mula nalika ana pepeling saka Sang Yehuwah Kuldine ya kudu nemahi kahanane. Bareng tekan sing kaping telune, Kuldine wis ora entuk dalan maneh, mulane njur ndeprok. Ngerti Kuldine ndeprok, Bileam njur nggebugi klawan tekene, sakdurunge mung dipecuti. Isa dibayangake kaya ngapa rekasane si Kuldi kang kudu ngetutake KEKAREPAN saka si Bileam. Bareng wis rumangsa ora kuwat nuruti KEKAREPAN saka Bileam, Kuldi kuwi ndeprok prok lan uga njur protes.

 

Ora mung ing jamane Bileam, dayaning KEKAREPAn kuwi tumeka saiki ya jik isa mulad-mulad. Yen ing jamane Bileam, Kuldi dadi korbane, ing jaman saiki isa kabeh dadi korban saka anane KEKAREPAN. Isa wae kurbane kuwi brayat, isa wae harga diri dadi korban amarga dayaning KEKAREPAN. Sinau saka critane Bileam, okeh sing isa dipethik minangka pasinaon. Sepisan, sejatine KEKAREPAN kudu dirasak-rasakne, kuwi jumbuh karo kersane Gusti apa ora, kaping pindone, yen KEKAREPAN kuwi ora jumbuh  karo kersane Gusti mesti entuk pratanda piweling. Dene kang kaping telune, KEKAREPAN kuwi mesti nuwuhake korban. Mula  saka kuwi, payo angon KEKAREPAN supaya ora marakake liyan dadi Korban.

 

“In, kok dekwingi Pakde Kento rasan-rasan, jare kopine kepaiten, apa iya?” Takone Dalijo.

“Iyo kang, lha saiki tambah brayat, njur “anggaran kopi” ora ana kenaikan gek” Wangsulane Iin, sinambi ndondomi kaos kakine bojone.

“Kudu diahami In, wong iki kabeh cen kudu klakon. Sing dadi KEKAREPAN ku yakuwi supaya tuwuh srawung sing becik, sinau bebarengan sanadyan ya olok-olokan terus. Kuwi ya mbutuhake pra-bea. Mengko yen Porange wis panen, takwenehi biaya kanggo nyetok kopi lan gula sing okeh ya” Dalijo sing nduweni KEKAREPAN nuwuhake budaya srawung lan sinau bareng  neng Cakruk Sor Talok njanjeni Iin bab “logistik “ sing dibutuhake.

“Oke Kang, ning ya sing ngentek-entekake kuwi Paklik Ndoleng. Lha jak-jok-jak-jok wae, tur saben jok ya nambah gula…jian cah tuwek siji kae poll nggledise. Iki ngandi Lik, kok dingaren rung do ngetok?” Takone IIn.

“Iki op In. Wakane Solebo nduweni KEKAREPAN ngajak mbokde Minthug dolan nyang bonbin, Pakde Kento cecawis arep  ngrabekne Putrane ontang-anting, dene Lik Ndoleng jare arep neng warung..” Semaure Dalijo.

“Haiyah, palinga mung arep njawil Yu Wasti. Aku apal watake Paklik kok kang” Unine IIn lan saka njero kamar keprungu swarane Lik Ndoleng.

“Jindul..lagi wae arep mangkat wis konangan……Isa badar KEKAREPAN iki!!”

 

Mbahe..

 

 

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH