Senin, 15 Februari 2021

SESUCI

 

Senen Pahing 15 Februari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 19 :7-25

Jabur 110 :1-4

Ibrani 2 :1-4

Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane.” Pangentasan 19 :10

 

SESUCI kuwi asale saka tembung linggga Suci, sing tegese kahanan kang tanpa reget utawa resik. Mulane tembung SESUCI kuwi tegese samubarang tumindak kang nduweni tujuan utawa ancas supaya dadi resik utawa suci meneh. Uga saka tembung SESUCI kuwi isa dimangerteni yen sing nembe ngayahi ayahan kuwi, sepisan meneh ayahan SESUCI, sadhar yen (ana) kahanane kang ora Suci utawa resik, mulane kudu diresiki ben dadi resik.

 

Neng Kitab Suci ana dhawuh bab menungsa kang kudu ngayahi ayahan SESUCI, yakuwi neng Kitab Pangentasan bab songolas.  Neng kana lumantar nabi Musa, bangsa ngisrael dinawuhan ngayahi ayahan SUSUCIsuoaya dadi suci,amarga wis nampani pitulungan saka Gusti Allah kang suci. Dene pitulungane kuwi cetha banget, katuntun lumantar nabi Musa, metu saka tanah pangawulan, yakuwi Mesir. Manut paseksine Kitab Suci kuwi, bangsa ngisrael kudu sadhar yen kahanane ora resik, ora suci mula kudu ngayahi ayahan SESUCI cikben dadi Suci. Unine dhawuh kuwi ora sakmengko, samangsa bangsa ngisrael wis nduweni kalodangan, ananging saiki..ing dina iki, yakuwi nalika krungu timbalan lan dhawuh supaya SESUCI.




 

Manut paseksine Kitab Suci, bangsa ngsrael kang kapimpin dening nabi Musa, manut karo dhawuh kuwi, ora ana sing ngenyang. Kuwi mratandani yen bangsa ngisrael cen rumangsa ora Suci,mula kudu SESUCI, bangsa ngiisrael rumangsa ora resik, mula kudu reresik.Pancen ora mayar ngayahi ayahan SESUCI kuwi, awit ujudting “rereget” kuwi isa sinawang mripat lan uga ora isa sinawang mripat. Yen wujuding rereget kuwi sinawang mripat, mayar, ananging yen ora sinawang mripat, kuwi rekasa banget ngresikine. Klangenan kang ngrugekake liyan, mburu mareming nefsu kamanungsan, kuwi kabeh klebu rereget kang ora isa sinawang mripat, kang kudu diresiki, kudu disikat entek nalika wis sumadya SESUCI.

 

“Dalijo ngandi Leng?” Takone Wakane Solebo, sore kuwi nalika kaya padatan, nongkrong neng Cakruk Sor Talok.

“Ora angon uwong Bo, wis gede ndadak ngurusi!” Wangsulane Lik Ndoleng sengol, lan kuwi marakne Wakane Solebo rada njondhil, sakdurunge kober mbacutake takone, njedul Iin, ora nggawa wedang, malah sambat.

“Lik, kopine entek gulone kari segegem..” Unine IIn.

“Ngutango Sik, lagi mumet aku..”Semaure Lik Ndoleng, sinambi  raisin njupuk jisamsune Wakane Solebo.

“In, ngapa paklikmu kok nesu kuwi, ora nesu wae rupane ngguyokne, iki yen nesu ngono kuwi,klakon endog netes kabeh, sanadyan rungdingremi” Takone Wakane Solebo marang Iin.

“Kuwi lho dhe, kawit wingi esuk. Critane ajeng ngabekti, eh…ngibadah, njur ajeng ijol arta. Lha jare arep nggo pisungsung. Lha pas ngedalke arto, jebul sing ajeng diijolke Kang Dalijo niku yatra sedasa ewunan, njur diguyu kang Dalijo. Lha niku njur paklik ngamuk..nesu..mbesengut kados Jentrung Putus cinta nika..” Klesak-klesik Iin njlentrehke neng wakane Solebo.

“Oalahh Leng, jebul  awakmu nesu, mung baba rep pisungsung ndadak ijol duwit, njur diguyu Dalijo..bangbayikkkk..” Pangecen Wakane Solebo.

“Wis..wis…rasah dibablaske,iki mengko isa dadi perang “ndolengyudha”, kuwi kudu diresiki..kuwi sipat kang ora apik Leng, mosok pisungsung seminggu pisan, sepuluhewu arep diijolake…Payo padha SESUCI, manut piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK iki lho” Swarane Pakde Kento, muni ngono sinambi lungguh, njur njedul Dalijo.

“Lik entuk titpan surat, seka Yu Wasti..” Unine Dalijo, njur ditampa dening Lik Ndoleng, lan ralet suwe, Lik Ndoleng sajak njomblak…sajak misuh,ananging mung lirih..

“Jretttt…”

 

Mbah’e..

 

Quis:

Sing sapa wae isa nebak isine surat saka Yu Wasti, bakalan entuk pulsa data internet kang nilaine 50.000. Ditunggu jawabane liwat komentar, utawa WA.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH