Senin, 01 Maret 2021

NALAR

 

Senen Legi 1 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 21 :1-7

Jabur 105 :1-11,37-47

Ibrani 1 :8-12

Rama Abraham yuswa satus taun nalika kang putra Iskak mau miyos.

Purwaning Dumadi 21 :5

Meh saben wong, klebu sing maca tulisan iki, ngerti malah kepara paham karo apa kang sinebut NALAR. Tembung ikimeh padha karo logika, pikiran kang kanggo mikir (amarga ora sithik pikiran sing radinggo mikir) utawa basa mancane rasio. Ben luwih gampang anggone ngerteni, tembung NALAR kuwi isa diwenehi arti sakabeh tumindak kang migunakae pikiran kanggo nemokake kahanan kang paling pas. Ing donyane menungsa, ana kahanan kang mlebu NALAR lan uga ana sing ora tinemu NALAR. Ananging klakone ya kerep kewolak-walik, sing kudune tinemu ing NALAR isa dadi ora tinemu ing NALAR lan ya kosokbaline. NALAR kuwi berkah, lan isa kanggo nata urip supaya luwih apik, ananging ora kabeh kahanan iki tinemu NALAR, mula sing dudu “bageane” NALAR, ya aja dipeksa lumebu ing “omahe” si NALAR. Bab apa kang dadi kersane Gusti Alah, kuwi kerep ora tinemu ing NALAR, mula ya dipercaya wae, rasah diperkosa lumenu ing ruangane NALAR.

 

Neng Kitab Suci, pernahe neng Purwaning Dumadi 21, ana crita kang isa kagolongake bab kang ora tinemu NALAR. Lire kepiye? Lha mosok ana piyayi sepuh, yuswane wis satus tahun luwih jik isa nduwe anak, kuwi bab kang sejatine ora tinemu ing NALAR. Aja meneh sing mung ngerti lumantar maca Kitab Suci (kuwi wae sing gelem),lha wong sing nglakoni dewe wae ora percaya, ya amarga ora tinemu ing NALAR kuwi mau. Ibu Sarai, bojo tuwane Abraham sing wektu kuwi durung duwe anak, ora percaya nalika Malaekat nekani lan ngabari yen tahun ngarep bakalan babaran.Lha kepiye anggone percaya, dewekne wis tuweke ngeram, bojone semono uga, mbuh jik isa “njenggelek” apa ora pirantine, kuwi kang njalari Sarai ora percaya, ora tinemu NALAR.

 


Ananging pancen kawicaksanan lan kersane Gusti kang akarya jagad iki ora isa tinemu ing NALAR, mung lumuhe menungsa wae sing sakabehe arep dilebokake ana ing NALARe sing cupete ngeram, lan nalika kahanan kuwi ora isa lumebu ing NALAR’e, njur sing disalahke “kahanane”, kamangka sing ciute pol kuwi NALAR kang diduweni. Apa kang klakon nalika jamane Abraham lan  Sarai kuwi sejatine jik tetep (isa) klakon ing jaman saiki, mung wae saiki okeh menungsa sing luwih percaya karo NALAR’e tinimbang karo kersane Gusti. Iki ya ora ateges njur NALAR ditinggal lungga, ora. NALAR tetep nduweni tugas lan “ruange” dewe, mung wae sabarang kang isa tinemu NALAR, dipikir nganti pas manut kersane Gusti. Dene kahanan kang pancen dudu “wilayahe” NALAR, ya ben wae Gusti kang menehi pepadhang, ben padha ngerti kersane Gusti.

 

“Bo, kae janjane Dalijo nandhur Porang kuwi apa ya ana prospeke?” Takone Lik Ndoleng neng Wak’ane Solebo, nalika sore kuwi jik cah tuwek loro sing jejagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Yen manut critane Dalijo lan brita neng koran lan uga tipi, kuwi jian joss Leng….top markotop..” Wangsulane Wak’ane Solebo.

“Lha kok ora kit mbiyen-mbiyen ya Porang kuwi dibudidayakake, kok lagi durung suwe..Apa ya tinemu NALAR yen mengkone okeh sing nandhur njur  jik ana sing butuh Porang ya BO?” Lik Ndoleng sajak jik monga-mangu.

“Lha ora usah adoh-adoh mikir wong sing durung percaya, lha wong awakmu sing nyawang dewe bendina Dalijo ngrumat Porang, ora percaya. Apa meeh yen wong liya sing mung krungu gethok-tular. Iki klakone merga kowe mapanake kaneh neng NALAR mu sing ora isa nampung kasunyatan Leng. Porang kuwi komoditas saknjagad mokamat, ananing ya okeh sing jik “mencibir”, jik seneng dadi penonton, mung ndelok, kendele alok-alok..”Jlentrehe Wakane Solebo.

“Wong NALARmu nggagapi yen saiki Yu Wasti wis dadi duwek’e kang Markun wae ranyandak gek Lik, arep nggagas Porang, wis rasah kokean mikir, kae tandhuramu Porang tambahana, njaluka bibit kang Dalijo,jik setok okehe ngeram..” Unine Iin, sinambi nyuguhake wedang lan pacitan.

“Duss, tekan Wasti meneh..marai rinduku menggumpal Innnnnn….” Lik Ndoleng sambat, ning ora seru, wedi karo mbah Santhet sing mbiyen galak’e ngeram.

 

 

Mbah’e..

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH