Sabtu, 27 Juli 2019

PENGANDEL


Setu Pon 27 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI PENGANDEL


Hose 1:11-2:15
Jabur 85
Lukas  8:22-25
“Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabaté: “Pengandelmu ana ing ngendi?” Para sekabat mau padha wedi lan gumun banget, sarta padha rerasanan: “Wong iki sapa ta, déné nganti angin lan ombak padha ngèstokaké dhawuhé?” Lukas 8:25

Tembung PENGANDEL kuwi seka lingga Ngandel, sing tegese yakin utawa percaya. Mula saka kuwi, tegese PENGANDEL kuwi ukuran utawa tingkatan kapercayan utawa keyakinan. Lan nalika tembung kuwi didadekne ukara pitakonan, “ Pengandelmu ana ngendi?”, tegese ana kahanan  PENGANDEL sing ana neng pawongan utawa kelompok wong sing ora bener. Dene apa sebab lan masalahe ngapa kok ndadekne pawongan utawa kelompok PENGANDELE tipis utawa kandel kuwi mestine beda-beda.

Crita bab piwulange Gusti Yesus neng Injil Lukas 8 ayat 22-25 dadi kaca pengilon marang sapa wae sing maca piwulange Gusti. Neng kana dicritakne nalika Gusti lan rombongan para sekabat nyebrang segara. Neng saktengahing laku njur anaprahara sing ndadekne prane oling lan sansaya suwe klebon banyu. Kahanan kuwi sing ndadekne para sekabate Gusti sansaya wedi lan sansaya tipis, malah kepara ilang PENGANDELE. Merga saka kuwi njur pada mbingungi lan kabeh ora ndadekne kahanan ora sansaya apik malah kosokbaline, marakne kahanan sansaya nggegirisi. Ing sakjroning kahanan kaya mengkono kuwi, Gusti Yesus malah tinemokake dening para sekabat nembe sare. Mulane njur digugah lan wungu lan sakbanjure NDAWUHI praharane meneng. Mbuh merga kaget serene keganggu apa merga apa, ananging jirih lan sumelange para sekabat kuwi ora dadi kersane Gusti, mula njur pada didukani, “pengandelmu ana ing ngendi?”

Tumrap Gusti Yesus, ngendegne prahara kuwi mayar,pada mayare karo ngombe wedang putih. Ananging tumrap menungsa (klebu sing maca tulisan iki, sing jik rumangsa menungsa..hehe), kabeh rinasa abote ngeram. Lha mikul apa ta kok abot?Iki ora mikul apa-apa, mung dikon NGANDEL! Wong sing NGANDEL kuwi isa diarani nduweni PENGANDEL, lan lumantar PENGANDEL kuwi isa nglakoni samubarang,malah kepara isa ngakon apa wae. Seka andharan iki isa dimangerteni, kenapa Gusti Yesus duka nalika para sekabat ngadepi “dinamika” alam,sing jenenge prahara. Yen para sekabat NGANDEl, mesti praharane isa ditundung lunga, merga ora NGANDEL ya malah ditelukne rasa wedi.

“In, saiki aku ngerti, ngapa Dalijo mbiyen ora dadi karo Tarsi”, Lik Ndoleng esuk kuwi, neng pawon wedangan ujug-ujug ngrasani Dalijo.
“Weh,lha kepiye Lik?” Takone Nduk I’in.
“Kuwi merga Dalijo, dulurmu lanang kae ora nduweni PENGANDEL sing baokoh!” Semaure Lik Ndoleng santai.
“Weladalah, mosok ngono Lik,ananging sajake iyo..hehe..”Wangsulane Nduk I’in ya santai lan ketungka Dalijo njedul seka lawing sisih Lor lan cluluk.
“Pada kowe Lik, badhar karo Yu Wasti, kuwi ya merga PENGANDEL’e sampeyan sing tipis tur meneh sampeyan jirih..”Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere.
“Dusss..malah njedul kowe Jo!!!” Lik Ndoleng kaget.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH