Rabu, 24 Juli 2019

NDEDONGA


Rebo Kliwon 24 Juli 2019
BENINGE  EMBUN ESUK

IKI YA DONGA


Amos 9:5-15
Jabur 119:17-32
Yokanan 6:41-51
“Paduka mugi maringi kasaénan dhateng kawula, kang abdi; supados kawula gesang lan mbangun-turut dhateng dhawuh Paduka.” Jabur 119:17

Yakin mbolokin, yakin sejuta persen, yen kabeh sing maca tulisan iki wis paham karo sing diarani NDEDONGA utawa ndonga utawa berdoa. Kuwi kabeh klakon merga kawit ana ing wetengane simbokne, wis urip kebak ing pandonga. Mulane yen nalikane gede njur paham wae nganggo banget bab NDEDONGA, kuwi ya orasah pada mbingungi. Lan mesti ya luwih akeh sing paham bab NDEDONGA, sing tegese nyuwun tinimbang maturnuwun, uga mesti sing dijaluk mung butuhe dewe, tanpa mikirke lan ngeling liyan. Lha..kuwi,sing mesam-mesem sinambi maca, hayooo…bener kan, saklawase iki mung mikire ndonga kuwi nyuwun lan kuwi wae kanggo senenge dewe?

Pancen ora salah yen sakjroning NDEDONGA kuwi ana panyuwunane, ananging isine pandonga kuwi ora mung njaluk, yen mung njaluk kuwi mung kaya proposal wae. Isine donga nalika NDEDONGA kuwi ya sakliyane maturnuwun ya kudu mikirke kebutuhane liyan, aja mung nggagas kebutuhane dewe wae. Paseksine juru Jabur, apik kanggo pasinaon. Neng paseksi kuwi dicritakake, yen ing  sakjrone ndedonga juru Jabur ora mung nyuwun apa sing isa ndadekne senenge, ananging nyuwun supaya sakjroning uripe isa nglakoni kabeh dhawuh pangandikane Gusti. Iki jian apik tenan, beda karo jaman saiki, ndongane pada ndakik-ndakik, ananging ora gelem nyambut gawe kagem Gusti lan ora nate ndonga kanggo netepi timbalan kanthi serius.

Mulane, ayo saiki wiwit ndonga sing mikirke liyan, ora mung “ngejokne proposal” wae. Yen ndonga karo Sing Mbaureksa Urip kanthi mikirke liyan, ora usah kuatir, mesti sing disuwuni ya pirsa lan bakalan maringi apa sing dadi butuhmu.

“Lik, yen ndonga nate ndongakne aku ra?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Rakober Jo, kaya kurang gawean, lha penjalukku wae kawit jaman watu rung diparingi”, Semaure Lik Ndoleng.
“Lhayo jelas Lik, lha penjalukmu ben isa nyanding Yu Wasti, mokal bakal dikabulke” Nduk I’in ujug-ujug muni sakrasane lan kuwi ndadekne Lik Ndoleng mak prembeng, sajak kesinggung.
“Asembb..kokya ngerti dongaku ta In?” Lik Ndoleng mangsuli, sajak nutupi nesune.
“Lik, In, ayo wiwit saiki yen ndonga sepisan atur panuwun lan sakteruse nyuwunke bab sing apik marang wong liya, pisan-pisan rasah njaluk kanggo awake dewe” Dalijo muni ngono sinambi nyedot djarumsupere.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH