Senin, 22 Juli 2019

PAMERAN


Senen Pon 22 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

RASAH PAMER!!!


Amos 7:1-6
Jabur 119:17-32
Mateus 6:1-6,16-18
“Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga.

PAMERAN kuwi durung mesti salah lho ya, sanadyan ana neng critane Kitab Suci, nate didadekne ukara saka Gusti Yesus, nalika mulang para sekabate. Kaya sing tinulis ing ayat nats nduwur kuwi, sing nyebutake bab PAMERAN. Bab tembung PAMERAN sing apik kuwi nalika majang sabarang kang disengaja, kanthi tujuan supaya liyan isa ngerti. Yen ing urusan iki, PAMERAN dadi perkara sing malah apik, merga lumantar pakaryan kuwi, sansaya akeh wong sing tepung karo sabarang apik kang bakal/nembe dipamerake. Malah ing bab iki, PAMERAN malah kudu ngetokake ragat, murih isane klakon apa sing dadi kekarepane. Njur PAMERAN sing kaya piye sing ora dikersakne Gusti?

Manut crita ing Kitab Suci, mirunggan in Mateus 6 ayat 1, cetha yen tembung PAMERAN, sing dikersakne Gusti kuwi bab mamerake apa sing dilakoni, ananging ora kanthi tulus utawa salah sasaran. Lho kok salah sasaran, nalare piye? Iya, merga sing dikersakne  kuwi bab Ngibadah lan sakubarampene. Sing kudu dieling, NGIBADAH kuwi dudu kanggo menungsa, ananging kagem sing nitahake menungsa. Mulae, aja pisan-pisan mung njaluk dialem, mula njur apa wae tumindak bab ngibadah njur dipamerake, diumbar lan diler neng ngendi-endi papan. Lha iki kan ngabarake, utawa andum pengalaman, apa ya luput? Yen tujuane kanggo andum pengalaman, kuwi apik, ananging yen tujuane mung njaluk dialem kuwi sing luput.

PATCHOULI


Carane niteni PAMERAN apa ora, nalika sing nembe nindakne pakaryan apik kuwi ora nate mutungan, ora nesunan, ora emosinan lan tansah tatag,teteg nganti tutug, apa wae sing ditindakne, sanadyan yen dietung cara “bisnis” rugi lan yen dirasa ing pangrasa kamanungsan, ya lara lan perih. Yen durung kuwat ngrasakne perihe tumindak apik, isa wae kuwi nindakne pakaryaning kapercayan mung karan PAMERAN, pamer marang liyan. Dene yen wis kuwat ngadepi apa wae sing isa ndadekne larane ati kamanungsan, kuwi  sing bener tur ya pener.

“Jo, kok rongndina ranjedul, nengndi?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika sore kuwi bubar kerjabakti.
“Merenung Lik, ngresiki racuning pikiran lan ati Lik, ben apa wae sing tak tumindakne apik lan mung kagem Gusti. Ora gampang nesunan, lan ora nduweni niat pamer tumindak apik” Dalijo semaur, kanthi sareh.
“Lha apa jik sok njaluk dialem kang Dal?” Takone nduk I’in.
“Weh, iya, njaluk dialem terus, wegah dikritik. Nggere ana sing ngritik mesti taknesoni, takamuk, takdongakne elek nduk..”SEmaure Dalijo.
“Wah, mulyamen niatmu Jo, mbok aku ajarana..takmelu wis” Lik Ndoleng ajak tertarik.
“Ayo Lik, syarate mung mayar, ora nesu yen dikapak-kapakne, kuwi sing diarani tumindak tulus, ora mung PAMERAN”, Dalijo njlentrehake..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH