Rabu, 31 Juli 2019

MUNGSUH


Rebo Pahing 31 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KANCA DUDU MUNGSUH


Hosea 6:11-7:16
Jabur 44
Mateus 5:43-45
“Mergi saking pitulung Paduka kawula sami ngrebahaken mengsah, mergi saking dayaning asma Paduka enggèn kawula ngiles-iles tiyang-tiyang menika.” Jabur 44:6

Sabarang apa wae sing ora dadi senenge lan uga sing ora nyenengi, kuwi isa diarani MUNGSUH. Pancen ora kudu nunggu gelut utawa tukar-padu supaya isa diarani MUNGSUH. Mulane sing kudu dadi paugeran ana ing sajroning urip iki, sapa wae kudu mengerteni endi kang isa dadi “kanca” lan endi utawa apa wae kang isa dadi “MUNGSUH”. Sabarang kang apik lan isa ndadekne uripe menungsa kabeh tentrem lan rahayu kuwi mbuh kepiye wae kahanane isa diarani kanca, dene sing ora isa marakne seneng utawa bungah, kuwi isa diarani MUNGSUH. Dene wujud lan kahanane kanca utawa MUNGSUH kuwi isa beda-beda lan isa uga merga salin wektu, sanadyan pada kahanane, isa dadi kanca lan isa dadi MUNGSUH. Sing baku, apa wae sing kinaranan MUNGSUH, mesti bakal  diendani lan sakisane ditumpes.

Paseksine Juru Bani Korah, minangka panganggit Jabur 44, nekseni pengalamane urip yen nalika ngadepi MUNGSUH sing akeh lan kuwat, ananging Gusti Allah tansah maringi pitulungan. Crita lan paseksine Juru Jabur ngandharake yen ya mung Gusti Allah piyambak sing kwasa ‘ngrebahake” mengsah utawa MUNGSUH. Mula saka kuwi, kanggone juru Jabur, ora kaya ngapa gede lan kuwate MUNGSUH sing dadi undheraning urip, ananging karo sapa percaya. Yen mung nyawang sepira gede lan kuwate MUNGSUH utawa isa uga masalah, tekana kapan, ora bakalan isa “ngrebahke” MUNGSUH kuwi, ananging sauger percaya yen mung Gusti Sing Isa Ngecet Lombok, kabeh dayaning MUNGSUH utawa masalah isa sumingkir kadya pedut tinerak ing cahyaning Kyai Bagaskara.

MUNGSUHE MASUK ANGIN


Saka crita ing nduwur, yen isa dijupuk “poin-poin” piwulang, ana sing kudu (luwih) digatekake. Sepisan, sajroning urip iki, kabeh titahe Gusti, klebu menungsa, mesti bakal nduweni lan ngadepi masalah utawa MUNGSUH. Sing dadi paseksine juru Jabur, aja nyawang sepira gedene MUNGSUH kuwi lan aja mung ngandekake kekuatane dewe, ananging pasraha marang pangwasane Gusti, kuwi sing dadi kuncine ngadepi lan nglempangake MUNGSUH. Sapa wae sing percaya karo daya pangwasa lan kakuatane Gusti, mesti isa nelukake MUNGSUH utawa masalahing urip, mbuh kaya ngapa gedene lan kaya ngapa modele.

“Jo, kanggomu yen menungsa kuwi kerep entuk masalah utawa jare mbah’e MUNGSUH, kuwi lagi diberkahi Sing Ngecet Lombok apa malah lagi diukum?” Sore kuwi nalika pada lagi wedangan karo pacitane grontol goring neng teras, Lik Ndoleng kaya padatan, mbuka obrolan ngetan ngulon.
“Yo mesti wae nembe diukum kuwi Lik, mosok ngadepi masalah okeh kok diberkahi..!!” Nduk I’in kaya biasane, nyoal-nyael kaya geni diapeli bensin.
“Biyuh..crigis In..aku ora takon awakmu malah nyamber kaya kirik ngerti balung!!” Lik Ndoleng melu nyamber, merga rumangsa ora takon karo I’in.
“Biyuh..malah pada samber-samberan, kaya bledeg mangsa rendeng. Yen aku mung kari arep disawang saka ngendi. Yen wong sing percaya karo pangwasane Gusti, akehe masalah utawa MUNGSUH kuwi malah dadi srana nelakake yen Gusti bakalane maringi kekuatan sing linuwih utawa pinunjul. Dene yen disawang saka panyawang wong sing ora percaya, akehe masalah utawa MUNGSUH kuwi dadi memala. Sing penting nalika ngadepi MUNGSUH utawa masalah kuwi, pada percaya ora karo Gusti, kuwi wae. Yen percaya, mesti kabeh MUNGSUH bakalan diglempangake” Dalijo semaur sinambi nyumet djarumsupere, dene Nduk I’in karo Lik Ndoleng ya mung sawang-sawangan.


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH