Selasa, 02 Juli 2019

MILI


Selasa Pon 2 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

iki kuci berkahmu MILI


2 Para Raja 3:4-20
Jabur 75
Markus 12:18-27
“Ésuké, ing wektuné saos kurban ésuk, ana banyu mili saka peneré *peneré: jurusan (bhs. Ind.).* tanah Édom ngebaki kalèn-kalèn mau.” 2 Para Raja 3:20

Tembung MILI kuwi nduweni teges manut ukarane, yen ukarane gegayutan karo ukuran, tegese MILI kuwi bab dawa cendak’e. dene yen tembung MILI kuwi bab sing dudu ukuran, ananging kahanan utawa lelakon, mula tegese dadi kahanan lakuning sabarang kalir,utamane banyu. Dadi yen tembung MILI kuwi dipapanke ana ing babagan banyu, tegese dadi kahanane banyu sing obah tumuju marang kahanan sing (racak’e) luwih endek, yen MILI munggah kuwi mesti mawa srana, kayata jetpump lan uga diesel.

Mbalik neng bab MILI mau, ana ing Kitab Suci nate dicritakne kaya ngapa lelakon bab MILIne banyu. Yakuwi nalika  bangsa ngisrael sing dipandegane dening nabi Elisa. Nalika semana nembe perang lan para prajurut butuh papan lan panggonan sing pas, mula nalika tekan neng sawernening papan, njur nyenyuwun marang Gusti. Amarga kahanan kang “emergrency” mulane panyuwun sing dilakoni lumantar pandonga kuwi luwih kuwat sawab’e. merga sengkut ing pandonga lan uga nindakne pamaturnuwun, mulane Gusti ya ora negakne, apa sing dadi kabutuhane lan ya kuwi kang disuwunke, diparingi. Lan wektu Gusti maringi kuwi sakbubare wong-wong pada  SAOS KURBAN ing wayah esuk. Cetha wela-wela, berkah sing MILIK kuwi klakone sakbubare nyenyuwun lan atur panuwun ing wayah esuk. Esuk tegese mula bukaning dina, isa tangi turu ing wayah esuk kuwi mujijat. Mula saka kuwi, saben wayah esuk, tangi turu,ngaturna panuwun lan uga caosa pisungsung. Aja pelit-pelit, yen pelit ya berkahe saka Gusti ora bakalan MILI.

Berkah kuwi MILIne ya mung saka Gusti,lan MILIne berkah kuwi ora tumuju marang papan sing luwih dhuwur. Iki piwulang, sapa wae sing kumenthus,kemlinthi,getha-getho,petitha-pethithi, ora bakalan kilenan berkah. Berkah ora bakal MILI marang sapa wae sing nduweni watak kaya sing tinulis ing ndhuwur. Sepisan meneh, berkah saka Gusti mung arep MILI tumuju papan sing luwih ngisor lan binukne ilining berkah kuwi nalika ana panyuwun lan uga caos sokur.

“Rep ngandi Lik, esuk-esuk, pasarane Pon wis klimis kaya pejabat eselon 2 wae?” Takone Dalijo neng Lik Ndoleng.
“Arep nyang pasar Jo, mumpung pasaran tur ya preinan. Sisan mampir  dalem kapanditan, arep atur panuwun karo Gusti, lumantar abdine. “Semaure Lik Ndoleng.
“Kencok’an roh apa ta Lik, kok njanur gunung, apa dikedepi Yu Wasti?” Takone Nduk I’in.
“Dusss…tekan Wasti maning…iki urusan ati len…dudu merga…hmmm” Olehe wangsulan Lik Ndoleng sajak kesendak,mbuh kena apa.
“Haiyah, kuwi mega kang Markun bubar crita, seka sowan “mbahe” andum berkah,merga sertipikasine wis cair…mula gah kalah ta Lik?” Dalijo nyemes sakayange, lan Lik Ndoleng plengah-plengeh kaya sapi putus cinta.
“Lhaaa..rak tenan taaa….!!” Nduk I’in sajak marem.
“Ora apa-apa, apa wae alesan utawa pamberg’e, sing penting aja lali atur panuwun. Kuwi syarat supaya berkahe Gusti tansah MILI ing sauruting ilining urip iki” Dalijo mungkasi kotbahe, njur njupuk djarumsupere,lan diemut..eh disumet ding..


Mbah’e..



KUNCI MENUJU KEMAKMURAN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH