Kamis, 25 Juli 2019

DIPROTHOLI


Kemis Legi 25 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

AJA DIPROTHOLI


Hosea 4:1-19
Jabur 85
Mateus 6:7-15
“Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kados déné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.”Mateus 6:12

DIPROTHOLI kuwi linggane prothol, sing tegese ucul seka babone lan ndadekne kahanane cacat utawa ora jangkep meneh. DIPROTHOLI kuwi kahanan sing klakon lantaran ana sing marakne prothol. Apa wae sing DIPROTHOLI kuwi mesti suda kahanane lan mesti dadi suda uga endah lan senine. Sanadyanta kaya mengkono, pancen ana perkara-perkara sing malah dadi apik nalika DIPROTHOLI. Ning ya kuwi, biasane apa wae sing DIPROTHOLI kuwi mesti ora normal meneh.

Menungsa kuwi salah siji titah sing nduweni akehe ora njamak bakat, salah sijine ngowahi lan uga nyuda apa wae, manut karepe dewe. Yen dirasa kokean njur dipotholi lan sing wis pas ditokne wae. Merga saka “akehe talentane”, mula ya orasah kaget yen polah tingkahe menungsa anggone MROTHOLI samubarang kuwi ya tekan ngendi-endi, malah tekan neng tata kapercayan.
Piwulange Gusti Yesus ing Mateus 6 ayat 7-15, memulang bab perkara-perkara sing apik kanggo nglakoni urip,  ing kana njur ana piwulang bab pandonga. Ing sajroning pandonga, Gusti ngersakne kabeh menungsa pada apura-ingapura, ora mung njaluk diapura anaging wegah ngapura. Ananging sing klakon, akeh sing ndakik-ndakik nalika ndonga rama kawula, ananging kuwi ing tembung wae, bareng tumeka ing tumindak ya mak bussss..pada ora gelem apura-ingapura. Akeh sing seneng “ngingu” virus ganas sing diarani iri,srei lan drengki.

Ben Aja PROTHOL Untune


Bener akeh sing apal bab donga Rama Kawula, ananging arang sing gelem ndonga jangkep lan sakbanjure ya jangkeb anggone nglakoni. Sing akeh, kuwi sing ndongane DIPROTHOLI, mung tekan ..”Kalepatan kawula mugi Paduka apunte…” Bar iki titik, yen dikon mbacutke wegah, merga abot olehe ngapura liyan. Lha sing kaya ngene iki sing diarani kahanan sing prothol merga DIPROTHOLI., ndonga semangat nalika njaluk diapura dosane ananging nyara lirih lan malah kepara meneng nalika disuwun Gusti ngapura liyan. Bab nindakne [angapura kanggo wong liya kuwi, abote kaya nyunggi gunung Merbabu.

“Jo, cah saiki kok pada kemakine ngeram ya? Honda Jupiter apik-apik kok DIPROTHOLI ki piye?” Lik Ndoleng semanta, nalika sore kuwi lagi santai neng Sor Talok.
“Salah Lik, Jupiter kuwi dudu Honda tapi Yamaha” Semaure Nduk I’in.
“Haiyahh..iyo---iyooo Innn!” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ajameneh mung aksesoris kendaraan Lik, saiki kapercayan wae akeh sing pada mrotholi lan uga DIPROTOLI. Akeh sing arang ngibadah, akeh sing jik nesunan lan mutungan, akeh sing sih telat mangkat lan tekane Nggreja. Lha sing kaya mengkono kuwi pora ya klebu mrotoholi berkahe Gusti? “ Dalijo njelaske sinambi pitakon.
“Oiya, aku ya kaya mengkono, nyuwun diapura luputku karo Gusti, ning abot ngapura liyan” Semaure Dalijo. MROTHOLI lan DIPROTHOLI kuwi bakal tansah klakon..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH