Sabtu, 13 Juli 2019

MARANI


Setu Wage 13 Juli 2019
BEENINGE EMBUN ESUK

Kang Dalijo Meh
MARANI
Sapa Kuwi?

Amos 2:12-3:8
Jabur 82
Yokanan 3 : 16-21
“Nanging sing sapa mbangun-turut marang kersané Allah, wong kuwi malah marani pepadhang, supaya cetha yèn apa sing dilakoni mau manut kersané Allah.” Yokanan 3:21

Ana unen-unen sing surasane mengkene, sing werna Ijo mesti bakalan nggoleki lan MARANI sing wernane ya Ijo, sing senengane mangan pedes bakal nggabung lan MARANI sabarang kang pedes. Kuwi kabeh kayane wis dadi paugerane jagad sing pancen wis karipta dening Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Saka ukara ing nduwur, ana tembung sing dadi “kata kuci”, yaiku tembung MARANI. Tembung MARANI kuwi linggane PARAN, utawa papan sing adoh, entuk ater-ater “Ma” lan “I”mulane yen digabung sejatine mengkene MA+PARAN + I =MAPARANI,ananging merga evolusi basa dadine mung MARANI, sing tegese sabarang tumindah kang ancase kanggo nggayuh papan utawa kahanan sing durung ana utawa isih adoh.

Ana piwulange Kitab Suci lan iki malah pangandikane Gusti Yesus dewe, pernahe neng Yokanan bab 3 ayat 21, ing kana disebut kanti cetha wela-wela bab MARANI. Dene sing dadi intine piwulang yakuwi sing sapa mbangun turut marang kabeh kersane Gusti, kuwi sing diarani MARANI pepadhangm yakuwi Gusti piyambak. Dene ancase MARANI pepadhang mau yakuwi supaya cetha apa sing ditindakne kuwi kersane Gusti. Ancase piwulang kuwi mengkene, sapa wae sing tumindak’e apik mesti ora isin menawa konangan liyan, dene menawa tumindake ora apik,ora bener lan pener ana ing ngarsane Gusti, mesti isin lan wegah utawa wedi konangan liyan.


Mungsuhe MIGRAIN


Tumindak apik utawa manut kersane Gusti, utawa lumaku ing pepadhang kuwi sejatine mayar, menawa gelem lan kuwi apik, merga diumpamakne kayadene MARANI pepadhnag. Dene kosok baline, sing sapa wae tumindake ora wani utawa wedi konangan liyan, kuwi patur disujanani, apa bener kuwi tumindak apik lan kuwi MARANI pepetheng. Kabeh kuwi mbalik marang pribadine dewe-dewe, lan lumantar tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki, muga-muga sing pada maos njur sadhar lan ngilo lelakone urip sing wus kawuri, apa ya tansah lumaku MARANI pepadhang utawa malah kosok baline, lumaku MARANI pepeteng.

“Lik, lha mau bengi seka rapat kok tekan ngomah suwene ngeram, ndadak ngandi?” Takone Nduk I’in esuk kuwi marang Lik Ndoleng.
“Hmm..anu..hmmm…anu In…lha ngop…” Semaure Lik Ndoleng sajak gragapan merga disrobot Dalijo cluluk.
“Yo mesti wae mulih seka rapat sanajan jarak’e mung sekilo isa rongjam, wong nembe kreatip, menggunakan kesempatan dalam kesempitan” Dalijo semaur sajak rada sinis.
“Lho, lha piye ta kang Dal, maksutmu piye?” Nduk I’in sansaya kepo, jare nom-noman milenial..
“Hehe..kang Markun kan dines luar kota ta In…”Dalijo semaur meneh sajak nguncalne isu hangat.
“Weladalah, jebul ndadak mapir warunge Yu Wasti ta Lik?Mumpung kang Markun dines luar kota?” Sajak sewot I’in nanggepi polah tngkahe pakne cilik.
“Yuh…wong mung tuku rokok, njur ana Siwo Jagatirto karo Siwo Tumijem, mula aku ngombyongi rembugan”, Semaure Lik Ndoleng.
“Lha mung ngono wae kok wangsulane plekak-plekuk kaya Blekok ngesir lanangan ta Lik?Mbok ya sareh wae, yen tumindakmu apik, ngapa ndadak isin, ananging yen ora apik, lumrah yen sempulitan. Jare “mbahe”, tumindak apik kuwi kayadene lumaku MARANI pepadhang, dene sing sempulitan kuwi kaya dene MARANI pepeteng. Mulane saiki paklik rasakne, sing dilakoni mau bengi kuwi klebu MARANI pepadhang apa pepeteng”, Nduk I’in kojah sakndayak abuh, persis ijasah kotbah neng tipi-tipi kae..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH