Selasa, 30 Juli 2019

WANUH


Selasa Legi 30 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Klik Wae Ben
WANUH


Hosea 6:1-10
Jabur 44
Mateus 7:6, 12-14
Aku mundhut katresnanmu sing tetep, dudu kurban kéwan. Aku luwih seneng yèn umat-Ku wanuh karo Aku, ketimbang karo kasaosan kurban obongan” Hosea 6:6

WANUH kuwi beda karo ngerti. Yen ngerti kuwi mung winates ing tata paningal lan nalar, dene yen bab WANUH kuwi ya tata paningal,tata rasa lan tata nalar. WANUH kuwih jere pangertene lan luwih suwe prosese supaya isa WANUH. Sakdurunge WANUH, kudune ya ngerti, dene ngerti kuwi isa lumantar nyawang lan ngrungu. Mula saka kuwi, ing antarane WANUH, Ngerti lan Krungu kuwi sawijining kahanan sing hara bisa dipisah,merga kabeh ana gandeng cenenge siji lan sijine.

Piwulange Gusti Allah lumantar nabi Hosea menehi pangerten sing gambling kanggo sapa wae. Ing kana Gusti nerangake yen katresnan kuwi ora mung ana ing tata pangerten, sing mung mligi bab tata paningala lan pangrungon, ananging kudu nganggo tata rasa lan nalar. Merga ngerti mung winates ing nalar, mula akeh wong sing ngibadah mung minangka srana “ngapusi”. Lho kok ngapusi? Iya, merga akeh sing nduwe anggepan, ngibadah kuwi sing penting sing katon, dene babaagan  rasa lan tumindak kuwi urusan keri.  Mula saka kuwi, pangandikan Gusti pas banget, ora munging jamane nabi Hosea, ananging ya ing dina iki.
Gusti ngersakne katresanane menungsa kuwi sing gumatok ing urip, ora mung winates ing kurban (persembahan/pisungsung), ananging ya bab WANUH, yakuwi mengerteni Gusti luwih jero lan manteb. Kaya sing tinulis ing nduwur, merga mung ngerti lumantar paningal lan ora nganggo rasa lan nalar, mula ya nganggepe nalika ngibadah kuwi sing dimangerteni wong akeh, cukup. Kamangka tumrap Gusti, ngibadah sing sejati kuwi nalika isa “Nresnani” Panjenengane kanthi total.

WANUH


Ing jaman saiki ya ora sithik sing kena sasaran kritikane Gusti lumantar Hosea. Ngibadah utama beragama kuwi sing penting sing isa katon utawa disawang liyan, bab tumindak manut kersane Gusti apa ora kuwi, urusan keri. Mula saka kuwi, neng jaman saiki, mirunggan neng ngindonesa, sanadyan papan pangibadah akeh, ananging tumindak ala lan ndadekne kapitunane liyan ya nggladeg. Ora jaminan sansaya akeh papan ngibadah sansaya akeh wong tumindak apik. Kuwi merga apa? Merga ngibadah mung men dialem dadi wong sing beriman lan bertagwa secara panyawang, ora minangka lakuning urip/.

Akeh sing sejatine ora (durung? WANUH karo Gusti, mung ngerti,kuwi wae ora sinau dewe lan mbudidaya ngerti dewe, njaluk diwulang lan ya kudu manut karepe atine. Klebu sing maca tulisan iki, ya ora sithik sing mung ngerti bab Gusti lan tata panguripan sing dikersakne, lan durung sarta wegah sinau WANUH sing saktemene. Sing mesam-mesem kuwi sing isa rumangsa..hehe

“Jo, wingi aku pisungsung pangucap sokur  kok ora diwartakne ya?”Lik Ndoleng cluluk karo Dalijo.
“Yo malah apik ta Lik..”Semaure Dalijo, karo kriyip-kriyip,merga jik ngantuk,sebabe mulih wis wayah subuh.
“Weh, lha mengko pada ora mangerteni yen aku pisungsung,lan tujuanku ben okeh sing melu kaya aku” Lik Ndoleng jik sajak kuciwa.
“Pisungsung kok njaluk diwartakne, kaya bocah cilik wae, nggambar elek jik kon ngalem..blegermu tuwek lik, jebul pikiranmu bocah!”Ujug-ujug Nduk I’in melu semaur, kamangka nembe teka seka kali,umbah-umbah.
“:Asembb..kweleh meneh..”Batine Lik Ndoleng.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH