Selasa
Wage 23 Juli 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
ORA LUPUT |
Amos
8:13-9:4
Jabur
119:17-32
Mateus
6:7-15
“Yèn
kowé ngapura wong sing keluputan marang kowé, Ramamu ing swarga iya bakal
ngapura keluputanmu. Nanging menawa kowé ora ngapura
keluputané wong liya, Ramamu ing swarga iya ora bakal ngapura keluputanmu.”
Tegese tembung LUPUT kuwi pirang-pirang, isa
ateges salah, isa ateges ucul utawa wal saka ing kahanan tartemtu, isa nandhang
cilaka lan uga isa ateges disalahke. Merga saka akehe arti utawa tegese tembung
LUPUT, mula ing tulisan iki mung arep ndak jupuk siji wae, yakuwi LUPUT sing
tegese sabarang kang ora pas utawa ora pener. LUPUT kuwi wis dadi “jati diri”
menungsa sakwise tumiba ing dosa, ora ana siji-sijia menungsa sing ora LUPUT,
sakliyane Gusti Yesus. Merga saka kahanan kaya mengkene iki, ana ing piwulange
bab “Ndonga” , Gusti Yesus kanthi gambling nglebokake bab LUPUT ana ing
sakjroning “pola doa “ sing diwulangke.
“…yen kowe ngapura wong sing keLUPUTan marang
kowe, Ramamu ya ngapura kaLUPUTanmu.. Nanging
menawa kowe ora ngapura kaLUPUTane wong liya…Ramamu ing swarga iya ora
bakal ngapura kaLUPUTanmu” Seka tembung ing formula Donga Rama Kawula kuwi
jelas, cetha wela-wela yen menungsa (klebu sing nulis lan sing maca tulisan
iki) kuwi winengku ing dosa, mula lumrah yen tumindak klora-kleru,salah lan
LUPUT. Sing didadekne prioritas piwulange Gusti ing donga kuwi ora bab
kasampurnane urip, ning bab ngapura LUPUTing liyan. Ngapura LUPUT’e liyan kuwi
dadi syarat mutlak kanggo Sang Rama ya ngapura LUPUT’e dewe. Yen dirasakne
unine piwulange Gusti iki kaya pengancem, merga yen ORA NGAPURA LUPUT’E Liyan,
LUPUT’e dewe ya ora arep diapura Gusti.
Urip bebarengan karo liyan kuwi mesti wae kereb
ana klera-klerune, Lupat-LUPUTe, kuwi wis lumrah utawa wajar. Mula saka kuwi,
piwulange Gusti Yesus lumantar pandonga Rama Kawula nandesake, pada
ngapura-ingapura’a LUPUT, merga kabeh kuwi ora ana sing sampurna. Yen ana wong
sing ora gelem ngapura LUPUT’e liyan, ya ora apa-apa, kuwi pilihane uripe,
ananging yen sakmengko kabeh LUPUT ing uripe ora diapura dening Sang Rama, ya
aja nggresula,aja getun lan kudu ditampani, kamangka yen ora diapura Gusti kuwi
papane wis jelas, ORA BAKALAN KARO GUSTI YESUS SELAWASE!
“Jo, yen ketemu pak erte omongna. Aku ra arep
ertenan nganti kukut jagad’e!” Sore kuwi Lik Ndoleng nesu lan duka yayah
sinipi.
“Weh, sik Lik..lha iki ketemu pirang perkara
kok ujug-ujug nesu kaya mengkene, lha erte kene nduwe salah apa karo sampeyan?Lan
uga apa sampeyan bener dewe terus kok gampang temen lehmu nesu, sanadyan ya ora
sah kulak’an?” Dalijo nyauri sareh kaya banyu tlogo wayah tengah wengi.
“Pokok’e..iki urip-uripke dewe, hakku dewe, aku
arep ngapa-ngapa ya hakku dewe! Rumangsane aku ki babu apa, sithik-sithik
dikon, sithik-sithik dikon, aku ki sapa apa pada ora ngerti !! Trahe Raden Mas
Ki Gede Kandane!” Lik Ndoleng sansaya ndadi nesune.
“Kang, kuwi lak mergane olok-olok’an neng grup
WA para bapak-bapak, lha ana sing nylemong, yen nyambut gawe ya kudu adil, aja
mung dudang-duding wae, tur tekane keri dewe lan mulihe disik dewe, yen
wedangan okeh dewe,lan pacitan njaluk diistimewakne. Kuwi kabeh kan paklik sing
nglakoni, mula njur nesu!” Nduk I’in njlentrehake mula-bukane Lik Ndoleng nesu.
“Oalah Lik, jebul kaya mengkono sejarahe. Aja gampang
nesu Lik, sing amba kaya samodra ati lan rasamu, apuranen LUPUTe liya, merga
kuwi sing ndadekne LUPUTe awake dewe ya diapura Gusti” Dalijo kaya padatan,
sesorah kaya kotbah.
Mbahe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar