Jumat, 19 Juli 2019

NYEBRANG


Jemuah Kliwon 19 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NYEBRANGA!


Amos 5:18-27
Jabur 52
Mateus 5:43-48
“Awit yèn kowé mung nresnani marang wong sing tresna marang kowé, apa preluné Gusti Allah males penggawému kuwi? Apa wong sing karem bandha uga ora tumindak mengkono? Lan yèn kowé awèh salam mung marang kanca-kancamu waé, kaluwihanmu apa? Wong sing ora wanuh marang Gusti Allah rak iya padha tumindak mengkono!” Mateus 5:46-47

NYEBRANG utawa ana uga sing ngarani Nyabrang, kuwi mujudake tumindak kanggo alihan utawa pindah, ananging ora kaya alihan marang papan liya sing lumrah, sebab NYEBRANG kuwi mesti wani ngliwati sing ora lumrah. Bab NYEBRANG kuwi bisa ngliwati segara,kali,jurang lan uga dalan. Mula saka kuwi, tembung NYEBRANG luwih nduweni “spirit” mbebayani tinimbang tembung ngliwati. Sapa wae yen wis isa NYEBRANG kuwi wis isa nelukake sawernane kahanan sing racak’e medeni utawa nggegirisi, kayata yen wis wani NYEBRANG dalan rame lan wilujeng, kuwi tegese wis isa nelukake apa wae sing dadi pengancem sing neng ndalan kuwi. Yen NYEBRANG jurang sing jeru tur ya jarak’e adoh, sapa wae sing wani lan isa tumeka ing sebrang, tegese wis wani lan bisa nelukake sawernane rasa kuwi mau.

Tembung NYEBRANG ora mung nduweni teges “denotatif”, utawa teges sing asli, merga tembung NYEBRANG isa uga digunakne neng ukara lan kahanan sing beda. Kaya piwulange Gusti Yesus neng Injil Mateus, sing dadi wacan Injil neng dina iki. Neng kana ana piwulang sing isa diarani “nglawan arus”, lha penere kepiye kok isa diarani nglawan arus kuwi? Lha yen piwulangt sing biasa kan menawa diantemi ya kudu mbales ngantemi, menawa didugang ya kudu males ndugang, yen mbiyen disumbang ya kudu nyumbang nalika ngulemi lan sakbanjure, pokok’e ukume mung wales-winalesan. Ing kahanan kaya mengkono iku Gusti Yesus maringi piwulang sing nglawan arus. Yen mung tumindak apik karo sing nate tumindak apik wae, kabeh wong isa, yen mung nyumbang marang sing nate nyumbang wae, mayar,kabeh menungsa isa, yen mung ngadiahi wong sing dadi kesenengane, kabeh menus isa,mayar kuwi! Ananging sapa sing wani lan gelem, menehi hadiah marang wong sing nglarani atine, mbayari mangan marang wong sing nggethingi lan sakpanunggalane?Hayo, sapa sing maos tulisan iki tansah tumindak kaya sing dikersakne Gusti Yesus, isa nulis neng kolom komentar, mengko ana hadiahe!Hehehe..

LUDIRA INGGIL


Piwulange Gusti Yesus mesti nglawan arus, mbedani karo kahanan sing klakon, ananging ancas utawa tujuane mesti marang bab sing luwih apik. Dieling marang  bab sing luwih apik, dudu sing luwih ndadekne marem! Yen mung marahi marem wae, kabeh menungsa isa, lan kuwi isa diarani watak sing “mbocahi” dudu watak bocah lho ya..hehe
Mula saka kuwi, ayo saiki pada nindakne apa wae sing dadi kersane Gusti, dudu sing dadi kekarepane dewe. Titikane mung mayar lho, kersane Gusti kuwi mesti neng sebrange kekarepan kamanungsan, mula saben tumindak sing “nglawan”  utawa NYEBRANG kekarepan kamanungsan utawa kadagingan, kuwi tegese nindakne kersane Gusti.

“Apa kuwi In?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi nembe lungguhan neng Lincak Sor Talok, nyawang mbulan sing bundere kaya duwit mangatus repes.
“Mbungkus kado Lik, kanca kenthelku sesuk ultah” Semaure Nduk I’in sajak ora patia nggagas Lik Ndoleng.
“Wah, hebat kowe In, perhatian!” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Manut aku ora Lik, ora hebat. Kabeh isa yen mung ngek’I hadiah marang sing disenengi. Njajal, kowe gelem ora In, ngadiahi sapa wae sing sengit karo kowe?” Dalijo melu urun pitakonan.
“Horaaaa sudiii!! Ngapa ngaturi hadiah marang sing gething lan sengit karo aku, mbahu temen!! “Karo congal-cangil, I’in wangsulan.
“Apik In, kowe jik lumrahe menungsa jaman saiki, geleme menehi marang sapa sing disenengi, rung wani NYEBRANG!Menehei hadiah sing sengit karo sliramu” Dalijo  ngomong sajak kaya Begawan Kawanan. Dene Lik Ndoleng malah merem-merem, mbuh bablas turu, lan Nduk I’in ngowoh sajak ora percaya!

Mbahe!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH