Minggu, 14 Juli 2019

NGLAKONI


Minggu Kliwon 14 Juli 2019
BENINGE EMBUM ESUK

IKI LAKONANA


Pangandaring Toret 30:9-14
Jabur 25:1-10
Kolose 1:1-14
Lukas 10:25-27
“Ahli Torèt mau mangsuli: “Inggih tiyang ingkang nindakaken kawelasan dhateng tiyang ingkang dipun bégal menika.” Pangandikané Gusti Yésus: “Wis, mundura, lan nglakonana mengkono uga.” Lukas 10:37

Ngelmu kuwi kelakone kanthi Laku, kuwi unine piwulang luhur sing tegese kurang luwih mangkene, apa wae isa klakon nalika dilakoni, dene sapa wae sing ngayahe lumakune ngelmu kuwi isa diarani NGLAKONI. Saka ukara iki sansaya padang isa disawang utawa dimangerteni yen apa wae pangerten kuwi isane mawujud mung nalika dialkoni. Lan sakdurunge dilakoni, mesti dimangerteni, dene isane mangerteni kuwi nalika disinaoni lan lumebu ing alaming pikir. Samubarang pangerten sing mung mondok neng pikiran, kuwi ora ana paedahe babar pisan, kanggo awak’e dewe apa meneh kanggo liyan, mulane supaya migunani sabarang sing dimangerteni kuwi kudu dilakoni supaya isa diarani wong sing nembe NGLAKONI.

Piwulange Gusti Yesus ing dina iki, mirunggan neng Injil Lukas bab 10 ayat 25-37 maringi pepadang kanggo uriping kapercayane sapa wae sing maca tulisan iki…Neng crita kuwi ana pitakonan saka ahlining toret,sing kondang kawentar bab angone ngerti piwulang luhur Kitab Suci. Rumangsa yen wis sampurna bab pangertene, mula njur takon (tujuane nyoba Gusti Yesus, bab carane entuk jatining urip langgeng. Diwangsuli dening Gusti supaya manut piwulange Kitab suci, lan neng kana ana perangan piwulang bab nresnani sakpepadha. Ing bab iki njur pada meh enda, nalika ditakoni sapa sejatine sakpepadhane. Iki klakon merga para ahlining toret kuwi mung nganggep sing diarani sakpepadhane kuwi mung sing manut karepe,mulane njur Gusti ngeplak lumantar pasemon, ing kana ana crita bab wong samaria sing apik atine. Isa diarani apik atine merga dewekne NGLAKONI tumindak apik. Mokal isa tumindak apik menawa ora mangerteni endi sing apik lan ala, mula isa didudut kesimpulan yen sejatine wong Samaria kuwi ya ngerti babagan piwulange Kitab Suci.

Mung sapa sing NGLAKONI kang bakal ngalami apa sing dikersakne Gusti, yen mung winates ing ngerteni wae, mokal bakal ngalami. Kaya dene ngerti yen Lombok kuwi pedes, ananging durung nate ngrasakne, semono uda bab uriping kapercayan. Apala Kitab suci, ngertia piwulang luhur, ananging yen ora dilakoni, muspra tanpa guna. Mula saka kuwi, aja pada nglokro anggone sinau piwulang apik saka Kitab Suci lan enggal lakonana, cikben isa ngrasakne mujijate Gusti.

OBAT JERAWAT


“Piye Jo, lancar usahamu?” Takone Lik Ndoleng nalika lagi pada theng-thengcrit, thenguk-thenguk crita, ana neng sor talok latar sisih kulon omah.
“Jos Lik..esipp..egutt..”Wangsulane Dalijo sajak sumringah, kaya nalika mbiyen bubar nyawang Tarsi..
“Weh, carane piye kang, kok isa egut lane sip kuwi?” Nduk I’in melu nyoal-nyael,nalika nembe bubar adus, merga nembe mulih seka pikenik neng ngayogjakarto hadiningrat.
“Mayar wae In, disinaoni lan sakwise ngerti njur dilakoni. Aku mung pengen NGLAKONI apa sing takmangerteni, supaya isa ngalami..”Semaure Dalijo, sinambi nyruput kopine lan bablas nyumet djarumsupere.
“Weh, mayar ya Jo jan-jane, mung kari ngerti njur nglakoni” Lik Ndoleng sajak gumun.
“Yoii..mula ndang sinauo,lan lakonana Lik” Wangsulane Dalijo, dene Nduk I’in malah lungguh neng lincak, kebablasen turu,mbuh merga kesele..

Mbah’e

“Yen rumangsa migunani, dumen karo sapa wae lumantar media sosial ya, ben akeh sing antuk perkara apik saka Kitab Suci”

Ttd
Dalijo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH