Senin, 01 Juli 2019

PAS


Senen Paing 1 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI SING PAS


2 Para Raja 2:15-22
Jabur 75
Markus  12:13-17
Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.” Markus 12:17

Sing diarani PAS kuwi kahanan sing ora kurang lan ora luwih. Yen ana luwih apa kurang, mbok’a kuwi mung sesenti paribasan ukuran lan se-sen yen kuwi duwit, kuwi ora bias diarani PAS. Sanadyan mung telung hurup, P,A lan S, ananging cak-cak’ane ara mayar kaya nulis hurup PAS. Isane ora mayar kuwi merga kabeh kudu manut  pranatan sing ana lan uga rasa sing dirasa. PAS manut penemune durung mesti PAS tumrap liyan,mula ing kene rasa pangrasa sing kudu diajak “rembugan” cikben isa lumaku kanti becik lan prayoga.

Bab PAS kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus. Nalika nembe mulang wong akeh, ana sakperangan wong Yahudi sing usil tur ya njelehi, pengen nyoba Gusti Yesus, yakuwi bab duwit. Pitakonane sederhana, ning kebak talining panjiret, yakuwi pareng ora nyaosi raja. Gusti pirsa yen kuwi  “kala panjirete” wong Yahudi, mula ya kanthi enteng lan sareh diwagsuli. Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane. Caos lan nyaosi manut apa sing dadi hak lan jatahe kuwi sing PAS. Yen kudu mbayar pajek, ya bayaren, yen kudu pisungsung marang Gusti, kanggo pakaryane Gusti, ya lakonana. Aja njomplang, aja gecol,aja botsih..kuwi kabeh ora penak,ora nyaman,ora nuntun marang katentreman.

PAS


Ana ing urip padinan, kerep klakonyen wong-wong kuwi seneng dialem. Katone atur panuwun ning ora kagem Gusti, ning mung supaya entuk pangalembana, njaluk didongakne, njaluk disebut jenenge. Lan kuwi kabeh yen dirasa, ora PAS karo kersane Gusti. Yen pengen PAS, coba etungen, apa sing mbok caosku kuwi bener kanggo pakaryane Gsuti, apa supaya oleh pangalembana?Sing ngerti mung atimu dewe-dewe. Kanggo conto, nalika nganakne Bidston kae, pisungsung kagem pakaryane Gusti karo kanggo makani tamu okeh endi? Malah kala-kala lali karo Gusti, sing penting entuk pangalembana, dialem wong sakdesa. Kuwi kabeh ora PAS..njomplang..gecol!

“Lik, entuk salam” Dalijo rada kawanan tangi, njur weruh Lik Ndoleng ngopi banjur nyusul.
“Seka sapa?”Wangsulane Lik Ndoleng, ya cekak.
“Seka Yu Wasti ya kang Dal?” Ujug-ujug, kaya adad’e, Nduk I’in nyoal-nyael kaya uceng weruh cacing neng pancing.
“Crigis In, apa-apa kok mbok gathukne bab Wasti..pisan-pisan mantanmu..”Lik Ndoleng njajal ngoso I’in.
“Weh, iyo lho Lik..salame seka Yu Wasti..”Dalijo semaur..lan Lik Ndoleng sajak gluwah-gluweh kaya manuk dara bubar ngendog.
“Hmmm..iki kurang PAS cah..saben-saben njarag lan ngece kok mung aku sing dadi sasaran” Sambate Lik Ndoleng.
“Haiyahh..sejatine ya seneng we..PAS karo kahanane atimu kan Lik?”Pangecene Dalijo.
“Lambemu Jooo…” Wangsulane Lik Ndoleng, sinambi nyumet pituneme..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH