Rabu, 03 Juli 2019

YAKIN


Rebo Wage 3 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

YAKIN


2 Para Raja 4:1-7
Jabur 75
Mateus 10 : 16-25
“Kowé lan anak-anakmu banjur mlebua ing omah, lawangé kancingen. Lenga ing botolmu mau banjur esoken ing botol-botol kothong; sing wis kebak dhèwèkna” 2 Para Raja 4:4

Ora sithik wong sing kenal karo tembung YAKIN utawa percaya. Merga ya mung gampang anggone muni lan uga yen dikon nulis. Malah ana neng wilayah agama, tembung YAKIN kuwi kaya dadi “kata kunci” sing saben wayah kudu diomongke. Lha apa salah? Ora! Ora salah! Mung wae apa ya YAKIN kuwi mung sakderma omongan?Njur kaya ngapa carane nglakonine? Supayane ora bablas bingung, mulane BENINGE EMBUN ESUK arep ngajak dolan sapa wae sing maca tulisan iki. Dolan ngandi?Gratis?Hmmmm…saben ana tembung dolan senenge ngeram, pomeneh yen gratis..Oiya..iki pikenik utawa dolan gratis ding..mula ayo ndang cecawis..

Ana crita neng Kitab Suci, nalika semana nabi Elisa nembe tindak lan tekan salah sawijining desa. Ing kana ana randa merga bojone wis balik marang klanggengan. Uripe mung karo anak’e  loro. Brayate mbok randa kuwi nembe ngadepi masalah, yakuwi utang kang gede lan wis ora duwe banda kanggo nyaur. Merga saka kahanan kuwi, njur sing motangke arep njupuk anak’e kabeh. Iba susahe simbok randa kuwi,kamangka duwene mung lengga zaitun, kuwi wae mung sebotol cilik. Mirsa kahanan kaya mengkono kuwi nabi Elisa njur ndhawuhi simbok randa nyilih botol kosong marang tangga tepatone, kabeh disilihi nganti sedesa entek. Bubar kuwi nabi Elisa ndhawuhi simbok randa mlebu omah karo anak-anak’e lan lawange dikancingi. Neng njero omah nyilingi lenga zaitun seka botol cuiluiiiikkk mau neng botol-botol sing kotong. Elok’e lengane ora entek-entek, nembe entek bareng botol pungkasan kebak.

Apa sing klakon ana ing uripe mbok randa kuwi isa diarani mujijat, lan klakone mung sederhana. Percaya utawa YAKIN!! Simbok randa ora protes nalika dikon nyilih botol, ora nesu nalika dikon nyilingi lenga sing mung sebotol cilik. Apa sing dilakoni deneng mbok randa kuwi sing diarani YAKIN, percaya. Mbok randa isa wae protes lan ngamuk, wong lenga sithik kok kon nyilih botol kotong, seka ngendi nalare. Iki sing mbedakne, percaya kuwi jalure beda karo nalar, lan wong jaman saiki luwih seneng milih “RUTE” nalar tinimbang rute YAKIN utawa percaya. Wong saiki kabeh rumangsa pinter, kokean mikir ananging wegah utawa sithik tumindak, rame ing pikiran sepi ing pakaryan! Mula sing prayoga, ayo nulada simbok randa, merga kabeh nduweni masalah sing meh pada karo simbok randa. Carane? Yen ana tawaran, tampa wae,lakoni kanthi YAKIN. Wis kuwi wae ya..ndang gek ditutne rembugane brayate Lik Ndoleng.

OBAT LARA UNTU


“Jo, aku kuwi nggumun, kok mbok randa neng crita Kitab Suci kuwi isa YAKIN lan nglakoni lan sakbanjure ngalami mujijat ya?” Lik Ndoleng sajak nggumun setahun lan njembleng serendheng.
“Lha saiki  ya isa lho Lik, syarate mung mayar. Lakonono apa sing dadi kersane Gusti” semaure Dalijo.
“Lha sing endi kersane Gusti kuwi ta kang?” Nduk I’in melu nyoal-nyael,kaya padatan.
“Hehe..saben wayah Gusti maringi dalaning berkah, ning awake dewe kokean mikir,kokean tetimbangan lan uga kokean ALESA. Sesuk wae, aja saiki, aku ngenteni iki rampung, aku ora isa,kuwi dudu donyaku..lan sakpanunggalane kuwi sing marakne ora nate ngalami mujijat. Yen ana tawaran apik melu wae, lakoni kanthi YAKIN.” Dalijo njlentrehne kaya pilsup.
“Weh, lha mbiyen kok Tarsi ora mbok ngonokne ben klakon Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Hushh..mbiyen rung ngerti sing sakbener bab YAKIN kuwi Lik..” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere..

Mbah’e..



2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH