Kamis, 04 Juli 2019

NYUGATA


Kemis Kliwon 4 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

PASUGATAN APIK


2 Para Raja 4 : 8-17
Jabur 30
Markus 12 :28b-34
“Wong wadon kuwi kandha karo sing lanang, “Kula yakin, yèn tiyang sing damelé mampir mriki nika abdiné Allah. Saéné gawé kamar cilik ing payon, di sukani dipan, méja, kursi lan lampu; kajengé piyambaké samasa mampir mriki saged sipeng.” 2 Para Raja 4:9-10

NYUGATA kuwi asale seka tembung SUGATA sing tegese ngaturi apa sing dadi kabutuhan sing nembe ana ing omahe utawa uripe. Tembung NYUGATA kuwi isa uga diarani Nyuguh, sing tegese ya pada, ngaturi sabarang darbek’e marang sing nembe mertamu ana ing omahe utawa uripe. Amarga nyuguh utawa NYUGATA kuwi ora mung klawan tembung, mulane ya yen ana sing rawuh lan disugata kuwi mesti bakal “kelangan”. Lha bab kelangan iki sing sok-sok dadi perkara sing ngganjel ana ing uripe menungsa, merga racak’e menungsa (klebu sing maca iki..hehe) wegah kelangan, senenge nampa…

Ana crita sing jian mantul..opss..kaya bocah milenial wae, mantul…anu wae..ana crita sing apik banget kanggo kaca pangilon tumrap urip ing jaman saiki. Iki crita seka lelampahane nabi Elisa, sing pakaryane mubeng neng ngendi-endi papan kanggo nindakne dhawuhe Gusti. Salah siji papan sing dirawuhi nabi Elisa yakuwi kutha Sunem..(sstt..dudu jeneng wong laho…dudu Sunem bojone kang Madya…). Ing kutha Sunem nabi Elisa tansah disugata dening brayat, sing ndilalah durung pikantuk momongan, sanadyan wis suwii anggone omah-omah. Lha sing uapik, merga ngerti yen Elisa kuwi nabi, mula brayat sing sugih kuwi banjur nyawiske apa sing dibutuhke nabi Elisa. Braya sugih kuwi ora pelit, ora nunggu rapat, pomeneh nunggu liyane cawe-cawe, mula banjur nggawe KAMAR CILIK kang dipanggonke ana ing PAYON. Kuwi carane brayat sugih mau NYUGATA nabi Elisa. Lho kok mung kamare cilik? Iya, merga jumbuh karo kabutuhane nabi Elisa. Ananging sanadyan cilik, mapane ora neng pekiwan,ora neng nggudang, ora dikontrakne..hehe..dipapanke NENG PAYON, tegese neng nduwur. Iki sanepa yen brayat kuwi sanadyan sugih,ananging ora ngremehake nabi, mula ya dimirungganke.


JAGANEN SEHATMU

 
Rumangsa disugata pol-polan, mula njur tuwuh pitakonan ana ing batine nabi Elisa, kira-kira apa sing dibutuhne  mirunggan brayat kuwi. Lha jebul bareng bar konkonan abdine, brayat kuwi durung pinaringan putra. Sakwise ditimbali nabi Elisa, banjur ditakoni piye carane mbales pakaryan apik brayat kuwi, lha mangsuli yen ora butuh apa-apa merga aman lan kecukupan. Sing luwih nggatekne malah Gehazi, abdine nabi Elisa, yen brayat kuwi rung duwe anak, mula banjur didongani dening nabi Elisa, yen setahun meneh balalan nduweni momongan, lan klakon temenan sakwise setahun.
Saka crita mau, ana piwulang apiki sing isa dilakoni ing jaman saiki. Sepisan, brayat kuwi mapanake nabi Elisa minangka abdine Allah ana ing papan kang sinengker, ping pindone brayat seka kutha Sunem kuwi ora nyuwun apa-apa sanadyan wis NYUGATA, malah apa sing dadi kebutuhan pokok’e wong liya sing ngaturke marang Gusti, lumantar nabine, kaping telune brayat mau anggone ngajeni nabi Elisa tulus iklas, ora mung lamis…mbokmenawa beda karo jaman saiki, akeh sing pada lamis yen NYUGATA nabine Gusti..

“Lik, sinau kaya brayat ing kutha Sunem , crita neng Kitab Suci kuwi angel ya?” Takone Nduk I’in, sakwise maca BENINGE EMBUN ESUK.
“Wah, kuwi kan mung crita Kitab Suci ta In..mbuh klakone..”Lik Ndoleng anggone semaur ya mung sakrasane.
“Weh, aja sembrana Lik..jawaban sampeyan kuwi lak mung merga wegah kon nulada Kitab Suci, nulada carane NYUGATA brayat ing kutha Sunem kuwi ta? Kuwi merga pikiranmu sing pelit Lik..owel andum inganduman, ora gelem tulus ngajeniliyan lan uga utusane Gusti Allah..”Dalijo sajak umub prasaane merga wangsulane Lik Ndoleng.
“Weh, apa luput Jo sikepku?” Takone Lik Ndoleng.
“Rasakne neng telenging batinmu Lik, apa lehmu NYUGATA Gusti lumantar nabine kuwi wis trep apa durung. Sik tak mangkat ngarit..” Wangsulane Dalijo, njur mak klepat lunga..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH