Kamis, 18 Juli 2019

NGEMBAN


Kemis Wage 18 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Amos 5:10-17
Jabur 52
Mateus 5:38-42
“Angger-anggeré Nabi Musa nyebutaké mengkéné: Sapa sing ngrusak mripat, kudu genti dirusak mripaté lan sing ngrusak untu, kudu genti dirusak untuné. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Aja males marang wong sing gawé piala marang kowé. Malah yèn ana wong napuk pipimu tengen, karebèn napuk pipimu kiwa pisan.” Mateus 5:38-39

Piwulang Kitab suci sing dadi ayat nats ing dina iki, Kemis Wage 18 Juli 2019, klebu ayat populer lan merga saka kuwi, kereb dadi ayat “andalan”. Merga dadi ayat andalan, mula ora sithik wong sing seneng lan apal karo ayat nats kuwi, sanadyan bab nindakne utawa nglakoni durung tembu manut kersane sing paring piwulang. Neng nats kuwi diwulangake kudu kepiye tumindak sing bener nalika ngadepi kahanan sing ora dadi kekarepane. Yen mung disawang saka siish netepi angger-anggering nabi Musa, kayane apa sing dadi piwulange Gusti Yesus kuwi klebu nglawan. Isa diarani nglawa, merga kudu tumindak beda kaya sing diwulangke nabi Musa.

Nglakoni urip mbales tumindak sing pada kuwi yen dirasakne penak utawa mayar, annaging kuwi yen bab apik. Yen kuwi bab sing ora apik, njur pada wales-winalesan, sing bakalan klakon yakuwi ora isa ana rampunge. Mirsani kahanan kaya mengkene iki, Gusti Yesus maringi piwulang sing jian nyleneh, yakuwi aja mbales sawernaning tumindak ala sing dilakoni liyan. Ora mung tekan semono, malah yen ana sing njaluk siji dikon menehi loro, ana sing ngeplak pipi sisih kiwa, pipi sisih tengen kon menehake. Saka piwulang iki isa dijupuk pasinaon, supaya sabarang tumindak ala isa dindegne, merga yen manut angger-anggere nabi Musa, kudu dibales, ora bakal ana rampunge.

Sanadyan iki piwulang luhur an lumantar netepi piwulang iki kahanan urip bebarengan isa luwih rukun lan nyenengake, ananging bab nindakne ora gampang. ora sithik wong sing jik abot ninggal kesempatan marem isa mbales tumindak ala liyan ana ing uripe. Ananging, abota kaya ngapa, kudu dicoba dilakoni, supaya urip bebarengan iki sansaya kepenak kahanane.

“Jo, iki kok BENINGE EMBUN ESUK ora nyinggung babar blas temane ya?”Lik Ndoleng sajak bingung,njur nakoni Dalijo.
“Yen tema la nisi langsung gathuk, ora ndadekne pinter Lik, iki kayane dijak mikir karo mbah’e?” Wangsulane Dalijo.
“Badalah, aku ya bingung Kang..iki kok blas ora ana gandengane tema karo isine?”Nduk I’in ngetokne yen ora gelem mikir, geleme mung ngecakne duit blanjan.
“Jale, kowe ngerti ora Jo, karepe tulisan dina iki?” Lik Ndoleng takon.
“Iki kuwi karepe, awake dewe kudu siap asikep kaya wong tuwa sing nembe NGEMBAN cah cilik,utawa bayi kae. Arepa polah kaya ngapa, tetep diemban, ngompol, nggrawus lan njerit, tetep diemban, tujuane apik, sinartan diemban njur dituturi. Iki apik tumrap uripe dewe bebarengan iki, dilaranana kaya ngapa, aja mbales, dipaido kaya ngapa aja mbales, pokok’e persis patrape wong NGEMBAN kaw” Dalijo aweh wangsulan.
“Jian, wasismen kowe Jo…kalut aku, eh salut aku..hehe” Lik Ndoleng ngelem Dalijo karo pelngah-plengeh kaya Orong-orong ketekan udan.


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH