Senin, 08 Juli 2019

SADHAR


Senen Wage 8 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DALANING SADHAR


2 Para Raja 5:15-19a
Jabur 6
Mateus 5 :1-12
“Naaman karo pengiringé banjur tindak menyang dalemé Nabi Élisa, aturé, “Samenika kula mangertos, bilih ing saalam-donya menika namung wonten Allah setunggal, inggih menika Allah ingkang dipun sembah tiyang Israèl. Pramila Bapak kersaa nampi pisungsung kula menika.” 2 Para Raja 5:15

Yen ditimbang, ing antarane rong perkara iki pancen pada pentinge, ananging bab klakone durung mesti bebarengan. Dene bab loro kuwi yakuwi NGERTI lan SADHAR. Ngerti kuwi luwih mayar tinimbang SADHAR, merga sing diarani ngerti kuwi yakuwi kahanan sing isa klakon merga saka paningal,pangrungon tumrap apa wae sing klakon. dene SADHAR kuwi sakliyane paningal lan pangrungon uga mbutuhne pangrasa cikben isa kelakone.

Crita neng Kitab suci, bab marine senopati Naaman isa dadi kaca pangilon bab ngerti lan SADHAR. Bab ngerti, sejatine nalika Senopati Naaman gelem tindak neng Israel kuwi isa dadi pratanda yen dewekne ngerti bab anane pangwasa sing ngedab-edabi saka Allah’e wong Israel. Pangerten kuwi tuwuh seka inpormasine rewange wadon sing nyambut gawe ana ing omahe. Ananging sanadyan ngerti, Senopati Naaman durung langsung SADHAR, merga nalika nyuwun sehat seka lelarane lan didhawuhi dening Nabi Elisa kungkum neng Bengawan Yarden, malah ngamuk. Dene alesane ngamuk kuwi merga rumangsa yen kali ing negarane luwih resik tinimbang bengawan Yarden. Bareng dirih-rih rewange njur gelem adus lan kuwi sing dadi mergane lelarane Ilang aliyas mari seka lelara.

MARAKNE SADHAR


Bareng lelarane ilang Senapati Naaman nembe SADHAR yen Gusti Allahe wong ngisrael kuwi jian ampuhe ngeram. Lha kepiye ora ampuh, ana wong lara wis mertamba nengndi-ndi papan ora mari-mari, lha bareng manut dhawuhe Nabine sing karan Elisa, mung kon kungkum wae njur mari babarpisan. Kabeh pengalaman mari seka lelara kuwi sing ndadekne Senapati Naaman njur SADHAR. Dadi SADHAR kuwi proses sing luwih rumpil tinimbang ngerti. Wong sing SADHAR mesti ngerti dene wong sing ngerti durung mesti SADHAR.
Lha njur para sedulur sing sok maca BENINGE EMBUN ESUK iki, akeh sing wis pada SADHAR apa durung? Aja-aja mung saderma ngerti, kuwi wae ngerti-ngertinan?Lha sumangga sami dirasak-rasakne, wis padha SADHAR durung?Hehe..

“Jo, ngandi telung ndina ora njedul?Pasa lan semedi neng Sempudenok apa malah pati geni neng Senthong? Aku bingung raisa mangsuli saben ana wong takon bab sliramu..” Esuk kuwi Lik Ndoleng bareng ketemu blegere Dalijo njur nrocos takon bab kahanane sing telungndina ora ngetok.
“Ngrampungke besik tegal Lik, pojok’an cedak kali, cedak wit Kluwih kae sukete okehe ngeram. Ning ya resik-resik tegal sinambi resik-resik pikiran Lik” Semaure Dalijo.
“Lha mbok sapu po mbok pel kang caramu ngresik’I pikiran kuwi?” Nduk I’in kaya padatan, jik hobyne nyoal-nyael yen ana wong caturan.
“Iyo In, tak sapu,pel,babati,tak watun barang malahan. Hehe..jebule saksuwene iki aku mung ngerti yen akeh sing durung pener lan durung SADHAR bab tumindak sing bener tur ya penenr kuwi” Semaure Dalijo.
“Oooo..dadi beda ya Jo, bab ngerti lan SADHAR kuwi? Lagi dong aku..hmm..jebul Wasti kuwi jik ketok manis..lagi SADHAR kau cah..”Lik Ndoleng ndleming bab Yu Wasti.
“Kumooattttt…”Pambengok’e Nduk I’in..


Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH