Rabu, 10 Juli 2019

NJUPUK


Rebo Legi 10 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Iki JUPUK'EN!!


2 Para Raja 6:1-7
Jabur 6
Lukas 10 :13-16
“Nabi Élisa ndangu, “Kecemplungé ana ing endi?” Wong mau banjur nuduhaké panggonané. Nabi Élisa banjur ngethok kayu, diuncalaké mrono. Wadungé banjur kemambang. Pangandikané Nabi Élisa, “Jupuken!” Wongé banjur ngathungaké tangané, wadungé dicandhak.

NJUPUK, yen diwaca lan dirasakne kayane kepenak temenan. NJUPUK kuwi pagawean sing tujuane mindah apa wae saka papan siji neng papan liyane, mirunggan kanggo awake dewe. NJUPUK kuwi yen kahanan sing (katon) nyenengake lan katon  mayar ananging yen babagan sing (rada) rekasa, bituh angele ora njamak. Sapa wae sing maca tulisan iki, yen kon NJUPUK duwit lan apa wae sing dadi kepinginane, mesti rindhik asu digitik, mak klebatt..wussss…Langsung mangkat, ananging yen kudu NJUPUK kanggo liyan, alesane jian uuakehe pollll…

Ana crita sing pas kanggo pangilon ing dina iki, kanggo sapa wae, mirunggan kanggo sedulur-sedulur Brayate BENINGE EMBUN ESUK. Crita kuwi seka Kitab Suci, pernahe neng 2 Para Raja 6. Ing kana dicritakake bab wong akeh sing matur marang nabi, bab “perumahan dinas” sing wis rumpeg,mula kudu nggawe anyar. Mulane pada sowan nabi lan matur arep negori Wit neng ngalas sing cedak gisiking bengawan Yarde. Sakdurunge mangkat, wong akeh ngajak nabi Elisa, kon ndongakne pa arep dijajakne, mbuh, aku ora weruh. Tenan, akhire nabi Elisa nderek lan ndilalah ngonangi bab ilange Wadung salah siji nabi, dene ilange kuwi merga kecemplung kali. Ilange Wadung kuwi ora ndadekne nabi mbudidaya, ee..malah sambat marang nabi Elisa. Sakbanjure nabi Elisa nggolek pang kayu lan diuncalke neng kedung, papan kecemplunge Wadung duweke nabi.

Sing kudu digatekne minangka piwulang luhur ing crita iki, sepisan, wong akeh (jare para nabi) tetep mapanke nabi Elisa minangka “nabi senior” kanggo kabeh pakaryane. Nabi-nabi liyane ora kemaki,kuminter,kumenthus, dupeh wis rumangsa isa (dadi nabi) njur nglirwakne nabi Elisa. Para nabi tetep nyuwun pamratoga seka nabi Elisa. Kaping Pindho, sakdurunge tumindak NJUPUK wadung sing kejegur kedung, nabi Elisa ngethok kayu, tujuane kanggo srana nggoleki Wadung sing kecemplung. Iki pratanda ye kabeh kudu migunakne srana, lan nabi Elisa kayane NJUPUK piwulang leluhure bab sing kaya mengkene iki. Kaping telune, sakwise “didongani” dening nabi Elisa, njur ana sing dikonkon NJUPUK Wadung sing kecemlung kedung, lan akhire kasil.
Piwulang esuk iki bab NJUPUK. Nabi Elisa gelem NJUPUK apa sing dikarepke kancane, dene kancane uga gelem NJUPUK apa sing dikarepke nabi Elisa.

TIPS SEHAT

Ing jaman saiki sejatine akeh sing pada “kelangan wadung”, ananging ora gelem sambat karo Gusti. Sejatine ana sing sambat, ananging nalika diparingi margining cara kanggo ucul saka kahanan kuwi, pada ora gelem NJUPUK sabarang tawaran sing ana. Isa nggo conto, akeh sing sambat ora nduwe pekerjaan, ananging nalika ditawani pakaryan malah wegah NJUPUK, alesane entek amek kurang Golek, mula uripe ya tetep wae sara.

“Jo, kok kae si Markun kui uripe suksese ngeram ya?” Ujug-ujug Lik Ndoleng ngrembug kang Markun.
“Rasah meri Lik, cen sing cocok karo Yu Wasti kuwi kang Markun” Semaure Nduk I’in sinambi nglirik sajak ngece.
“Dusss!!! Crigisss kowe kuwi Innnn!!!” Lik Ndoleng sajak erosi..eh,esmosi ding..
“Hmmm..esuk-esuk wis kerah iki kepiye? Lik..kang Markun isa sukses kuwi merga gelem NJUPUK apa wae tawaran apik ing uripe. Ana tawaran investasi melu, tawaran bisnis melu, tawaran seminar melu. Lha sampeyan nggere dijak, alesane entek amek kurang golek. Jare randuwe wektu, randuwe modal, kokea alesan,bareng ana sing sukses njur mbok sujanani..”Semaure Dalijo sinambi nyruput kopi irenge sing se-ireng- rambute Tarsi..


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH