Selasa, 09 Juli 2019

NGRAMPOK


Selasa Kliwo 9 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI DALANE BERKAHMU LURR


2 Para Raja 5:19b-27
Jabur 6
Mateus 10 :7-13
Sarèhné kowé nampani pawèwèhé Naaman, kowé iya bakal nampani lelarané. Malah anak-turunmu selawas-lawasé bakal nandhang lelara mau!” Bareng metu saka panggonan kono Géhazi kena lara kusta, kulité malih dadi putih.” 2 Para Raja 5:27

Sing diarani NGRAMPOK kuwi nalika njupuk sakbarang darbeking liyan utawa sing dudu wek’e dewe kanthi peksa. Dene sing dirampok kuwi seka jaman semana tekan jaman saiki ya mawerna-werna kahanane. Yen mbiyen mbokmenawa mung babagan banda donya, ananging yen saiki ora mung bab banda donya, kamardikan ya isa kerampok, kesempatan utawa kalodangan ya semono uga. Mbiyen sing NGRAMPOK kan sakbanjure diarani Perampok kuwi mesti sangar lan medeni, uga manggone ana ing papan-papan kang sepi. Ing jaman saiki sing diarani NGRAMPOK lan Perampok kuwi beda banget. Saiki para “perampok” kuwi macak kahanan urip sing malah alus tur ya sopan. Ning sanadyan katone sopan tumindak’e ya ngrugekne liyan.

MUNGSUHE KOLESTEROL


Gehazi, rewange Senopati Naaman bingung koming, merga bosse ora kersa nampa “bayaran” seka “pasien” sing nembe wae mulih lan mari seka lelarane. Ngerti kahanan kaya mengkono, mula Gehazi njur mlayu nguyak senopati Naaman. Lan sakbubare ketemu njur migunakne “jurus” ampuh, yakuwi nabine Gusti ngutus dewekne lan ngersakne bayaran mau. Naaman iklas, mula njur diparingake lan Gehazi mulih. Ananging nalika mulih dewekne bingung, merga penyakite sing lara mau wis mari lan ora gelem diparingi bayaran. Mula lumantar “tips manipulative” Gehazi sukses ngayani pakaryane. Jatahe sangu nabi Elisa njur dijalik lan dipekdewe. Ananging Gusti ora sare lan lumantar kawicaksanane, jebul lelarane sing wis pada diwaraske pindah, neng awak’e Gehazi.

Apa sing dialami Gehazi kuwi minangka pasinaon. Sapa wae sing tumindak luput mesti nyedak’i semaput. Lara Kusta duweke pejabat Siria mau ilang lan pindah papan, lan bakal nuju marang sapa wae. Ndilalah sing entuk jatah kena ing ipat-ipat Gezasi, merga wani NGRAMPOK sing nembe wae berobat lan waras. Cetha yen nabine Gusti, Elisa, ora gelem nampa bebulih saka senapati Naaman, lha kok malah diuyak lan jare ana nabi sing ngersakne. Iki sing ora dadi kersane Gusti. Gehazi NGRAMPOK apa sing seajtine dudu duwek’e.

Ing jaman saiki, polah tingkah “Gehaziisme” ya jik mbadher neng ngendin-endi panggonan, seneng NGRAMPOK sing sejatine kagungane Gusti. Dene sing dirampok dudu mung duwit, uga ana wektu, sing sejatine kanggo Gusti malah kanggo mancing, uga ana sing NGRAMPOK kamulyane Gusti, ana sing NGRAMPOK wewenange Gusti, rumangsa luwih duwur saka Gusti, mula wani ngarani luput-benere liyan, golongan iki sing uakihh..lan ijik akeh meneh tumindak sing klebu tumindak NGRAMPOK ing jaman saiki. Perkara ana sing maca njur tersinggung, ya ora apa-apa, apik wae.

BENJO DEMAM


“Lik, wingi kae pas Undhuh-Undhuh nggawa apa sampeyan?” Takone Nduk I’in neng Lik Ndoleng.
“Gedang In, sing pojokan galengan, tepungane tegale Kang Satijo” Semaure Lik Ndoleng.
“Lho, kan kae ora apik ta Lik?Sing apik kan sing cedak nggubug wetan wit pelem?” Nduk I’in sajak kaget.
“Kae eman In, apik’e ngeram. Wis dinyang bakul 350.000 ewu” Lik Ndoleng semaur kanthi sareh lan kayane ora nduweni momotan apa-apa.
“Kuwi isa diarani NGRAMPOK Lik..kudne kagungane Gusti, kok malah mbok pek dewe? Ngati-ati bebendune Gusti lho..kuwi,kaya Gehazi, rewange nabi Elisa, bubar NGRAMPOK berkahe nabi Elisa, njur panen lelara” Dalijo muni sinambi klepas-klepus karo djarumsuper!

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH