Kamis, 11 Juli 2019

MULANG


Kemis Pahing 11 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

APIK DIWULANGKE


Amos 1:1-2:3
Jabur 82
Mateus 5:17-19
“Mulané sing sapa nerak salah sawijining angger-angger mau, senajan sing katoné cilik dhéwé, lan mulangaké marang wong liya nglakoni mengkono, iku bakal olèh papan sing asor dhéwé ana ing Kratoné Allah. Nanging sing sapa nglakoni lan mulangaké kabèh pepakoning Torèt, iku bakal olèh papan sing dhuwur ana ing Kratoné Allah.” Mateus 5:19

MULANG, tembung iki ora asing ana ing pangrungone sapa wae sing maca tulisan iki. Dene tegese, MULANG  yakuwi sawernane tuminak kanggo mindah pangerten seka papan siji marang papan liyane. Dene papan kuwi klebu menungsa, mulane yen isa digawe cekak lan sederhana, MULANG kuwi tegese mindah pangerten marang liyan. Mbiyen sing diarani MULANG kuwi mung kahanan sing klakon ana ing sekolahan, nalika guru nindakne ayahane, ananging saiki sansaya disadari yen MULANG kuwi isa neng ngendi-endi papan lan lumantar maneka werna kahanan uga. Dadi, MULANG kuwi sabarang kahanan/tumindak sing isa mindahake pangerten seka pihak siji marang pihak liyane.

Bab MULANG kuwi uga nate dadi undherane piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika ngadepi para wong sing ngeyele ngeram. Lho kok isa diarani ngeyel kuwi piye nalare? Lha kae lho ana ing salah siji Kitab Suci, ana crita para wong sing “ngenyang” bab nindakne lan uga nerak pepakone Gusti. Ana sing nduweni pikiran, “…Ah, nerak pepakon sithik wae ora apa-apa..Gusti mesti maringi toleransi…” Lan pikiran kaya mengkene iki isa katindakake lan tanpa disadari iki isa dadi Wulangan sing ora apik. Lho kok wulangan?Iya, merga lumantar pikiran kleru lan tundane ya tumindak dadi luput, isa dituladani liyan,lha apa wae sing mindahke pangerten kan isa diarani MULANG. Mula saka kuwi sing pada ngati-ati nuwuhke pangerten,merga saka pangerten kuwi tuwuhe tumindak.


PIWULANG SEHAT


Ana ing urip padinan, akeh sing senengane “Ngenyang” ing baba pa wae. Mangkat ngibadah telat lan nelat, malah akeh sing rumangsa bangga yen telat, ana sing nduweni pikiran perwakilan, kabeh diwakilke kejaba berkah, tanggungjawab diwakilke,ndonga diwakilke, lha bareng berkah ngantrine disik dewe. Kabeh kuwi  isa dadi salah siji cara MULANG sing ampuh marang liyan, lan utamane brayat. Aja ngangkah anak-anak dadi wong sing sregep ngibadah yen bapa-biyunge ora nate mangkat ngibadah, aja ngangkah anake sregep sinau yen bapa-biyunge nyekel buku wae sewindu pisan, aja ngangkah anak’e isa ngidung yen bapak-simbok’e ora nduweni kidung lan sakbanjure. Sejatine kabeh kuwi PILIHAN, ananging ya kudu dieling, kaya nats Kitab Suci ing dina iki, sing sapa njlomprongke liyan lumantar piwulang lan patuladan kleru, bakal diukum dening Gusti. Mulane, ayo pada MULANG apa wae sing apik kanggo jagad iki.

“Ngandi In, kok yahmene bengesan?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi  katon dandan rada ayu.
“Nyang warunge Yu Wasti, tuku uyah karo janganan nggo sesuk Lik” Semaure I’in sakrasane.
“Weh, nitp, tukokna udud, separo wae..”Muni ngono Lik Ndoleng ngelungake duwit eketan ewon.
“Jabangbayikk..duwite skeet ewu kok tuku udud mung separo Lik?”Sajak kaget nduk I’in nyawang kahanan kuwi.
“Rasah kaget In, kuwi plageyane paklik, kuwi mengko diwet-wet,njur sok njaluk nggonku. Sing luwih nggegirisi, kuwi merga ijol duwit meh nggo pisungsung suk minggu” Dalijo nrocos nguneni Lik Ndoleng.
“Asem..konangan malahan..”Batine Lik Ndoleng.
“Lik..mbok aja ngono, eling lho,Gusti pirsa. Awas kena bebendune lho” Nduk I’in muni ngono njur bablas metu, mangkat nyang warunge Yu Wasti, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Jangkrik kelangan krokot.

Mbah’e.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH