Senin, 15 Juli 2019

KUDHUNG


Senen Legi 15 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KUDHUNGE LIK NDOLENG


Amos 3:9-4:5
Jabur 7
Mateus 5:27-32
“Pangandikané Pangéran Kang Mahaluhur mengkéné, “Hé wong Israèl, lungaa menyang pasucènmu ing Bètèl lan terus-terusna enggonmu gawé dosa! Lungaa menyang Gilgal lan gawéa dosa sakatogmu! Terus-terusna lan gawéa kurban sembelèhan, saben ésuk sarta saosna prasepuluhanmu pendhak telung dina sepisan.” Amos 4:4

KUDHUNG kuwi sabarang sing bisa digunakne kanggo njaga kahanan. Tembung iki sejatine njedul seka kahanan panas apa dene udan, merga ing kahanan kuwi mbutuhake KUDHUNG supaya ora kena panas lan uga kena banyu udan. Ananging ing sakbanjure, tembung KUDHUNG kuwi isa dipapanake ana ing panggonan utawa kahanan liyane. Wong sing nyolong ananging reka-reka apik, kuwi tumindak apik merga kanggo KUDHUNG supaya sakparipolahe sing ora apik ora bakalan konangan, ana uga wegah ngayahi pagawean kanggo kebutuhan bebarengan, njur alesan yen kudu momong anak lan sakpanunggalane, kahanan momong anak iki isa  diarani KUDHUNG cikben ora dikon ngayahi ayahane bebarengan.

Ana crita neng Kitab Suci, pernahe neng Kitab Amos, ing kana ya ana wong sing ketok ngibadhah, ananging ana ing pamawase nabi Amos, kuwi mung dinggo KUDHUNG supaya tumindake sing ala lan ora patut cinonto kuwi ora konangan, malah kosokbaline, sanadyan sejatine ala ananging malah oleh pangalembana. Critane kuwi mengkene, para brayate pejabat sing korub kuwi pada nggaya, kereb ngayahi kewajibaning agama, ananging kuwi mung lamis misss..merga tumindak sejatine ora kaya mengkono. Para brayat pejabat kuwi (ssstt..jan-jane iki bojon pejabat, sing saking sugihe nganti lemune kaya sapi seka Basan..)senengane  mung pesta,seneng disawang nalika ibadah, seneng ditengenke bab apa wae. Lha tumindak kaya mengkono kuwi sing dikritik entek amek kurang amek dening nabi Amos. Nabi Amos ora merduli yen sakbubare ngritik njur disengiti para “sapi Basan”, merga tumrape nabi Amos, sing  bener lan pener kuwi kudu dadi sing utama.

Jan-jane bab tumindak lamis lan migunakne ngibadah minangka KUDHUNG kuwi tekan saiki ya ijik uakuihhh..mung wae saiki arang sing gelem maido utawa ngritik, merga wedi yak’e..apa malah ya pada-pada nglakoni?Mangga para maos sing pirsa. Ananging, sing kudu dieling, tumindak ora apik kuwi kudu dilereni, begja jamane Amos, sing ngelikake nabi, mula jik nduweni kesempatan ngowahi sing luput, coba yen Gusti dewe, pora geten setaun? Mula saka , payo pada tumindak sing bener lan pener, ngibadah, pisungsung lan uga atif neng kegiatan kuwi aja mung kanggo KUDHUNG tumindak sing hora apik.
“ Kae kok pada repot ropat-ropat wae ki janjane meh arep ngapa ta Jo?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi nonton Upin-Ipin.

OBATE PARA WANITA


“Arep pikenik Lik, pora diulemi,dijak pikenik?” Wangsulane Dalijo sarehm sinambi nyumet djarumsupere sing mung kari setugel, merga wis tanggal limolas.
“Weh, yen pikenik aku kudu melu, tur tulung ya Jo, pesenke lungguhku ngarep dewe!” Lik Ndoleng gragapan lan njur semrawut ngakon Dalijo mesenke kekarepane.
“Anggere bab pikenik wae Lik, njaluk nomer siji, linggih ngarep dewe, ananging yen bab makarya, alesane ana wae, ngko urun segelo wae gayamu kaya Kinjeng kasmaran! “ Nduk I’in sajak sewot, mbuh kena apa,merga pee m es yak’e.
“Mulane ta Lik, ayo tumindak apik sing tulus iklas, aja mung tumindak apik merga kanggo KUDHUNG tumindak sing ora apik” Dalijo semanta sinambi liyer-liyer, dene Lik Ndoleng plengah-plengeh persis sing nembe maca tulisan iki..


"Yen dirasa apik, ndumen ya..ben akeh sing nampa perkara sing apik, yen ra apik, ya tokna wae.."



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH