Selasa, 16 Juli 2019

SEMBRANA


Selasa Pahing 16 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

JASEMBRANA


Amos 4:6-13
Jabur 7
Mateus 5:33-37
Mulané hé wong Israèl, kowé bakal Dakukum, lan sarèhné mengkono, kowé tata-tataa nampani paukuman-Ku!”Allah kang yasa gunung-gunung sarta nitahaké angin. Panjenengané nyumurupaké marang manungsa apa sing digalih. Panjenengané sing nitahaké rina lan wengi. Panjenengané tindak ana ing sandhuwuré punthuk-punthuking bumi. Asmané kasebut: Pangéran Allah Kang Mahakwasa! Amos 4:12-13
SEMBRANA kuwi tumindak sing tanpa petungan mateng, mung nuruti kekarepaning ati, kamangka durung mesti apa sing dadi kekarepaning ati kuwi apik, bener tur ya pener. SEMBRANA kuwi tumindak sing mung lumaku merga naluri, mula saka kuwi isa nekakne kacilakan, mbuh kuwi tumrap liyan semono uga tumrap awak’e dewe.
IKI MARAKNE IYES!!

Ana crita Kitab Suci  bab tumindak SEMBRANA sing dilakoni menungsa, yakuwi polah tingkahe wong ngisrael nalika jamane nabi Amos. Sejatine ora mung wong ngisrael wae sing tumindak sembrana, ananging sing dadi ancas tujuane nabi Amos ngelikae kuwi bangsa ngisrael, bangsa-bangsa liyane sing ya kena piwulange mung kanggo srana supayane wong ngisrael enggal eling tur ya waspada, ora kebacut tumindak SEMBRANA. Lho lha sejatine apa ta sing dadi tumindak SEMBRANA sing dilakoni para bangsa, mirunggan bangsa ngisrael ing jamane nabi Amos?
Bangsa ngisrael ing jamane nabi Amos tansah tumindak sing nyingkur karo patrap apik babagan urip. Neng jaman kuwi, mirunggan para pejabat negara lan pedaleman suci” mung nggugu karepe dewe, nguyak marem lan sugige dewe, babarblas ora mikir liyan. Malah sanadyan wis dielikake dening Gusti, lumantar nabi, tetep wae ora maelu, malah sajak ngece, tetep SEMBRANA marang urip. Para pemimpin bangsa lan Pedaleman Suci ora nate nindakne kersane Gusti manut angger-angger sing tinulis ing Kitab Suci, mung blegere wae tumindak ngibadah, ananging babarblas ora ana katresnan. Para wong miskin babarblas ora dietung, apameneh ditulung, malah senenge tansah poya-poya, mbokmenawa yen jaman saiki gaeane mung jajan,dolan,blanja lan pikenik. Saking kerepe pesta, mula para bojon pejabat ing jamane nabi Amos nganti diarani kaya sapi Basan, merga lemune ngeram.
Ananging sanadyan dielikake, disindir, malah kepara diwelehke langsung dening nabi Amos, tetep wae mapanke uripe kanthi SEMBRANA, mula bab paukuman saka Gusti mung kari nunggu wektu. Lan temenan, ing pungkasane, merga saka mbanggele, bangsa ngisrael digecak dening mungsuh nganti tumeka ing remuk’e, kuwi kabeh merga pada SEMBRANA karo piwulang lan pepemut saka Gusti.
Bab SEMBRANA karo urip kan kapercayan mono, ora mung ana ing jamane nabi Amos, tekan saiki, panjengan maos seratan niki lho, sing pada SEMBRANA karo uriping kapercayane ya nggladeg. Akeh sing SEMBRANA karo tata manembah, ora rutin, teka karangkading, kuwi wae kerep telat. Ana sing SEMBRANA bab cawe-cawe marang pakaryane Gusti, mirunggan bab pisungsung, mosok pisungsung kok dipadakne mabayar toilet nalika nguyuh apadene ngising? Iki jian sembrana sing ora tinemu nalar, alesane jare sing penting iklas..Jabangbayikkk..Oiya ding, wis tekan semene disik andharane BENINGE EMBUN ESUK dina iki, muga-muga dadi piwulang apik.
ANTI DARTING!!

“Lik, seka ngendi Lik?” Takone Dalijo nyang Lik Ndoleng.
“Pasar” Semaure Lik Ndoleng cekak.
“Mipik apa Lik, kok nyalawadimen, nyang Pasar dewe, biasane titip” Nduk I’in melu nakoni bapakne cilik sing baguse ngromyong jagad kuwi.
“Aku tuku iki lho, kango kenang-kenangan suk tanggal rongpuluh. Aku tuku cacah papat, merga labeh meh takaturi” Semaure Lik Ndoleng.
“Lho, kan isa nitip ta Lik, tur yaw is dicawisi pasamuan,ngapa ndadak repot-repot nggolek  dewe?” Takone Dalijo.
“Jo, In..aja SEMBRANA marang urip, aku nggolek dewe merga aku ngajeni awakku dwe, lan uga ngajeni pakaryane Gusti. Yen pikiranmu kaya mengkono, kuwi tuwuh seka nalarmu sing uthil,pelit..mula ora nate mikirke liyan” Lik Ndoleng kojah ora karuan.
“Weh, entuk roh apa Lik sampeyan kok apikmen mikire?”Nduk I’in malah takon sajak ngece.
“Lambemu In..diwarahi sing apik malah ngarani aku kencok’an!!” Muni ngono karo ngelungke amplop papat, kon nulisi.

Mbahe..


1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH