Senin, 29 Juli 2019

NGRUMAT


Senen Kliwon 29 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NGRUMAT URIP


Hosea 2:14-3:5
Jabur 44
Mateus 6:24-34
“Coba delengen, manuk-manuk sing padha mabur mrana-mréné, kaé rak ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan uga ora nyimpen panènané ana ing lumbung. Éwasemono Ramamu ing swarga ngopèni manuk-manuk mau! Apa kowé ora luwih aji ketimbang karo manuk-manuk kuwi?Mateus 6:26

Mbandingake menunsa karo manuk kuwi sejatine ora sebanding, sanadyan pada-pada titahe Gusti. Ananging ngilo utawa sinau seka polahtingkahe Manuk sing urip neng alam bebas kuwi ya apik lan ora luput. Yen disepadakake, Manuk sing pada urip bebas neng alam kae isa dadi patuladan tumrap manungsa, mirunggan bab bungahing urip lan tanpa kuwatir ngadepi urip. Bab urip kang bungah lan tanpa dikuwasani rasa kuwatir iki, saka kabeh titahe Gusti, menungsa juarane. Menungsa uripe kerep nyumelangke lan nguwatirke apa wae, seka  bab sing sederhana lan pomeneh sing rumit tur ya sinawang sulit.

Ana crita neng Kitab Suci sing nyritakake bab Uripe manuk neng alam bebas utawa neng awing-awang. Crita kuwi njlentrehake kaya ngapa senang lan bungahe Manuk-manuk kuwi lan sanadyan ora nenandur,ora nabung, ora ndepositoke lan ora nduweni simpenan panganan, tetep isa nglakoni urip kanthi bungah, jik isa gegojekan tanpa wedi salah sijine nesu lan mutung. Kabeh kuwi klakon merga dirumati dening sing nggawe urip, Manuk-manuk kuwi ana sing NGRUMAT.

CARANE NGRUMAT DARAH TINGGI


Tembung NGRUMAT kuwi tegese tumindak utawa tumandang gawe kanggo natal an ndadekake sabarang sing dirumat tetep apik utawa lestari. Dene carane NGRUMAT kuwi maneka werna, pokok’e apa wae kang klakon kanggo tujuan lestarine urip lan kahanane sabarang kabeh kuwi isa diarani NGRUMAT. Tumindak NGRUMAT kuwi isane klakon ya nalika sing mbutuhake rumatan gelem dirumat, merga sanadyan ana sing NGRUMAT ananging menawa sing kudu dirumat ora gelem,ya mokal lelakone urip sing diarani NGRUMAT mau klakon.

Manuk sing dadi conto piwulange Gusti kuwi gelem dirumat, merga ya gelem mangan apa sing wus cinawis. Lan sing penting, Manuk kuwi ya polah utawa tumandang kanggo njupuk sranane pangrumat saka sing gawe urip. Sanadyan ana sing NGRUMAT ananging menawa ora gelem tumandang, ya pada wae. Mula saka kuwi, para kadang sing maca tulisan iki, aja kokean was sumelang, aja kalah karo rasa kwatir, jenenge Manuk wae dicaisi panganan anggere gelem obah, mosok menungsa sing jarene titah paling jos dewe iki ora dirumat dening Sing Ngecet Lombok? Yen wis sadar yen uripe ana sing NGRUMAT, ya aja lali makarya,tetep sengkut olehe pada makarya. Lan sakjroning makarya ya kudu kreatif lan inopatip, ana mung kaya Manuk..kawit mbiyen ya mung ngona-ngono wae..hehe..

“Lik, kenapa mbiyen ora sida karo Yu Wasti?” Ujug-ujug esuk kuwi Dalijo nakoni Lik Ndoleng bab mbiyen ora dadi karo Yu Wasti.
“Kuwi merga ora dirumat katresnane Kang, ora isa NGRUMAT cinta kuwi Paklik..”Nduk I’in kaya padatan, melu semaur.
“Crigis kabeh cahh!! Kowe pada ora ngerti polahke NGRUMAT tresnaku karo Wasti. Takrewangi macul bapakne, usung rabuk, dandan kandang..lha jebul malah digaglag mbuta!!”Lik Ndoleng semaur sajak erosi..eh emosi..
“Lha kuwi pora salah NGRUMAT Lik, lha cintamu karo Yu Wasti, sing mbok rewangi lan gatekne malah gaweane bapakne..luput Lik..kleruu!!”Dalijo nyuntak unek-uneg bab gagale Lik Ndoleng karo Yu Wasti.
“Haiyah..kaya kowe isa NGRUMAT wae Jo..buktine Tarsi ya ucul.hehe” Lik Ndoleng mbalik ngece Dalijo.
“Asemb..cah tuwek siji iki pancen gah kalah!!”Dussss!”Batine Dalijo, merga meh muni wedi disaruwe sing maca BENINGE EMBUN ESUK.


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH