Jumat, 26 Juli 2019

NYLEWENG


Jemuah Pahing 26 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

BEN RA NYLEWENG!


Hosea 5:1-15
Jabur 85
Mateus 6:19-23
“Piala sing dilakoni wong Israèl yakuwi nyegah wong-wong nganti padha ora bisa mratobat marang Pangéran Allahé. Sebab wong-wong mau wis padha dikwasani déning rohing penylèwèng, nganti padha ora ngakoni yèn Pangéran kuwi Allahé.” Hosea 5:4

Sing diarani NYLEWENG kuwi nalika lumaku ora pas karo dalan sing kudune diliwati. Yen kudune mlaku ngulon, merga ngulon bakal tumeka ing tujuanne, ananging malah mlaku ngidul, kuwi sing diarani NYLEWENG. Mula saka kuwi, apa wae alesane, NYLEWENG kuwi tetep ora bener lan pener. Dene ana ing urip saben ndina, NYLEWENG kuwi isa klakon ana ing sadengah kahanane urip, NYLEWENG bab bebrayan, NYLEWENG bab ngrumati duwit, NYLEWENG seka timbalan lan sakpanunggalane.

Crita Kitab Suci neng Kitab Hosea bab 5, mirunggan neng ayat 4 ngajak sing pada maca tulisan iki ngilo, yen paukumaning urip kuwi jebule wohing panylewenging urip. Manut crita Kitab Suci kuwi, piala utawa paukuman sing dialami menungsa merga pada nyegah wong liya kanggo nglakoni pamartoabat . kabeh kuwi klakon merga kabeh wis dikuwasani dening pagwasaning pepeteng sing marakne pada NYLEWENG. Dadi, sejatine NYLEWENG kuwi dudu karepe dewe, iki manut paseksine Kitab Hosea, ananging merga dikwasani dening rohing panyleweng.
Mulane, sing pada ngati-ati, aja ngasi urip iki mung dikwasani dening rohing panyleweng lan kuwi ndadekne ora tanggungjawab. Gusti Allah kuwi wis mranata para Kagungane manut karo kabisane dewe-dewe, mula yen tinimbalan nglakoni ayahan, ya kuwi mesti tetimbalane Gusti, mesti isa nglakoni. Arane gawean utawa tanggungjawab radilakoni ora merga ora isa, ananging mung merga WEGAH! Lha, yen digathukne karo piwulange kitab Hosea, wegah netepi tanggungjawab kanthi sengaja kuwi isa diarani NYLEWENG utawa nembe dikwasani dening rohing panyleweng.

JOSSS


Sing pada NYLEWENG kuwi ya kinaranan ora ngakoni Pangeran Yehuwah kuwi Gusti Allahe. Yen ana pangandikane Gusti sing kaya mengkene iki (sing sadar lho ya), apa ya pora pada gigrik yen meh NYLEWENG saka timbalane pakaryane Gusti? Kamangka, yen gelem pada jujur, akeh sing kerep nyepelekne timbalane Gusti. Mangkat neng nggreja telat, kejatah mimpin PA, ora mangkat, alesane lali, kejatah pemandu pujian, alesan raisa nyanyi, kamangka yen nyanyi neng kamarmandi swarani memper Tety Kadi, lan sakpiturute. Sing baku, sapa wae sing tinimbalan karo Gusti ing pakaryane, kuwi mesti isa, yen ngaku ora isa kuwi mung WEGAH! Kabeh kuwi pilihan, ananging yakuwi, yen nglakoni kuwi kabeh, uripe diarani NYLEWENG saka kersane Gusti, kari para maos arep milih sing mbangunturut apa sing diarani NYLEWENG.

“Lik, kok mau bengi kejatah mimpin pujian pas PA ora mangkat, ngandi?” Dalijo nakoni Lik Ndoleng, nalika arep mangkat ngarit, jik ngesah arit neng dulomah.
“Weh, aku lali Jo, serius…”Wangsulane Lik Ndoleng entheng.
“Lali apaaa, lha wong wingi sore takelikne lho ya…alesan wae Lik..Tuman!” Nduk I’in melu snewen karo alesane Lik Ndoleng.
“Weladalah Lik, aja sembrana karo timbalan, kuwi isa diarani NYLEWENG seka dalaning Gusti lan isa nampa paukuman..ndang mertobat Lik rasah alesan lali,ora isa,repot lan sakpiturute. Ayo mertobat Lik..”Dalijo kejek nggone ngelikake. Dene Lik Ndoleng, kaya padatan, plengah-plengeh kaya Kelinci ditinggal pasangane.

Mbahe..


"Yen rumangsa migunani, pada ndumen marang para mitramu.."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH