Rabu, 17 Juli 2019

NGGOLEKI


Rebo Pon 17 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI GOLEKANA


Amos 5:1-9
Jabur 7
Mateus 25:31-46
“Padha nggolèkana Pangéran, temah kowé bakal urip. Yèn kowé ora nggolèki Panjenengané, Panjenengané bakal ngrawuhi kowé kaya geni sing ngebyuki umat Israèl. Geni mau bakal ngobong wong-wong ing Bètèl, lan ora ana wong sing bakal bisa nyirep.” Amos 5;6

NGGOLEKI, seka tembung Golek, sing tegese ngupadi apa wae sing durung ana ing uripe. Mulane, NGGOLEKI kuwi isa diartekne, sabarang tumindak kang dilakoni murih apa sing durung ana (uga merga ilang) dadi ana utawa ketemu maneh. Dene jejere wong NGGOLEKI kuwi mesti wae mbutuhake prabea, isa awujud wektu,tenaga,pikiran lan uga banda. Dene jangkane wektu pakaryan NGGOLEKI kuwi mung diwatesi dening sakperkara, yakuwi apa sing digoleki ketemu, mbuh pira wektu lan ragad  sing dibutuhake.

Ana piwulang apik neng Kitab Suci, bab NGOLEKI, yakuwi neng Kitab Amos. Neng kana disebutake yen sapa wae sing NGGOLEKI (kanthi bener lan pener) Pangeran Yehuwah, mesti bakal urip. Manut sejarah Kitab iki, sing diarani urip kuwi ya urip sing sakbenere, merga wektu kuwi kahanane bangsa ngisrael nembe kinepung ing mungsuh yakuwi bangsa-bangsa liyane. NGGOLEKI Panjengane tegese nglakoni samubarang kanthi tulus lan iklas, ora mung minangka lelamisan. Merga ing wektu kuwi akeh wong sing tumindak lamis, nglakoni pranatane agam ya merga lamis, ben diarani wong sing saleh, nindakne kwajiban agama mung supaya diarani liyan kapir lan sing paling akeh, nindakne pranatane agama mung kanggo nutupi tumindake sing ala lan ora manut karo pranatane Pengeran. Mirsa kahanan kaya mengkono, nabi Amos mrikitik,mula njur ngelikae, lan carane ngelikake jian pol, mandes lan isa diarani nylekit.

IKI AJAIB


Patrap urip lamis kuwi ora mung ana ing jamane nabi Amos, ing jaman saiki ya ijik nggladeg. Saiki ya jik akeh wong sing tumindak (katone) apik, ananging sejatine mung kanggo tutup tumindake sing ora bener lan pener. Saiki ya ijik akeh sing ketok’e tumindak lan nindakne pranatane agama, ananging ati lan rasane babarblas ora netepi tumindak kuwi mau, merga mung ora gelem diarani wong sing ora ngaBEKTI marang Panjengane. Saiki ya ijik akeh wong sing mung seneng dialem dening liyan, yen tumindak (sing katone) apik, njur ora dialem utawa diapresiasi, njur besengat-besengut, jian persis Coro naksir ditampik…hehe. Mula saka kuwi, nulada nabi Amos, ayo pada NGGOLEKI Pengeran sing saktemene, aja mung ethok-ethok,ayo sing tulus iklas, lan titikane ora gampang nesu,loma,iklas lan tansah kebak ing esem.

“In, kok Paklik ora ketok, ngandi?” Pitakonane Dalijo marang Nduk I’in, nalika sore kuwi nembe lungguh santai ana ing Lincak sor Talok, kulon omah.
“Aku ya ora dong Kang, kawit sore mau ora njedul” Semaure Nduk I’in.
“Weh, aja-aja tuku rokok neng warunge Yu Wasti mau bengi alesane tuku rokok njur digrebeg warga In?” Dalijo nyoba nebak kira-kira apa sing klakon.
“Mbok sing nduweni pikiran positif cah..aku cen jik rada kesel, sedina melu kerja bakti neng nggreja, cecawis nggo tanggal 20. Njur sore mau mulih, rada kesel, njur turu lan iki lagi tangi. Iki caraku NGGOLEKI Gusti, ora mung ngomong thok, aku serius. Yen mung omong ndremimil thok wae okeh sing isa, ning akeh-akehe mung kokean omong, tumindak ya nolll!” Semaure Lik Ndoleng.
“Weh, yen iklas rasah erosi Lik, lakoni wae” Semaure Dalijo.
“Emosi kang, dudu  erosi” Nduk I’in mbenerke.
“Oiya ding..hehe” Semaure Dalijo.



Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH