Kamis, 11 Maret 2021

BEBARENGAN

 

Kemis Legi 11 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 9 :8-17

Jabur 107 :1-3,17-22

Efesus 1 :3-6

 

“Lah Ingsun damel prasetyaningSun karo sira lan karo turunira ing sapungkurira, apadene karo sadhengah makhluk urip kang melu sira ana ing prau, iya bangsaning manuk, kewan ingon-ingon tuwin kabeh kewan alasan ing bumi kang melu sira, kang wus padha metu saka ing prau, iya sarupane sato-kewan ing bumi. ” Purwaning Dumadi 9:9-10

BEBARENGAN, linggane Bareng, tegese ora dewe ananging ana liyan. Dene liyan kuwi ora mesti kudu padha, sing cetha Bareng kuwi ana sing ngancani. Saka tembung lingga Bareng kuwi njur isa dadi tembung BEBARENGAN, sing tegese kasunyataning kahanan kang ing kana ana liyan, dene liyan kuwi isa awujud apa wae, isa padha jinise, ananging isa uga beda jinise. Cethane, BEBARENGAN kuwi kahanaing urip kang ing kono ana liyan. Anane kahanan ora dewe utawa BEBARENGAN kuwi kudune isa ndedekne menungsa sadhar, yen urip kuwi kudu andum-inganduman utawa berbagi.

Neng Kitab Suci ana piwulangan bab urip BEBARENGAN, yakuwi neng Purwaning Dumadi. Kuwi crita bab nabi Nuh, sakwise entuk “hadiah” kang awujud banjir bandhang sakbandhang-bandhange. Sakwise banyune surut, njur ana kluwung. Lha lumantar kluwung kuwi Gusti Allah nganakne prajanjian karo nabi Nuh, yen ing samengkone ora bakal ngukum jagad lumantar banjir bandhang meneh. Pancen rembugane bab prajanjian karo nabi Nuh, ananging isining prajanjian kuwi BEBARENGAN karo titah liyane. Iki ngemu tegese, supaya menungsa aja sakwenange dewe, aja menang-menange dewe, rumangsa jagad iki duweke dewe. Jagad iki deweke Gusti lan kabeh titah nduweni hak urip kanthi tentrem rahayu ana ing jagad iki kang isa kinaranan “Omah Bebarengan”.

Yen saiki kahanane njagad sajak sansaya nggegirisi, iki merga menungsane sing serakah, sing rumangsa nduweni jagad iki dewekan. Saka bab mangan wae, titah liyane saben mangan mung butuh sewaregan, yen menungsa ya pirang-pirang waregan, numpuk banda ora ukur lan ora eling marang liyan. Aja meneh ngelingi titah sakliyane menungsa, wong karo sakpepadane kang padha-padha menungsa wae ora kelingan, malah brakot-brakotan, apa meneh karo titah liyane. Sanadyan menugsa sing ngerti isining prajanjiane Gusti karo nabi Nuh (sing ya menungsa), ananging justru menungsa sing kerep mblenjani janji kuwi, lali yen uripe neng “omah bebarengan” iki karo titah liyane.

Mula saka kuwi, sakwise maca BENINGE EMBUN ESUK dina iki, ndilalah ngepasi prei merga tanggal abang, payo eling lan waspad, yen awake dewe iki urip ora dewe, ananging BEBARENGAN karo titah liyane. Mulane, payo aja srakah, aja numpak-numpuk banda donya, modyar  mung nggawa bathang, sing sregep andum-inganduman bab urip, lan kudu dieling, urip iki ora dewe nanging BEBARENGAN.

 

“Kuwi apa Jo?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi ngepasi jagongan neng Cakruk Sor Talok, Dalijo jik nyambi  makarya.

“Rabuk organic Lik, iki sing cair, olehku ngramu dewe” Semaure Dalijo sinambi jik umyek makarya.

“Kok milihmen repot ta Jo, tuku wae rabuk pabrik, murah lan praktis, tur ya cepet ketok hasile” Lik Ndoleng sajak menehi penemune.

“Rabuk seka pabrik kuwi pancen murah Lik, ananging ngrusak lemah, mateni kewan-kewan cilik sing ana nglemah. Akum oh ngono kuwi, aku eling urip iki BEBARENGAN karo liyan, aku ora arep mbledig butuhke lan mateni liyan, aku kudu andum-inganduman Lik..” Semaure Dalij, sajak wicaksana.

“Rungokno Leng, piwulange Dalijo, joss tenan..” Unine Siwo Solebo.

“Yen Paklik ya nduweni sepirit BEBARENGAN lho Dhe, BEBARENGAN karo kang Markun nduweki Yu Wasti..”IIn, kaya padatan, metu saka pawon, nggawa wedang sinambi melu nggarapi Pakne cilik.

“Jretttt..kowe kuwi isa wae In, olehmu nggarapi aku..Jindulll….” Gremengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH