Minggu
Pon 28 Maret 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
50 : 4-9a
Jabur
31 : 10-27
Filipi
2 :5-11
Markus
11 :1-11
“Ingsun masrahake gegeringSun marang
wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha
mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang
lan diidoni.” Yesaya 50 : 6
PASRAH,
ketoke mayar nalika winates ing tembung, ananging angel nalika ing tataran
lakuning urip. PASRAH kuwi paling ora isa disawang saka rong sisih, sisih
positip lan sisih negatip. Sisih negatip kuwi nalika PASRAH kang tanpa
pambudidaya, ora nyambut gawe ananging njagagne metu hasile, dene perangan
kapindone PASRAH positip, yakuwi mbudidaya sakuwate ananging babagan hasil
diaturne marang Kang Akarya Jagad. PASRAH, tembung kang kerep banget diomongake
neng ngendi-endi papan lan uga saben wong mayar wae ngomong PASRAH, ananging
durung ngerti sejatine PASRAH kang kinersakake dening Gusti Allah.
Neng
Kitab Yesaya bab 50, ana crita minangka piwulang bab PASRAH. Nalikane kuwi nabi
Yesaya maringi pameca bab kepiye samengka “para abdining Allah” ngayahi urip,
yakuwi sanadyan tinampik lan rekasa ananging tetep kudu PASRAH marang
pangrumate Gusti Allah. PASRAH manut paseksine “Abdining Allah” neng Kitab
Yesaya kuwi PASRAH kang positip, yakuwi nalika wis makarya kanthi maksimal,
sakuwate, ananging babagan hasil, dipasrahne sakwutuhe ana ing Pangwasane
Gusti. PASRAH ing kene ora olih ngenyang, ora olih protes lan uga ura olih
mutung. PASRAH total marang pangwasane Gusti.
Ing
jaman saiki,mbokmenawa bab ngadepi ayahan lan masalahe urip ya pada karo jamane
nabi Yesaya, semono uga bab “para abdining Gusti”. Sanadyan okeh sing percaya
yen “para abdining Gusti” kuwi dipilih dewe dening Gusti (lumantar pranatane
pasamuan), ananging ora sithik sing ngalami rekasaning urip. Dipaido, dirasani,
dikritik,disengit,digething lan kabeh sing elek…malah kepara ora
dirungokake..Manut paseksine nabi Yesaya, nalika ngadepi kang kaya mengkono
kuwi,rasah baperan, rasah cilik ati, rasah mutung, cen kudu ngono klakone urip.
PASRAH wae sakwutuhe kahanan marang Gusti, sauger wis ngayahi ayahan sakuwate
jumbuh karo apa kang dadi tanggungjawabe.
Mula
saka kuwi, kanggo sapa wae kang wus milih dalaning urip minangka Abdining Gusti
Allah, lakonana apa kang dadi tugas lan tanggungjawab jumbuh karo kekuwatane
awak, lan nalika wis nglakoni maksimal ananging jik entuk pamaido,entuk
sawabing sengit, entuk pamoyok, entuk kritikan, tampa wae kanthi bungah
sinartan nyenyuwun marang Gusti Allah, ben entuk tambahing kekuwatan. Lan uga
sing kudu dieling, nalika ngadepi rekasaning urip nalika mundi dhawuhe Gusti,
aja malah nglokro, bungaha amarga kuwi kang ing jaman mbiyen tansah diadepi
dening para Abdining Gusti.
“Lik,
kok mau esuk ora nggawa godong palma, kang iki mau minggu palmarum?” Takone
Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Haiyah,
angel nggoleke Jo, mula aku ya mung PASRAH..” Semuare Lik Ndoleng.
“Lha
wis nggolek ngendi wae?” Takone Dalijo meneh.
“Wis
mider-mider sak kabupaten, blas ora nemu” Wangsulane Lik Ndoleng, sajak
iyak-iyako anggone nggolek.
“Ale
ndoblok Lik, wong kawit rebo diajak siwo Solebo nggolek, kokean alesan, bareng
mau ora nggawa kok jare ora anak, njur muni sakpenake dewe PASRAH!” Iin melu
nimbrung rembugan.
“Aja
dolanan tembung PASRAH Leng, sembrono awakmu kuwi.Telungndina takjak nggolek
wegah mangkat, malah bareng mau esuk ora nggawa ditakoni majelis, malah semaur
sakrasamu, pora dicawiske majelise, kuwi karepmu piye Leng?” Siwo Solebo sajak
erosi, ngerti alesane Lik Ndoleng.
“Pancen
mayar lan nyenengake kok lur, nyalahake liyan, pomeneh nyalahake majelis yen
urusan greja,ananging mbok ayo tepawak, nyawang diri pribadi, apa wis
mbudidaya? Apa wis polah? Yen durung, ya aja sok soleh muni PASRAH..” Pakde
Kento ngendika sajak serius,dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya Manuk Dara
Bar Ngendog.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar