Minggu
Legi 21 Maret 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
31 :31-34
Jabur
51 :2-13
Ibrani
5 :5-10
Yokanan
12 :20-33
“Nanging prajanjian kang bakal Sundamel
karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku
mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing
atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha
dadi umatingSun. Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane,
utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku
kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane
Sang Yehuwah , awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti
maneh.” Yeremia 31:33-34
Tembung
NYELAK’I kuwi asale saka lingga Selak, sing tegese ngendani utawa basa
ngindonesane “memungkiri”. Biasane tumindak NYELAK’I kuwi amarga kang kelakon
cengkah karo kang dadi pengerep-arepe. Sakliyane bab pengarep-arep, bab NYELAK’I
kuwi isa uga amarga ora ngerti apa kang sejatine kelakon, ora sadhar yen
kahanan kuwi kelakon. Ben mayar anggone para pamaos BENINGE EMBUN ESUK ngerti
bab NYELAK’I, ndak gambarake bab kahanane tandhuran Porang. Mbiyen,
kurang-luwih patang tahun apa limang tahun kepungkur, ora ana sing nggagas
marang Porang (klebu sing nulis tulisan iki…hehe), muwi amarga durung nduweni
pangerten babar pisan bab Porang. Sanadyan akeh tandhuran Porang, ananging ya
mung ditokne wae, amarga durung ngerti manpate lan uga ajine, sepisan meneh
sanadyan ana ing sakiwa tengene uripe.
Neng
Kitab Yeremia bab 31, ana crita bab kahanan kang kurang luwih kaya kang wis
ka-andharake ing ndhuwur. Nalika jamane nabi Yeremia, bangsa ngisrael yan
Yehuda wis babarblas ratumata, sanadyan ya ngerti angger-anggering Toret kang
tinulis ana neng Padaleman Suci lan saben Sabbat diwacakne (persis kaya
angger-anggering katresnan). Ananging sanadyan kaya mengkono, ora sithik wong-wong ngisrael lan Yehuda sing
mbalela lan ora nggagas babarblas bab angger-anggering Toret. Pirsa kang kaya
mengkono kuwi, Sang Yehuwah kagungan “setrategi” anyar, kanggo nganyarake
prajanjiane. Yen angger-anggering Toret sing mbiyen kuwi tinulis neng watu lan “papyrus”
(rung jamane buku lurr, pomeneh disimpen neng pail computer..hehe), janjine
kang anyar arep DITULIS neng atine para kagungane. Jian, apa ora nggegirisi
tenan lurr..
Ancase
ditulis neng ati kuwi supaya menungsa (si menus-menus kebak dosa) ora isa
NYELAK’I kahanan, yen durung ngerti bab angger-anggering Gusti, amarga wis
tinulis ing ati. Dadi kabeh kang dadi kagungane Gusti, mbuh wong ngendi wae lan
saka ngendi asale, kabeh neng atine wus katulisan bab Angger-anggering Gusti.
Yen nganti nerak angger-angger kuwi, mung ana rong kemungkinan, siji pancen
neng atine durung tinulisan angger-anggering Gusti, lank aping pindhone ya
amarga NYELAK’I, wis ana ananging rumangsa durung ana, wis ngerti ananging
ethok-ethok ora ngerti, wis nduwe ananging ethok-ethok rung nduwe. Yen sing “dibulpus”
kuwi menungsa, mayar wae, lha iki sing diapusi Gusti, apa ya isa? Neng atine
wis tinulisan angger-anggering Gusti, bab pangertening urip, ananging NYELAK’I,
yen ngene kelakone, ya ben mengko diurus Sing Ngecet Lombok wae.
“
Lik, entuk weling saka Yu Wasti”, Iin ngomong nalika nyuguhne wedang lan
pacitan neng Cakruk Sor Talok, lan ing kono wis jangkeb, anan Dalijo, Siwo
Solebo, Pakde Kento lan Lik Ndoleng.
“Weh,
WA wae In, aja seru-seru, konangan Solebo kojur kingko..” Lik Ndoleng sajak
klesak-klesik marang Iin.
“Haiyah,
palinga udud lan kopi lehmu njupuk
warunge Wasti rung mbok bayar Bo..” Siwo Solebo nanggepi.
“Jang
ngedet kuwi yak’e Lik” Dalijo melu nimbrung.
“Aja-aja
arep CLBK Leng?” Pakde Kento ya melu-melu nanggepi.
“In,
jan-jane baba pa ta welinge kuwi?” Takone Dalijo.
“Bab
kuwi lho kang, mosok Kartu Persembahan Wulanane Paklik kuwi tekan wulan maret
ora diiseni babarblas…kang Yu Wasti bendaharam dadi ngerti..” Unine Iin.
“Bangbayikkkkkk…ngono
kok kemakimu ngeram Lengg..”Swarane Siwo Solebo bantere ngeram.
“Weh,
rumangsake kertuku ora ana..mula ya ajy rangleboni..”Semaure Lik Ndoleng.
“Rasah
NYELAK’I kasunyatan Lik, ndek kapan kae, nalika rampung ngibadah, aku njupuk
kertu wulanan, sampeyan ya ngerti, ananging ethok-ethok raweruh…” Dalijo
ngomong kasunyatan kang klakon.
“Weladalah
Leng, klakuanmu kuwi jebullll..” Ngendikane Pakde Kento,dene Lik Ndoleng mung
klecam-klecom kaya Blekok dijarak precil..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar