Sabtu, 20 Maret 2021

WANGI

 

Setu Kliwon 20 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Habakuk 3 :2-13

Jabur 51 :1-12

Yokanan 12 :1-11

Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, tumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau.” Yokanan 12:3

 

Yen dikon milih, mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki luwih milih gandha WANGI tinimbang gandha mbanger. Kuwi isane klakon amarga gandha WANGI kuwi tumrape lumrahe menungsa mesti nyenengake, mbuh yen wis ora seneng karo gandha WANGI,mbokmenawa wis klebu golongane wong kang ora lumrah. WANGI kuwi kahanan, yakuwi kahanan kang isane rinasa dening menungsa lumantar irung minangka indra pengambet, lan yen jik normal mesti isa mbedakne ndi sing WANGI lan ndi sing mbatheg. Ing jaman saiki malah isa kanggo titikan, yen wis raisa ngambet, kuwi isa klebu golongan kang kena serangane pirus “topik songolas”… Sepisna meneh, menungsa (lumrah),mesti luwih seneng gandha WANGI tinimbang mbanger.

 

Bab WANGI kuwi nate dadi crita lan piwulange Kitab Suci, yakuwi nalika ngepasi wektu nyedaki Gusti Yesus sinalib. Nalika kuwi wis padha ngumpul neng Betania, saperlu ngriyayakne Paskah. Nalika Gusti nembe dolan neng omahe Lazarus kang nate “koit” njur diuripake meneh dening Gusti. Ing kono ana wong okeh, lan nalika nembe asyike ngeram jejagongan, udad-udud lan ngopi, ujug-ujug teka Maryam (kang nate kaapura dosane), njur lungguh lan mbukak botol lenga nared utawa narwastu kang nduweni aji dhuwure ngeram. Sakwise mbukak lengan nared, Maryam njur njebadi sukune Gusti, amarga kuwi lenga kang WANGI banget, njur saisine omah dadi anggandha WANGI.Ngerti kahanan kaya mangkono kuwi, Paklik Yudas, sing pancen mikire mung bab dhuwit lan dhuwit, cluluk. “ Lenga pangaji semono gedene malah mung nggo nglomoti sikil, didol lan didumake wong miskin lak luwih maedahi..” Unine sinis, sajak ora trima karo tumindake Maryam.

 

Gusti Yesus pirsa atine paklik Yudas,mula njur dipangandikani. “ Das, rasah kokean guneman, tokna wae apa sing dilakoni Maryam, kuwi dilakoni kanthi iklas lan malah isa marakne sakisine ruwangan iki WANGI..” Yudas mung (sok) mikir liyan, kamangka iku mung arep nggolek bathi materi, dene Gusti mirsa samukawis kanthi pamawas kang wicaksana. Maryam ana ing pamirsane Gusti nglakoni kuwi kabeh kanthi iklas, lan wong kang iklas nglakoni kuwi ora mikir regal an bandha. Maryam misungsungake kang diduweki, lenga nared (narwastu) kang pangajine yen saiki atusan juta, iklas merga rumangsa diapura dosane. Ajine lenga nared kuwi ora ana apa-apane dibandingake karo Sih Rahmate Gusti kang menehi pangapura marang dewekne, mulane Maryam kepengin ndadekne kahanan papan kang ing kono ana Gusti dadi WANGI. Dadine, pisungsung kang iklas kuwi marakne WANGI ing samubarange.

Ing jaman saiki mbokmenawa angel nggolek pawongan sing kaya Maryam, misungsungake kabeh kang dadi darbeke. Saiki misungsungake kuwi mung saka “turahan” kang dadi butuhe uripe, arang sing mligekake kanggo pisungsung. Mulane, yen saiki gandhane rada kurang WANGI, kuwi mbokmenawa amarga niyate lan jumlahe ora padha karo Maryam, nalika njebadi Gusti Yesus.

 

“Jo, paklikmu Ndoleng ngandi kok durung ketok?” Takone siwo Solebo, nalika setu sore kuwi kerjabekti ngresiki pekarangan greja.

“Mbuh Wo, jarene sibuk, mau ngomong yen arep mangkat sakwise rampung olehe nderuki Katak Porange sing wis panen” Semaure Dalijo, sinambi ngesiki kaca.

“Wong ya ramesti sesasi pisan kerjabekti, kok ya isih dinyang ta yaaaa..ya..” Grundelane Siwo Solebo.

“Kuwi tegese rung ngimani Gusti kang Sol,merga jik nengenake butuhe dewe. sinau saka tulisane mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, pisungsung kuwi kudu nomer siji, kaya Maryam kang misungsungake lenga nared asli, mula njur anggadha WANGI..Saiki yen niru Maryam kabeh mesti kahanane ya melu “WANGI”, aku yakin kuwi..” Pakde Kento lagi teko ya melu sesorah, njur ketungka tekane Lik Ndoleng.

“Jo, Dalijo…janjane sing bener kuwi kerjabekti apa kerjabakti ta? Kok sajake ana sing beda ya..” Muni ngono Lik Ndoleng sinambi nglirik Dalijo, dene Dalijone reka-reka rakrungu, klepas-klepus karo MLDne, lan ing batin muni,

“Trondoloolo, cah tuwek malah ngece…Jindullll!!”

 

 

Mbah’e..

 

1 komentar:

  1. Mbah...kerjaBekti oopo kerja bakti??huahhhh....seng Wangi lho mbah....
    Yen iki di pas ke iki,,,

    BalasHapus

FIKSI Di Malam PASKAH