Sabtu, 27 Maret 2021

PENJALUK

 

Setu Pahing 27 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 33 :10-16

Jabur 118 :1-2,19-29

Markus 10 : 32-34,46-52

Gusti Yesus ndangu: “Karepmu Dakkapakake?” Wong picak mau matur: “Rabbuni, mugi kawula sageda ningali!” Gusti Yesus banjur ngandika: “Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.” Markus 10 : 51-52

 

Wong nduweni penjaluk kuwi lumrah, amarga rumangsa butuh lan ora nduweni daya ngusahakne dewe, mula usahane ya mung Njaluk . Njaluk kang diungelake kuwi kang kinaranan PENJALUK. Menungsa kuwi paling berbakat yen dikon Njaluk, wasise ngeram, ananging yen dikon weweh utawa menehi, biyuh angele poll. Sanadyan nduweni PENJALUK kuwi bebas, ananging bab “etika njaluk” kuwi ya kudu dimangerteni.  Nduwenana PENJALUK kang jumbuh karo apa kang dadi kebutuhan, dudu kang dadi pepinginan.

 

Ana crita neng Injil Markus, bab pawongan kang uripe rekasane ngeram, amarga wuta. Amarga kahanane kaya mengkono, pawongan kang kinaranan Bartimeus kuwi nyambut gawene ngemis. Iki ngemis amarga kahanan, dudu amarga berbakat lan njr didadekne propesi. Bartimeus sadhar, kang dadi pepalang uripe njur ora isa makarya kaya lumrahe menungsa liyane amarga ora isa nyawang. Mula saka kuwi, nalika krungu Gusti Yesus miyos ing sakcedake, dewekne njur mbengok kanggo ngungelake PENJALUK’e. Lho, apa ta sejatine kang dadi PENJALUK’e Bartimeus? Apa amarga rekasa uripe merga dadi pengemis, njur njaluk marang Gusti kasugihan tanpa makarya? Jebul dudu kuwi. Bartimeus ngerti yen dewekne butuh isa nyawang, mula nalika nduweni PENJALUK marang Gusti supaya isa nyawang utawa ningali.

 

Bartimeus ngerti apa kang dadi butuhe, sanadyan ya nduweni pepinginan. Bartieus sajake paham karo kawicaksanane Gusti Yesus, yen mung arep maringi PENJALUK kang jumbuh karo kabutuhane menungsa, dudu karo pepinginane menungsa. Lan ing kasunyatan, ora let suwe, apa kang dadi kabutuhane Bartimeus lan kuwi kang dadi PENJALUK’e, klakon tinampa.

Ing jaman saiki, ora sithik menungsa sing angel mbedakne ing antarane Kabutuhan lan Pepinginan, mula ya kerep ngungelake kang dadi PENJALUK’e ananging ora klakon, amarga kuwi pepinginan, dudu kabutuhane. Sinau saka Bartimeus,payo saiki nyawang marang diri pribadi, apa kang dadi kabutuhan poko, njur ngungelake PENJALUK marang Gusti, aja mung njaluk apa kang dipengini.

 

“Dongakne Bo,panenku Porang musim iki isa molas ton?” Lik Ndoleng miwiti rembugan nalika sore kuwi jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Weh, setuju aku Leng, mung ndongakne wae mayar..Ananging olihme nandur bibitan pirang kintal?” Semaure Siwo Solebo, sinartan nakoni bab tandurane Lik Ndoleng.

“Haiyah..ngayawara pakde, lha wong paklik mung nandur mangkilo kok ngangah-angah panen molas ton, mokalll!!” Iin melu semaur pas ngetokne wedang lan pacitan.

“Isa Lik, tahun 2030, yen saiki ya mokal..” Dalijo melu rembugan.

“Oalah Leng, yen nduweni PENJALUK kuwi mbok sing realistis…aja utopis…nandur mangkilo ngarep mols ton kuwi ngimpiiii!!” Swarane Siwo Solebo.

“Mulane, ayo nduweni PENJALUK kuwi jinumbuhake karo butuh lan kahanane, ora sembarang Njaluk..” Ngendikane Pakde Kento.

“Kaya PENJALUKmu lumantar Ndonga Lik, jare Jik pengen pikenik berdua karo Yu Wasti, apa kuwi ora imposibel (impossible)” Dalijo nggaya nggango basa londo.

“Duss, jik tekan Wasti meneh cahh!!” Grenengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH