Selasa, 30 Maret 2021

DIREMEHAKE

 

Selasa Kliwon 30 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 49 :1-7

Jabur 71 :1-14

1 Korinta 1 : 18-31

Yokanan 12 :20-36

Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, lan kang asor sarta nistha mungguhing jagad, iku kapilih dening Gusti Allah, malah kang ora ana ajine kapilih dening Gusti Allah kanggo ngorakake kang aji, supaya aja ana manungsa sijia bae kang gumunggung ana ing ngarsane Gusti Allah.” 1 Korinta 1:27-29

 

DIREMEHAKE kuwi linggane “remeh”, sing tegese kahanan kang nduweni aji kurang. Saka tembung remeh kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, kayata ngremehake kang tegese nganggep samubarang utawa liyan nduweni aji  kang ora sepiro’a, DIREMEHAKE kang tegese diajeni ora kaya asline. Sing maca tulisan iki mbokmenawa wis nate ngalami rong tembung saka tembung lingga remeh kuwi, isa nate ngremehake liyan lan uga nate DIREMEHAKE dening liyan. Ora sithik sing nalika DIREMEHAKE njur klara-lara atine,ananging ya ora sithik uga sing seneng  ngremehake liyan. Kuwi kabeh lelakon sing nate dadi pengalamaning urip sapa wae, sepisan maneh mbokmenawa klebu sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem ngguyu dewe.

 

Bab remeh, ngremehake lan DIREMEHAKE kuwi nate dadi pokok piwulange rasul Paulus ana ing surate marang pasamuan ing kutha Korinta. Ing surate kuwi rasul Paulus ngelikake menawa ngugemi kapercayan marang Gusti Yesus, mirunggan bab keslametan kang minangkah peparing, dadi bab kang bodho tumrape wong Yunani lan dadi bab kang muspra tanpa guna tumrape (saperangan) wong Yahudi. Merga saka penemu kang kaya mengkono kuwi, njur para pasamuane Gusti neng Korinta njur DIREMEHAKE, dianggep asor lan ora nduweni aji. Amarga kahanan kang kaya mengkono kuwi, njur ora sithik pasamuan wiwitan ing Korinta nglokro kapercayane lan males nindakake pakaryan keslametan. Mirsa kang kaya mangkono kuwi, rasul Paulus njur ngirimi “surat cinta”, kang isine menehi kekuwatan supaya ora nglokro sanadyan DIREMEHAKE.

 

Ora mung ing jamane pasamuan ing Korinta, bab DIREMEHAKE kuwi tekan saiki ya jik klakon. Ora sithik pasamuane Gusti sing njur ora “PD” nalika dadi para pengarsane pasamuan, amarga dadi pangarsane pasamuan kuwi ora nduweni prestis (prestise). Uga ora sithik sing nate DIREMEHAKE dening liyan nalika ngugemi kapercayan marang Gusti Yesus. Nalika nemahi kahanan kang kaya mengkono kuwi, aja pada nglokro, orasah isin lan baperan nalika DIREMEHAKE, kuwi perkara sing lumrah nalika nderek mlaku ana ing dalan kang mbiyen dipilih dening Gusti Yesus. Sepisan meneh, aja  cilik ati nalika ngayahi pakaryan peparinge Gusti, njur DIREMEHAKE, kuwi malah nembe netepi timbalan sing sakmestine. Wis, semene ndisik ya, arep melu jagongan neng Cakruk Sor Talok.

 

“Bo, jare arep ana pilihan majelis ya?” Takone Lik Ndoleng neng siwo Solebo.

“Yoi Leng…piye, siap apa ora sliramu?” Wansulan lan pitakonane Siwo Solebo.

“Hmm, anu Bo, aku kuwi janjane..anu..ananging aku kuwi,,anu lho Bo..” Grothal grathul olehe Lik Ndoleng mangsuli.

“Kokean alesan Lik, mbok ngomong wae wegah, wong sampeyan kuwi bola-bali ngendika yen dadi majelis kuwi ora ana untunge babarblas,mulane ya wegah nalika ditawani dadi calon majelis. Sampeyan kan ngremehake timbalan ke-Majelis-an ta?” Semprote Dalijo, nalika nembe teka mbuh seka ngendi.

“Oalah Leng, jebule awakmu ngremehake timbalan majelis ta? Aja klora-kleru Leng, aja ngremehake timbalan kuwi, mengko awakmu klakon diremehake dening Gusti..”Siwo Solebo menehi penemu kang sajak wicaksana.

“Wah, jebule aku kleru ya cah…ananging kenangapa yak ok neng ngendi-endi angel nggolek majelis?” Ujug-ujug Lik Ndoleng kaya gembreneng ngomong dewe.

“Kuwi merga okeh sing nduweni penemu kaya awakmu mau, ngremehake timbalan majelis, jajal wae ana apa ora para sedulur sing sok maca BENINGE EMBUN ESUK iki sing nate ngudang anake mbesuk yen gede dadia majelis?. Kuwi majelis kuwi gawean kang DIREMEHAKE..” Pakde Kento menehi pamawase.

“Lik, kowe palinga gelem dadi Majelis yen bareng karo Yu Wasti..”Iin, njedul seka pawon, nyuguhke kopi lan melu njarag Lik Ndoleng.

“Dusss…malah kuwi meneh Innnnnnn….Jirutt nan og kowe kui..” Grenege Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH