Jumat, 05 Maret 2021

NGUMBAHI

 .

Jemuah Kliwon 5 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 19 : 9b-15

Jabur 19

Lelakone Para Rasul 7 :30-40

Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane. Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.” Pangentasan 19 :10-11

 

Mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki wis kerep ngayahi gawean kang kinaranan NGUMBAHI utawa ana uga sing ngarani Umbah-umbah, yakuwi gawean kang tujuane ndadekne sandhangan utawa barang apa wae dadi luwih resik tinimbang sakdurunge. Racak’e, NGUMBAHI kuwi dilakoni kanthi sadhar lan nggunakake banyu minangka srana utamane lan uga ana piranti tambahan kayadene sabun utawa diterjen. Sanadyan dudu gawean kang ribet, ananging durung mesti kabeh wong gelem lan kanthi sukarenaning penggalih ngayahi gawean NGUMBAHI, merga ya ana uga sing nyawang yen gawean NGUMBAHI kuwi dudu gawean berkelas, jajal wae kon komen ngko neng kolom komentar, ana sing komentar ora bab sing rumangsa kesinnggung merga wegah nglakoni gawean NGUMBAHI.

 

Ana crita kang minangka piwulang saka ing Kitab Suci, kang menehi kawruh bab NGUMBAHI, yakuwi dhawuhe Sang Yehuwah marang nabi Musa, supaya ngakon bangsa ngisrael nglakoni gawean NGUMBAHI, minangka syarat sesuci sakdurungi olih nyawang Sang Yehuwah. Bangsa ngisrael dinawuhan NGUMBAHI sandhangane, ben dadi luwih resik. NGUMBAHI sadhangan kuwi ya mbutuhake ragat kang awujud tenaga,wektu, fokus lan uga prabea. Bab rekasa lan orane NGUMBAHI, ya gumantung sepira regete barang kang bakal dikumbah. Sansaya reget ya sansaya rekasa, ora patia reget ya ora patia rekasa.

 

NGUMBAHI kuwi saklyane nduweni makna “asli” utawa denotative, uga nduweni makna pasemon utawa konotatif, yakuwi ngresiki regeting awak lan patraping urip. Mbokmenawa wae sakdawaning dalan urip sing wis diliwati okeh reregeting uri kang tumemplok ing uripe, kudu ndah dikumbah supaya resik lan pantes sowan dalah nyawang kahanane Sang Yehuwah. Mula saka kuwi, yen sandhangan reget wae kudu dikumbahi ben dadi luwih resik, urip iki ya okeh regete, mula kudu dikumbah. Sakwise maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki, sing sadhar payo ndang gek NGUMBAHI reegeting panguripan, ben ndang resik lan isa nyawang kahanane Sang Yehuwah.

 

“Joooo, Dalijo….tulungana aku..iki sing kleru mripatku apa hape andoitku, kok blas ora cetha olehku nyawang tulisane…” Swarane Lik Ndoleng serune ngeram, nalika neng Cakruk Sor Talok rung ana wong-wing.

“Atur ngonoa, jan-jane ana apa ta Leng, kok loap-laop kaya gangsir nampa udan sepisanan?” Takone Wak’ane Solebo.

“Weh, kowe wis njedul ta Bo, iki lho hapeku racetha disawang, mula angel maca WA lan liya-liyane” Semaure Lik Ndoleng, lan durung kober mbacutake ngomonge, ketungka njedule Dalijo, bareng karo Iin sing nggawa kopi lan pacitan. Dalijo njur nyandak hapene Lik Ndoleng, diresiki lan diwenehake meneh, merga wis cetha.

“Piye saiki Lik?” Takone Dalijo.

“Weh, wis cetaha saiki Jo, wis bening…josss…” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi mau reget Lik layare hapemu, njur takresiki…mula sakwise takresiki njur dadi bening lan isa cetha kabeh” Unine Dalijo.

“Kuwi kaya urip iki Lik, okeh regete, mula kudu diresiki, kudu wani NGUMBAHI reregeting urip, ben isa bening disawang” Unine Iin, kabeh manthuk-manthuk.

“Yen kowe bening kuwi mung yen nyawang Wasti Leng, kamangka saiki wis gedee sakhilolah..” Wo Solebo njur muni bab Wasti, lan kuwi ndadekne  Lik Ndoleng njondil..

“Jrettttt…malah tekan kuwiiii menehh” Pisuhe Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH