Selasa, 16 Maret 2021

KEPLESET

 

Selasa Legi 16 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK

KEPLESET LURRR!!


Wilangan 20 :1-13

Jabur 107 :1-16

1 Korinta 10 : 6-13

Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.” Wilangan 20:12

 

Kabeh sing maca tulisan iki, mbokmenawa wis paham bab tembung KEPLESET, malah mbokmenawa uga wis nate (malah kerep) ngalami apa kang kinaranan KEPLESET. Lho,lha jan-jane apa ta tegese tembung KEPLESET kuwi? KEPLESET kuwi tegese kahanan nalika mlaku njur awak meh tiba amarga (biasane) dalane lunyu. Yen pas ora dadi begjane, KEPLESET isa marakake tatu lan lelara marang sapa wae kang ngalami. Sakliyane tegese “Denotatif”, yakuwi teges uata arti kang asli, kaya kang wus dijlentrehake ing ndhuwur, tembung KEPLESET isa uga nduweni arti “konotatif”, yakuwi arti singlon. Kang isa didadekne conto bab arti singlon kuwi kaya mengkene, “Wah, kae Den Baguse ngendikane KEPLESET, mula ana sing tersinggung..” Isa uga kaya mengkene, “Wah, kae Kang Gondhong sesambungane mbiyen karo Niar, KEPLESET, mula ya rasida..” Kuwi kabeh conto yen tembung KEPLESET kuwi sakliyane nduweni arti asli, isa uga diartekne manut kahanan.

 

Bab KEPLESET kuwi nate dialami dening nabi Musa, nalika nembe ngirit bangsa ngisrael metu saka Mesir, menyang Kenaan. Nalika kudu ngliwati pasamunan kang ora ana banyune, bangsa ngisrael padha nggedumel ora karuan, memper sing maca tulisan iki nalika nonton sinetron njur listrike mati, hehe. Nalika nggedumel kuwi kabeh ukara, kabeh rembug diumbar, ya pancen nylekit lan marakake laraning ati. Nalika kuwi, bangsa ngisrael ngrasa ngelak poll, merga panas lan ora ana banyu, njur sowan karo misuh-misuh marang nabi Musa lan Imam Harun. Sanadyan sabar, ananging nalika wis kebangeten, nabi Musa lan Imam Harun ya gregetan uga, mulane, njur sowan Gusti. Asile sowan Gusti kuwi entuk “wangsit”, supaya nggawa teken kanggo nutthuk watu parang, ben metu banyune.

 

Nabi Musa lan Imam Harun, nglakoni apa kang dadi dhawuhe Gusti, ngajak bangsa ngisrael nyedak ing sawijining parang. Ing kono nabi Musa njur nuthukake tekene, ananging ana rembug kang luput utawa ora manut kersa lan dhawuhe Gusti. Dhawuhe Gusti, thuthuken parang kuwi amarga dhawuhke, ben bangsa ngisrael isa ngombe, ananging nabi Musa malah ngendika, “Heh, wong kang wangkot, padha rungokna! Apa iya aku iki padha kudu ngolehake banyu kanggo kowe saka ing parang iki?” Ana kahanan kang getem-getem lan uga sombong, dhawuhe Gusti, lumantar nuthuk Parang kuwi, bakalan entuk banyu lan kuwi isa dadi srana ngombe bangsa ngisrael, ananging nabi Musa sajak ora percaya nalika nuthuk parang kuwi. Apa kang dilakoni dening nabi Musa kuwi isa kinaranan KEPLESET, lan ora dadi keparenge Gusti. Amarga KEPLESET sak ukara, mulane nabi Musa lan Kangmase, Harun, ora dikeparengke mlebu tanah Kenaan.

 

Saka andharan ing ndhuwur, isa dipethik pasinaon sing cetha. Sing padha ngati-ati karo rembug utawa ukara, amarga ana kang ngarani yen ukara lan tembung kuwi pandonga. Kapindhone, sak-emosi-emosine, aja nganti lali lan nglalekne marang pangwasane Gusti, nabi Musa lan Imam Harun saking esmosine, njur lali, mula tumindak kanthi mangu-mangu, kamangka kuwi kabeh sejatine dhawuhe Gusti. Mulane nalika nindhakne kersane Gusti utawa dhawuhe Gusti kudu yakin-mbolokin, aja mangu-mangu, merga yen mangu-mangu isa dadi memala. Wis semene ndisik, arep melu jagongan neng Cakruk Sor Talok, wong wing iwis “off” ora jagogan, mosok dina iki ramelu meneh..eman Dullll!!

 

“Jo, iki mau Solebo takok, kena ngapa mbiyen sliramu ora sida kedadeyan karo Tarsi, apa ana KEPLESET’ing tembung?” Nalika Dalijo lagi wae tekan cakruk, njur ditakoni perkara sing “sensitip”.

“Wah kuwi lelakon mbiyen Lik, wis taksimpen neng papan kang sakmestine” Dalijo sajak wicaksana olehe mangsuline.

“Bener Jo, yen lelakon mbesok rasah direken..” Siwo Solebo melu nanggepi.

“Jan-jane ora rembug sing KEPLESET,ananging malah batin utawa emosiku, merga ana bab sing ndadekne aku njarem, njur nyupata…..lha mikirku iseng, malah KEPLESET..yawis taktampa sakuwatku..” Dalijo semaur, sajak ngampang, mbuh apa kelingan marang Tarsi apa kepiye, ora ana sing ngerti sakliyane Dalijo dewe, njur njomblak kaget, merga sakjrone ngalamun, jebul Dalijo jik udud, lan ngisepe kleru wowone..Jiann!!

 

Mbah’e..

 

Notes:

1.      Sing maca ora olih ngguyu dewe

2.      Ora usah takon-takon, saiki Tarsi ana negendi.

 

2 komentar:

  1. Kui penglamane mbah Doni😎🤔😅😅😅piss wes njarem ora sida karo Yu "T"huahahah,,,matur nuwun renungan ing dina iki,,

    BalasHapus

FIKSI Di Malam PASKAH