Sabtu, 06 Maret 2021

RADIGAGAS

 

Setu Legi 6 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 19 :16-25

Jabur 19

Markus 9 :2-8

Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.” Markus 9 :5

 

Racak’e okeh menungsa sing gampang mutung, nalika apa kang dadi ide utawa penjaluk’e babarblas RADIGAGAS dening liyan. Apa meneh yen saka ing rumangsane, ide utawa panjaluk kuwi katon apik tur ya ora luput alias bener. Dene “Seni Mutunge” menungsa nalika ide utawa penjaluke RADIGAGAS kuwi macem-macem, ana sing njur wegah srawung, ana sing mundhur saka paguyupan, ana sing njur nggawe kelompok dewe lansakpanuggalane. Pokoke, yen idene RADIGAGAS, okih banget sing mutung. Ide utawa penjaluk kuwi maneka werna wujud’e ing sesrawungan, menawa sakpepada menungsa ung minaranan ide utawa penjaluk, ananging yen hubungane karo Gusti Allah, ide utawa penjaluk kuwi kinaranan pandonga. Lan uga okehe ngeram pandonga sing RADIGAGAS Gusti, njur padha mutung,

 

Ing Injil Markus, cethane neng bab 9 , neng kana dicritakake kaya ngapa kahanane nalika ana ide lan panjaluk apik babarblas RADIGAGAS dening Gusti. Nalika iku Gusti Yesus ngajak siswane cacahe telu, Simon, Yokanan lan Yakobus, dijak munggah Gunung (aja-aja Gusti Yesus kuwi hobyne muncak ya?). Sakwise tekan ing papan kang tinuju, njur mandeg lan Gusti ndedonga. Ing kana njur ujug-ujug, makpethuthuk,  njedul  Eyang Nabi Musa lan Eyang Nabi Elia. Kahanan kuwi kang marakne Petrus Al Simon seneng lan krasane ngeram, mula kepingen nggawekne omah (tenda), kagem Gusti Yesus lan tamune kang cacahe loro. Ananging “ide brillian” kuwi babarblas RADIGAGAS dening Gusti Yesus, merg bubar “meeting” karo Eyang Musa lan Eyang Elia, njur bablas bali mundun.

 

Ngalami kahanan kang kaya mengkono kuwi Petrus Al  Simon ora nesu, ora ngamuk njur mutung wegah nderek Gusti. Bayangke wae umpamane klakon lan lelakon kang kaya mengkono kuwi dialami “tokoh penting” ing jaman saiki, idene ora digagas,mesti njur mutung sakmutung-mutunge. Kabeh dipaido kanthi seni kritik membangun, dadi wong sing apatis lan ora gelem djijak kerjasama lan sakpanunggalane. Simon Al Petrus ngerti, sadhar yen kahanane kuwi mung “titah” lan merga saka kuwi kudu manut marang Kang Nitahake, rapareng nesu, mutung,ngamuk lansakpiturute. Apa kang dialami lan dirasakne Simon Al Petrus, isa dadi pancatan urip, anggone padha nderek Gusti. Ing tembe, Petrus dadi abdi kang peng-pengan anggone nerusake pakaryane Gusti, kuwi kabeh isane klakon nalika Petrus tetep setya tuhu sanadyan ide lan panjaluke RADIGAGAS babarblas.

“Jo, paklikmu pirang-pirangndina ora ngetok neng rapat komisi PEG ngandi jan-janjane?” Takone Pakde Kento, nalika sore kuwi wis cangkrukan neng Cakruk Sor Talok.

“Nesu dhe, mutung, amarga idene nalika rapat blas RADIGAGAS. Wangsul saking rapat  njur ngamuk, kabeh disalahake,napa malih kaliyan Kang Markun, biyuhh..diundha-mana, entek amek kurang golek..” Semaure Dalijo, saja ngontore ngeram.

“Klakuane Ndoleng jian konsisten temenan jebule, kawit mbiyen tekan saiki jik mutungan lan nesunan..” Wak’ane Solebo melu komentar.

“Duss…takira ngalem Bo, jebul ya mblesekake aku…..Trondollo…lha piye ora mutung, saben ideku radigagas, ananging Markun muni sakecap wae mesti dirungokne..Kecukmbendhooooo!!!” Lik Ndoleng njedul sinambi jik ngetokake kanepsonane.

“Mulane Yu Wasti milih kang Markun Lik, lha jebul ya kalah cerdas,kalah brilian..sakne lhooo…” IIn nggawa wedang sinambi nyindhir Lik Ndoleng.

“Dengkulmu gowang kuwi In….” Unine Lik Ndoleng meneh.

 

mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH