Selasa, 02 Maret 2021

PERCUUUUUUAAAAAYUUUUUUAAAAA!

 

Selasa Pahing 2 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK

PANEN PORANG


Purwaning Dumadi 22 :1-19

Jabur 105 :1-11,37-45

Ibrani 11 :1-3,13-19

Iskak banjur matur marang kang rama: “Rama!” Paring wangsulane Rama Abraham: “Ana apa ngger, anakku?” Ature kang putra: “Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempe ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?” Rama Abraham mangsuli pangandikane: “Mungguh cempe kang bakal kagawe kurban obaran iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani, anakku ngger!” Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.

Purwaning Dumadi 22 “7-9

 

Biasane wong Jawa kuwi yen arep menehi “penegasan” marang samubarang isa lumantar maneka werna cara, salah sijine lumatar nulis utawa nywara kanthi luwih dawa. Umpamane arep menehi tekanan marang swara sing lirih, njur ora isa krungu, biasane njur ngomong…”sing seru..” kanthi tekanan neng hurup “u” nyebute suwe, lan menawa nulis ya kari ndokoni hurup sing dawane ngeram. Mula saka kuwi, nalika nyawang njur maca jejer BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, mbokmenawa ana sing (kober) takon ing njero atine, “kuwi apa karepe,kok nulis PERCAYA wae ndadak diokehi hurupe “u” lan hurupe “a”. Alesan sepisan, amarga jejer PERCAYA wis nate tinulis, raenak mosok jejer utawa judule kok padha, mula ya dimodipikasi. Dadi, tembung PERCUUUUUUAAAAAYUUUUUUAAAAA, kuwi tegese kahanan sing Percayane jian pol temenan, ora ana sanggarunggine babarblas.

 

Ana conto neng Kitab Suci bab wong sing nduweni kapercayan sing ngedab-edabi, yakuwi rama Abraham. Lha lire kepiye? Lha wis suwene ngeram ora nduwe anak, njur nduwe anak wae nalika umure wis satusan tahun, lha njur anake kuwi dijaluk Gusti Allah. Nalare ya mokal arep dicaosake, ananging manut critane Kitab Suci,  rama Abraham manut, lan njur mlaku manut karo dhawuhe Gusti Allah, lan arep nyaosake Iskhak, putra kinasihe kanggo korban marang Gusti Allah. Ora isa dibayangake kaya ngapa rejeh-rejehe atine rama Abraham nalika nampa dhawuh kuwi, lha paribasan anak kecokot semut wae wong tua (sing lumrah lho ya) melu ngrasakne lara, lha iki mung nduweni anak siji, kuwi wae entuke nalika wis umure satusan tahun, lha kok dikon ngaturake, pora jian pol tenan Gusti Allah kuwi.

 

Ana bab sing penting kang isa dadi pancatan kanggo nduweni rasa percaya nganti PERCUUUUUUAAAAAYUUUUUUAAAAA, kaya juduling tulisan iki, yakuwi nduweni pengalaman marang Gusti. Awit pengalaman kang kuwat kuwi, rama Abraham isa wangsulan nalika ditakoni Ishak, bab cempe kang bakalane arep dikorbanake.Sanadyan rama Abraham pirsa, yen manut dhawuhe Gusti, Iskak sing bakalan nggenteni cempe minangka korban, ananging rama Abraham ya luwi yakin yen Gusti Allah wus nyediyani. Lan sing klakon pancen Iskak ora sida dibeleh kanggo korban, amarga wis disedyani Gusti Allah, kang awujud cempe kang ana ing sacedake papan kanggo atur korban. Pancen angel niru kang diakoni rama Abraham, ananging sanadyan angel kudu dilakoni, dicoba lan terus disinaoni. Rasah kwatir lan wedi bakalan kelangan apa kang (rumangsane) dadi duweke, kuwi kabeh kagungane Gusti, mula nalika Gusti ngersakne, aja digondeli,culna kanthi iklas lan esem sing marakne kabeh kang maca tulisan iki bingung, merga mbayangake eseme mantane dewe-dewe..

 

“Jo, apa wis yakin yen mengko Porang kuwi bakalane ajeg ana ajine?” Takone Wak’ane Solebo neng Dalijo, bab tanduran Porang.

“Sakliyane kathah brita bab Porang lan manfaate, kula yay akin kok Wo, yen Porang niku dados srana mulyanipun menungsa, sauger dilakoni kanthi raos Percaya..” Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Lha mengko yen klakon ora payu piye Jo?” Lik Ndoleng melu cawe-cawe, sinambi ndudut jisamsune Wo Solebo.

“Lha kuwi kan panganan ta Lik, mung wae carane ngolah jik gumantung teknologi saka Jepang, yen disinaoni kan ya isa nggawe teknologi kanggo misah glukomanan lan calcium oksalate, njur isa dadi bahan panganan kang paling sehati saknjagad raya..” Dalijo menehi wangsulan kanthi gamblang.

“Mula Lik, nelitia, mbok menawa isa nggawe mesin sing isa misahake glukomanan lan kalsum oksalate, ben isa mandiri  pangan sehat. Jarene Mbah’e, kepinging nggawe paguyupan “Lumpia”, Lumbung Pangan Indonesia, ben mandiri pangan” Iin melu urun rembug.

“Yen awake dewe isa nglakoni, lan nyenyuwun marang Gusti mesti klakon, kaya rama Abraham, klakon ana gentine anake dadi korban. Ananging yen mung meneng wae, ya mokal klakon, mula ayo ngrekadaya, nggolek dalan supaya ideme mbahe kuwi klakon, kudu nduweni rasa percaya sing guedii utawa PERCUUUUUUAAAAAYUUUUUUAAAAA..” Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH