Kamis, 04 Maret 2021

DITIMBALI

 

Kemis Wage 4 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



PAngentasan 19 : 1-9a

Jabur 19

1 Petrus 2 :4-10

“..Kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.” 1 Petrus 2:9

 

Tembung DITIMBALI kuwi linggane bali, sing tegese mingket utawa pindhah saka papan seje tumuju marang papan asale. Saka tembung bali kuwi ora mung dadi tembung DITIMBALI, uga ana tembung tinimbalan, katimbalan,nimbali lansakpanunggalane. Dadi, tembung DITIMBALI kuwi tegese dikongkon mulih utawa bali, lan nalika bener-bener nglakoni ayahan bali, kuwi dudu merga karepe dewe, kuwi merga ana sing ngersakne, yakuwi sing nimbali. Tembung DITIMBALI kuwi pancen tembung kang lumrah, awit meh saben wong nate ngomong lan krungu tembung iki, ananging ana ing donyanying kapercayan utawa iman, tembung DITIMBALI kuwi nduweni makna sing jian jerone ngeram.

 

Neng layane marang pasamuan ing Asia Kecil, rasul Petrus memulang bab kahanane menungsa ana ing ngrasane Gusti, yakuwi amarga DITIMBALI. Menungsa ora isa sowan sakarepe dewe njur bludhas-bludhus kaya neng kantin kae, ananging isane sowan kuwi merga DITIMBALI, mula aja padha jumenthus yen nduweni kesempatan sowan Gusti lan uga aja nglirwakne “jadwal” sowan Gusti,amarga Gusti ya sejatine nduweni agenda liyane, ora mung nunggu menungsa sing sakarepe dewe. Dene ancase DITIMBALI kuwi ora mung meh diwenehi berkah thokthil uenak temen!!, anane DITIMBALI kuwi amarga meh dikon makarya, dikon kerja, ben hora nganggur  ananging njur njaluk berkah sajeg’e urip. Lha njur pakaryan apa kang kudu dilakoni menungsa sakwise DITIMBALI? Ya manut kersa lan butuhe Gusti, wong sing kagungan kersa lan gawean Gusti.

 

Sakwise DITIMBALI, menungsa ora oleh ngenyang, emange pasar olih ngenyang, kudu manut kersa lan dhawuhe Gusti. Kudu dieling, yen Gusti kuwi luwih wicaksana, aja sok ngenyang dhawuhe Gusti,kuwi tegese rumangsa luwih nduweni pangwasa tinimbang Gusti. Yen DITIMBALI nju dinawuhan makarya, lakoni wae, amarga Gusti luwih wicaksana tinimbang awak’e dewe sing jian babarblas rawicaksana iki. Lha apa ya ana ta sing sok mung gelem DITIMBALI lan mung njaluk berkah lan wegah tumindak makarya? Biyuhh, okehe ngeram..wong sing maca tulisan iki wae rasithik sing gelem DITIMBALI ananging emoh didwenehi pakarya, yok an? Hayo, sing maca karo mesem-mesem dewe, mesti nate ngalami.

 

“Ngapa wingi DITIMBALI pak bupati Jo?” Takone Lik Ndoleng. “Entuk adiah apa?”

“Iyo Lik, aku entuk adiah, jos tenan  pokok’e..” Wangsulane Dalijo.

“Weh, mbok aku didumi, aja mbokpek dewe. Ngko kloloten adiah, “game” kowengko..” Lik Ndoleng sajak pengen karo hadiah saing omongake Dalijo.

“Oke Lik, kowe ya sing dadi koordinator budidaya Porang neng ndesa kene..kuwi adihae Lik” Dalijo menehi wangsulan bab adiah apa sing ditampa Dalijo.

“Dusss..takira duwit apa mobil, jebul malah gawean…jindull..Moh akuuu Jo!!” Grenenge Lik Ndoleng.

“Mulane mikirmu aja cethek Leng, hadiah kuwi okeh wujud’e. Kael ho piwulange Gusti, sing diandharake mbah’e, yen menungsa kuwi DITIMBALI Gusti, sakliyane arep diwenehi berkah, ya bebarengan karo gawean. Mula, dadekna gawean saka Gusti kuwi berkah,aja momotan. DITIMBALI Gusti kuwi nampa berkah ya gawean, aja mung mbok tampa berkahe thok, njur gaweane mbok uncalke pawuhan” Piwulange Pakde Kento.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH