Jumat, 26 Maret 2021

SESAMBATA

 

Jemuah Legi 26 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 33 : 1-9

Jabur 118 :1-2, 19-29

Filipi 2 : 12-18

Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.” Yeremia 33 :3

 

SESAMBATA, kuwi linggane Sambat, kang tegese muni utawa ngomong kanggo nyritakake kahanane. Biasane Sambat kuwi bab kang dadi kekarepane, kayata kadang tani nalika hasile panen ora gathuk karo pengarep-arepe, mesti njur pada Sambat. Arang wong Sambat kuwi merga kahanan apik kang nempuh awake. Saka tembung lingga Sambat kuwi isa dadi tembung SESAMBATA, kang tegese prentah supaya Sambat. Dadi, kang muni SESAMBATA kuwi menehi kalodangan marang sing diajak rembugan supaya Sambat , bab kahanan kang nembe diadepi. Saben wong (klebu sing maca tulisan iki) nduweni “Bakat Potensial” yen urusane bab Sambat, malah ora sithik sing Sambate marang media social. Hehe..

 

Neng Kitab Yeremia ana dhawuh saka Gusti Allah, supaya menungsa Sambat, lan tujuane sambat kuwi dudu marang sapa-sapa, ananging marang Gusti Allah. “SESAMBATA marang Ingsun..!” Kuwi wujudte prentah utawa dhawuh, supaya bangsa ngisrael ora Sambat marang  kahanan sakliyane marang Sang Yehuwah utawa Gusti Allah. Lho, kok isa nganti Gusti ngendika mengkono? Isa wae, amarga ing jaman kuwi ora sithik perangane wong ngisrael sing Sambat marang brahala, marang patung, marang apa wae sakliyane Gusti Allah. Bangsa ngisrael mangro ing kapercayan nalika ngadepi kahanan kang rinasa abot, mulane njur nggolek papan Sambat liya. Mirsa kang kaya mengkono kuwi, Gusti njur paring dhawuh supaya bangsa ngisrael Sambat marang Panjenengane. Amarga mung Panjenengane sing isa ngudari kabeh kahanan lan masalah urip kang diadepi bangsa ngisrael.

 

Ora mung ing jamane bangsa ngisarel nalika jamane nabi Yeremia, ing jaman saiki bab Sambat kuwi jik dadi :hobyne” menungsa. Uga bab marang sapa Sambate, menawa jamane nabi Yeremia okeh sing pada Sambat marang brahala kang awujud patung lan rerekan liyane, ing jaman saiki Sambate marang media social (medsos). Sithik-sithik nyetatus, nyindiri liyan, malah kadang kala ndongane wae nganggo media social. Lha rumangsane Gusti Allah kuwi sosialita apa kepiye, wong ndonga kok mrang medsos. Uga ing jaman saiki Sambat ya marag media social, jian pol temenan. Lumantar crita BENINGE EMBUN ESUK ing jemuah legi iki, ayo padha ngelingi piwulange Gusti kaya kang tinulis ing Kitab Yeremia 33, bab tujuane Sambat, yakuwi mung marang Gusti Allah. SESAMBATA marang Pangeran Yehuwah, marang Gusti Allah, aja marang liyane.

“Leng, saiki kok patrapmu kaya ABG meneh?” Takone Siwo Solebo marang Lik Ndoleng.

“Weh, lha ana apa ya dhe, apa Paklik saiki dandan terus?” Lik Ndoleng durung kober mangsuli wis ketungka tekane Iin nggawa kopi lan pacitan, sisan takok marang Siwo Solebo.

“Crigis Bo..!” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi lho nduk, In..paklikmu, saiki sithik-sithik nyetatus neng pisbuk lan we’a. Sambat wae neng media social kuwi..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Sithik-sithik nyetatus, nyetatus sithik-sithik ya Wo? Nganti sedina isa ping seket nggawe setatus..”Dalijo melu nimbrung.

“Dus, lha Markun kuwi kapan kae malah pamer kemesraan gek cah..pora yo ngontor aku..”Lik Ndoleng njur jujur marang kahanane.

“Weh, lha mbok yo ben,, wong mesrane ya karo bojone dewe. Apa uruane karo sampeyan ta lik?” Takone Iin.

“Aku maklum kahanamu Leng, ananging aja Sambat marang media social, diguyu pithik. SESAMBATA marang Gusti..ananging mung Sambat thok lho ya, lhawong wasti kuwi bojone Markun, rasah mburucem Leng..” Cetha Pakde Kento olehe nuturi, lan Lik Ndoleng sajak isin, lan misuh njero ati.

“Bajiruttt…kenek terusss ikiii!!!”

 

 

Mbahe..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH