Selasa, 23 Maret 2021

DIGROJOGI

 

Selasa Pon 23 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 44 :1-8

Jabur 119 : 8-19

Para Rasul 2 :14-24

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang mangun sira wiwit ing wetengan tuwin kang mitulungi sira: Sira aja wedi, he abdiningSun Yakub, sarta he Yesyurun, kang wus Sunpilih!Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ig sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira. Iku bakal padha tuwuh kaya suket ing satengahe banyu, kaya wit gandarusa ing pinggiring kali.” Yesaya 44 :2-4

 

DIGROJOGI kuwi tembung linggaku Nggrok, kang tegese mili kanthi linuwih. Biasane sing Nggrojok kuwi sing nduweni sipat cair, kayata banyu. Saka tembung Nggrojok kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, kayata Grojogan, sing tegese papan anane banyu mili gede saka ndhuwur lan tumiba ing ngisor, mula njur ana papan kang kinaranan Grojogan Sewu. Ana uga tembung Nggrojogi, tegese ngileni banyu saka ndhuwur kanthi cacah kang akeh, uga ana tembung DIGROJOGI,kang tegese nampa ilining banyu saka ndhuwur kanthi cacah kang ngluwihi kahanan kang lumrah.

 

Bab tembung Nggrojog lan kanca-kancane mau, uga nate dadi piwulang neng Kitab Suci, cethane bab prasetyane Gusti Allah, kang arep tansah NGGROJOGI para kagungane kanthi berkah kang ngluwihi butuhe menungsa. Piwulang kuwi tinulis neng Kitab Yesaya. Nalika kuwi bangsa ngisrael nembe ngadepi kahanan kang ruwet tur ya abot banget. Lha lire kepiye ora abot lan ruwet, wong wis dadi budak neng panggonane bangsa mungsuh. Kahanan neng “tanah pengasingan” lan uga dadi budak kuwi kang dirasakne abot dening bangsa ngisrael, aboting kahanan ginambarake lemah kang garing tanpa banyu lan udan. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allah lumantar nabi Yesaya, ngelingake bangsa ngisrael yen sejatine kabeh Kagungane Gusti Allah. Sanadyan abot lan rekasa, sejatine Gusti tansah NGGROJOGI ara kagungane, mula ya tetep jik kuwat ngadepi kahanan kang abot kuwi. Ing tembe, wujuding berkah kang NGGROJOGI kuwi bakal kabukten nalika Gusti Allah nuntun bangsa ngisrael bali mulih menyah tanah leluhure lan negarane.

 

Bab ngrasakne urip rekasa lan kokean momotan kuwi ora mung ing jamane nabi Yesaya, ing jaman saiki ya okehe ngeram sing rumangsa uripe rekasa. Mula nalika mbiyen bangsa ngisrael ngrasakne rekasaning urip. njur dielikake dening nabi Yesaya yen Gusti kuwi tansah NGGROJOGI para kagungane. Mulane, nalika ngadepi kahanan kang rinasa abot, oa usah kuwatir, janji utawa prasetyane Gusti kuwi tan nate mblenjani, mula ditatag wae ing kahanan kang sumarah lan sumende marang Gusti. Lan aja ngandi klalen, tetep nglakoni apa kang dadi ayahan tanggungjawabe, mesti bakalane tumeka ing kahanan kang nyenengake.

 

“Jo, kok tumben iki sepine ngeram, do ngandi?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Sembahyang Lik, nyuwun kekuwatan ben kuwat lan isa ngerti kersane Gusti” Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weh, lha ana apa kok ora kaya biasane?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Arep mbuktekne yen jan-jane berkahe Gusti kuwi tansah NGGROJOG Lik” Omonge Dalijo.

“Kuwi jan-jane kaya tresnaku neng Wasti, jik tansah NGGROJOG,ananging saiki tak GROJOGne marang bulikmu  Trinil..” Unine Lik Ndoleng Lirih.

“Poiyo Lik, aja-aja mung alesan thok, ben ora disrawat sandal mbok Cilik Trinil..” Iin melu nimbrung rembugan.

“Dus, krungu wae kowe kuwi In..” Grenengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH