Jumat, 19 Maret 2021

AJEG

 

Jemuah Wage 19 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 30 :1-10

Jabur 51 :1-12

Ibrani 4 : 14-5:4

Harun ngobonga dupa kang wangi ana ing misbyah mau saben esuk, samangsa ngresiki damar-damar. Lan samangsa Harun nyumed damar ing wayah sore, Harun iya ngobonga maneh, dadi pangobonge dupa iku ajeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ana ing satengahira turun-tumurun.” Pangentasan 30:7-8

 

AJEG kuwi tegese kahanan kang tanpa mandeg utawa leren. Kaya tembung liyane, AJEG kuwi kahanane netral, artine gumantung karo ukara kang dieloni dening tembung AJEG kuwi. Mulane, arep negatip utawa positip artine tembung AJEG, kuwi gumantung ukarane, amarga tembung AJEG kuwi mung arep nyritakne kahanan.

 

Tembung AJEG kuwi nate dadi dhawuhe Gusti, ana neng Kitab Pangentasan, ing kana cetha banget yen Gusti Allah ndhawuhi Imam Harun lumantar nabi Musa, cikben nganakake pangobongan dupa lan damar ana ing misbyah kanthi AJEG. Kuwi ngemu teges,supaya anggone wong ngisrael manembah ya AJEG. Sanadyan ketok’e mayar, ananging njaga supaya kahanan isa AJEG kuwi ya butuh pangeorbanan. Supayane AJEG ana dupa ya kudu ngupaya, isa tuku lan uga isa nggolek dewe, gumantung kahanan. Supayane AJEG ana damar , ya kudu ngupaya kanthi tuku lan uga nggolek dewe. Cethane, kanggo njaga supaya kahanane manembah neng misbyah AJEG, kabeh ubarampe kudu tansah cinawis.

 

Ora mung nalika jamane bangsa ngisrael kang dipimpin dening nabi Musa lan Imam Harun wae kahanan manembah kuwi kudu AJEG, ing jaman saiki ya kudu mengkono. Aja kendhat olehe menembah lan uga sranane manembah kuwi kudu AJEG ana, lan yen ora ana kudu nggolek,aja mung njagakne liyan sing mbididaya. Kayadene ing jamane Imam Harun lan nabi Musa, anggone njaga cikben kahanane misbyah AJEG ana ubarampene manembah, ing jaman saiki kudune ya mengkono. Yen sranane entek,ya kudu nggolek, yen sranane kudu tuku ya kudu kabeh wani udhu, kuwi kabeh supaya kahanan manembah marang Gusti Allah kuwi AJEG, aja kendhat apa meneh mandheg, merga kuwi ora dadi kersane Gusti. Kanggo ngupayakne sranane manembah ya aja uthil-uthil, aja pelit-pelit, sing loma marang Gusti Allah, ben tansah nampani ati bungah.

 

Manut kawicaksanane nabi Musa lan Imam Harun, misbyah kanggo manembah kuwi kabutuhan pokok’e menungsa, lan ing jaman saiki mbokmenwa ya ngono. Mula saka kuwi, supayane srana manembah kuwi tansah AJEG kahanane, payo padha mangerteni kabutuhan bab sranane manembah. Aja mung manembah tanpa srana lan tanpa korban, kuwi istilahe  mung nunut,ragelem cucul. Watak ragelem cucul kuwi ing jaman saiki okehe ngeram, sakndayak abuh, malah mbokmenawa sing maca tulisan iki ya klebu wong sing geleme mung nunut lan wegah cucul. Sepisan meneh, kudu dieling supaya Sranane manembah kuwi AJEG ana, kudu ana prabea kanggo lantarane. Wis semene ndisik, iki arep ngumpul neng cakruk Sor Talok.

 

“Leng,tumben rung nyumet udud?” Takone Siwo Solebo, nalika lagi tekan Cakruk, ananging ngerti Lik Ndoleng durung udud.

“Sik, nunggu kahanan sing tepat..bab udud barang yen aku kudu angon wayah lho Bo..” Semaure Lik Ndoleng.

“Yen bab angon wayah aku cocok Leng, ananging yen angonmu wayah bab udud kuwi mung nunggu tekane Kang Solebo utawa Dalijo, kuwi jian kebangeten” Unine Pakde Kento, menehi wawasan bab “tradisine” Lik Ndoleng.
“Pancen Paklik niku konsisten kok Dhe, utawa manut seratane mbah’e, AJEG,ing bab napa kemawon. AJEG njaluk udud, AJEG nginceng Yu Wasti, AJEG ngeyele…” IIn, ngetokne kopi sinartan maido pakne Cilik.

“Crigis In..kowe kuwi ngetokne wedang rasah melu rembugan..”Semaure Lik Ndoleng.

“Lik, kae tanduranmu Porang kok jik AJEG wae, apa ora mbok rumati?” Takone Dalijo, nalika nembe nusul neng cakruk.

“Kabeh AJEG ora kerumat kang, mula mbiyen Yu wasti ya mlayu, milih rangkulane kang Markun, wong paklik ya AJEG, ratahu adus..” Iin muni ngonoo njur mlayu neng pawon, dene Lik Ndoleng mung bekah-bekuh misuh.

“Jrettt..AJEG kena terusss..jindulll!!!!”

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH