Senin, 22 Maret 2021

LANGGENG

 

Senen Pahing 22 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 43 : 8-13

Jabur 119:9-16

2 Korinta 3 :4-11

Satemene apa kang biyen kaanggep luhur, iku dudu apa-apa manawa katandhingake karo kamulyan kang pinunjul iki. Awit manawa kang bisa sirna bae kinanthenan kamulyan, apamaneh kang tetep ora sirna yen oraa kinanthenan kamulyan kang ngluwihi iku.” 2 Korinta 3 :10-11

 

LANGGENG, kuwi tembung kang wis lumrah rinungu padinan kanggone wong akeh, klebu sing maca tulisan iki. LANGGENG kuwi kosokbaline Sakwetara, LANGGENG kuwi isa uga diartekne tan winates lan kosokbaline ya winates. Kanggone menungsa, LANGGENG utawa tan winates kuwi nduweni rong penemu, yen kahanane apik,mesti kepenging lumaku LANGGENG utawa tan winate, dene menawa kahanane ora apik,apameneh ngrekasa mesti kepengine winates, ndang gek rampung. Ana ing piwulang agama, mbuh kuwi agama apa wae, mesti ana piwulang bab kang LANGGENG lan kang winates, sing winates kuwi bab kadonyan lan mungsuhe bab kaswargan utawa kanrakan, lan kabeh kepenging lumebu neng Swarga kanthi LANGGENG.

 

Rasul Paulus nate maringi piwulang bab kang LANGGENG lan kang winates kuwi. Manut rasul Paulus, apa kang mbiyen kaanggep luhur lan nyenengake,menawa kuwi bab kadonyan, kahanane ora LANGGENG. Manut paseksine rasul Paulus, pangerten bab Sang Kristus kuwi kang nekakake kabar kabungahan. Ora mung nalika ana neng ndonya, ananging uga sakmengko sakwise ninggal jagading urip neng ngalamndonya iki. Yen bab kadonyan sing ora LANGGENG wae isa marakne bungah amarga kinaranan luhur, apa meneh iki kahanan kang LANGGENG, kudunenekakne kabar kabungahan kang gede temenan. Ananging kasunyatane cengkah, amarga okeh wong sing ora isa mangerteni bab kang LANGGENG, sing digagas lan mung tansah dipikir kuwi sing katon, kamangka sing katon kuwi ora LANGGENG.

 

Ora mung ing jamane rasul Paulus, ing jaman saiki ya klakon kang kaya mengkono kuwi. Menungsa yen dijak sinau piwulang bab kang LANGGENG, angele ngeram. Menungsa jik seeng mbledig kahanan  kang sejatine ora LANGGENG. Menungsa jik katutup mripate karo gebyaring jagad kang sipate mung sakwetara. Ora sithik sing mapanake bab kang LANGGENG kuwi ana ing “pekiwaning” uripe, lan bab kang ora LANGGENG kuwi malah ana ing pusating uripe. Ora sithik sing nggegegi bandhane, tinimbang andum bandha mau kanggo liyan sing luwih mbutuhake, ora sithik sing jik seneng numpuk bandha kadonyan (sanadyan kuwi ya apik) lan babarblas ora gelem “nyawang” liyan sing jik mbutuhake. Kanthi alesan kang ndakig-ndakig, ngapaya endha ngedum bandha, kuwi ora merga setiti, ananging amarga uthil,pelit lan mung nyawang kadonyan kang sejatine ora LANGGENG.

 

“Dalijo ngandi Leng?” Takone Siwo Solebo, nalika sore kuwi wis kaya padatan, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Mae pamit, arep ngeterake wong kutha, jare kancane. Arep melu nandhur Porang jarene Dalijo” Semaure Lik Ndoleng.

“Weh, ya esipp kuwi Leng..aku maca neng nginternet, Porang kuwi kaya binukae “Kotak Pandora” sing saksuwene iki katutup. Lumantar Porang, para kadhang tani bakalane makmur..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Yonek do gelem melu nandhur, yen mung nyawang lan ndelok, kendele mung alok-alok, apa ya isa makmur ta Bo?. Jarene Dalijo, angele pol ngyakinke para sedulur tani..”Omonge Lik Ndoleng meneh.

“Kudu gelem berkorban Lik, Wo…kuwi syarate ben para sedulur tani isa ngubah “mainset” (mindset)..” Dalijo kang nembe teka, langsung nranjul rembugan.

“Aku mathuk karo kang Dal, kudu ana sing berkorban, kaya aku sing tetep setya tuhu, nggawekne wedang njenengan kabeh, saben sore, kamangka babarblas ora nguruni gula lan kopi..” Unine Iin, nalika metu saka pawon.

“Santai wae In, berkorban  kuwi apik, kuwi tabungan kanggo lakuning urip sing LANGGENG, aja pelit karo bandha donya kang sipate ora LANGGENG. Aku mau ya bar ngaturi bibit Porang, sing takaturi ora ateges wong ora nduwe, sugihe ngeram. Ananging aku ngaturi kuwi iklas, ora nggagas bab sugih lan mlarat…kuwi urusane sing njaluk karo Gusti. Tetegna atinmu In..”Kotbahe Dalijo, mbuh nembe kencokan apa. Dene  Siwo Solebo lan Lik Ndoleng mung klepas-klepus karo jisamsune.

 

mbah’e..

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH