Selasa, 09 Maret 2021

KAPISAN

 

Selasa Wage 9 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 29 :1-11

Jabur 84

Ibrani 9 :23-28

Ing taun kang kapisane paprentahane, ing sasi kapisan, Sang Prabu dhawuh ngengakake lawang-lawange padalemane Pangeran Yehuwah tuwin didandani.” 2 Babad 29 : 3

 

Tembung KAPISAN kuwi linggane Pisan, sing tegese siji,ndisik dewe,ngarep dewe , pokok’e samubarang kang ora ana tunggale. Saka lingga Pisan, njur dadi KAPISAN, mula tembung KAPISAN kuwi tegese samubarang kang ndisik dewe, nomer siji, ngarep dewe, ndhuwur dewe lan ora ana kang ngungkuli.  Sakliyane saka kuwi, tembung KAPISAN kuwi uga nduweni arti sing jero banget, yakuwi kahanan utama samubarang kang utama, dadi punjeraning kahanan.

 

Bab tembung KAPISAN kuwi nate dadi piwulang ana ing Kitab Suci, salah sijine ana ing Kitab 2 Babad 29. Neng kan dicritakake bab kaya ngapa lakune ratu Hizkia kang manut marang kersa lan dhawuhe Sang Yehuwah. Salah siji tanda manute ratu Hizkia  marang Sang Yehuwah kuwi titikane nalika miwiti samubarang mapanake Sang Yehuwah ana ing papan kang KAPISAN, nomer siji,ndisik dewe,paling utama. Mula dicritakake mengkene, “ Ing tahun kang KAPISANe….ing sasi KAPISAN…Sang Prabu dhawuh ngengakake lawing-lawange pedalemane Pangeran Yehuwah tuwin didandani..” kuwi nggambarake kaya ngapa ratu Hizkia anggone mapanake Gusti Allah Kang Akarya jagad ana ing perangan sing utama ana ing uripe.

 

Kabeh bab Gusti Allah, bab Sang Yehuwah dadi bab sing utama, bab kang nomer siji, bab kang ndisik dewe, kang KAPISAN. Kabeh kang ditindakake Sang Ratu Hizkia kuwi dadi patuladan bab patrap uri sing dadi kersane Gusti. Awit saka tumindake kang mapanake Gusti Allah ana ing papan kang utama, kang KAPISAN kuwi, mulane saksuwene ratu Hizkia mrentah, berkahe Gusti mili ora nate kendhat. Saka crita bab ratu Hizkia kang mapanake Gusti Allah ana ing papan kang utama, kang KAPISAN iki, isa dipethik pasinaon, yakuwi supaya sing sapa wae maca tulisan iki, eling lan njur nuladha tumindak’e ratu Hizkia, mapanake Gusti Allah ana ing papan kang utama, kang KAPISAN,ngarep dewe, ndisik dewe.

 

Sanadyan kayane mayar, ananging ora sithik wong sing ngakune percaya marang Gusti Allah,ananging malah nyepelekake Panjengane. Lho kok isa kuwi nalare kepiye? Yen sing din enggo titik’an kuwi tumindake ratu Hizkia, nengenake mbangun pedalemane Pangeran Yehuwah, apa wong sing jarene percaya marang Gusti Allah ya nengenake pedalemane Gusti? Apa ora mung nggagas,mikir omahe dewe? Apa ora luwih mewah,lux,elit lan mentereng omahe dewe? Pedalemane Gusti kordene wae bulug kaya sing maca tulisan iki,ananging omahe dewe kaya kratone ratu Mesir, papan korden pedalemane Gusti kagawe saka munium turahan, bareng omah pribadi kagawe saka emas, apa kuwi isa klebu mapanake pedalemane Sang Yehuwah ana ing perangan KAPISAN? Pikiren dewe-dewe…

 

“Leng, keramik kamar mandimu kok ganti ya? Kamangka sakelingku rung suwe nggonmu ngganti? Pora Kang Kadi sing nggarap?” Takone Siwo Solebo neng Lik Ndoleng.

“Benr Bo, bar panen Katak Porang,sanadyan sithik, ananging takcanthelke nggo nggenti keramik kamar mandiku” Wangsulen Lik Ndoleng.

“Lha sing lawas kan jik apik, mbok guwang ngendi?” Takone Siwo Solebo.

“Takkon masang nggon kamar mandi nggrejo Bo, lha durung dikeramik gek…pora ngisin-isini..” Semaure Lik Ndoleng jujur, blak-kotang terus embuh.

“Lha kok nggo nggreja mung barang turahan to Leng, kepiye ngen-ngenmu kuwi? Sanadyan kuwi kamar mandi, ananging kuwi klebu platarane Pedalemane Gusti, mosok mung barang turahan?” Takone Pakde Kento.

“Tinimbang babarblas ora atur apa-apa, pora aluwung turahan ta To? Jale sing padha maca tulisan iki, pora yo okeh sing luwih nggagas omahe dewe tinimbang greja, sing jare Pedalemane Gusti? Lha wong pisungsung wae mung ngrongewunan!!” Unine Lik Ndoleng sajak erosi.

“Jane wis takelikne dhe, ananging paklik ngeyele ngeram. Yow is, kula mung mendhel..” Dalijo melu urun swara.

“Leng, kang Solebo, lank owe Dalijo, aja bain-bain karo tumindak bab Gusti Allah, uga bab Pedalemane. Aja mbok papanake ana papan ngisor, papakna ana ing papan kang KAPISAN, kaya tumindake ratu Hizkia kuwi lho, mengko lak uripmu tansah tentrem lan rahayu..”Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH