Jumat, 12 Maret 2021

DILUBERAKE

 

Jemuah Pahing 12 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 12:5-13

Jabur 107:1-3,17-22

Efesus 1 :7-14

Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate, kang wus diluberake marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangreten.

Efesus 1 :7-8

 

DILUBERAKE kuwi tembung daden, asale saka LUBER, sing tegese kebak pol utawa kebak banget. Mulane tembung DILUBERAKE kuwi tegese kahanan kang digawe dadi kebak kanthi nguwihi saka ukuran kang ana. Sanadyan sejatine tembung DILUBERAKE kuwi kanggo nggambarake kahanane barang kang katon utawa sinawang, ananging suwening-suwe, tembung iki isa uga kanggo nyandra kahanan utawa samubarang kang ora katon, kayata bab tresna lan katresnan. Mula ya aja kaget yen njur ana sing muni, “si kae tresna temenan karo si iki, mula tresnane ya DILUBERAKE”.

 

Kitab Suci kuwi crita bab pengalamaning wong-wong jaman mbiyen. Dene kang dicritakne kuwi bab kaya ngapa gedene katresnane Gusti  Allah marang dewek’e. Amarga sing crita wong uakeh lan sing nulis ya wong akeh, mula mestine ya beda-beda anggone nyritakake lan uga beda anggone ngalami katresnane Gusti. Rasul Paulus uga nyritakne lan mulangake pengalaman bab sepira gedene katresnane Gusti Allah, saking ora isa dicandra nganggo basa mulane njur katresnane Gusti Allah kuwi digambarake kaya banyu kang ngebaki wadahe, LUBER. Saka kahanan kang kaya mengkene iki, sakbanjure rasul Paulus memulang bab LUBERING katresnane Gusti marang menungsa, lan lumatar katresnane Gusti kang DILUBERAKE kuwi menungsa isa nampa pangapuraning dosa, nampa keslametaning urip.

 

Mulane, kanggo sing rumangsa menungsa, ora usah kemaki, ura usah kumenthus, ora usah glelang-gleleng ura usah mbagusi, ora usah plaiying piktims, ora usah kakean polah, merga urusan keslametaning urip langgeng kuwi mung amarga saka katresnane Gusti kang DILUBERAKE. Tanpa Lubering katresnan saka Gusti, mokal menungsa isa nampa kaslametan, wis kuwi wae. Dadi yen jik ana sing kemaki, kemayu, judhes lan sombonge ngeram, peliteora ukuran, njaluk dialem lan gampang nesunan, elinga yen urip iki ana mung merga katresnane gusti kang DILUBERAKE, mula ya ayo padha melu NGLUBERAKE katresnan iki marang liyan, ben kabeh nampa katentreman.

 

“In, iki do ngandi kok yahmene durung ana sing  njedeul?” Lik Ndoleng mbengok saka cakruk sor Talok, merga rung ana kancane.

“Kang Dal ana rapat Pemberdayaan Ekonomi Gereja, lan kayane Siwo Solebo lan pakde Kento melu, mula durung padha teka, Ananging wis takcawiske kopi lho Lik.”Wangsulane Iin saka njero pawon.

“Weladalahh…kok ana wae sing kudu dilakoni cah-cah kuwi, ngene terus aku kapiran In…’ Unine Lik Ndoleng meneh.

“Mulane Leng, ben aja kapiran, melu dadi Team Pemberdayaan Ekonomi Gereja. Iki rencana arep nandhur Porang, jare Dalijo prospeke cerah..” Ngendikane Pakde Kento.

“Iyo Leng, aku ya arep melu nandhur dewe, mandiri,sakliyane melu ngrumat nggonane nggreja” Siwo Solebo melu urun rembug.

“Anane aku lan kanca-kanca ambyor neng gawean iki, merga ngrasakne katresnane Gusti Leng, kang DILUBERAKE marang urip iki, mula aku ya kudu mbales katresnane Gusti..” Pakde Kento kaya padatan, memulang sakjroning jejagongan.

“Melu neng Tim PEG Lik, mosok kalah kato kang Markun, wis melu neng Tim, uga nandhur Porang dewe. Jian sregepe ngeram…” Unine Dalijo.

“Mula sregep kuwi, mulane mbiyen Yu Wasti ya kekinthil kang Markun, lha paklik wae…..A.” Durung rampung Iin muni, ketungka pisuhane Lik Ndoleng .

“Trondolllooooo…kena meneh …Jretttt!!” Gremengane Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH