Rabu, 03 Maret 2021

TAMBENG

 

Rebo Pon 3 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK


GEDI-GEDI PORANGE


Yeremia 30 :12-22

Jabur 105 : 1-11, 37-45

Yokanan 12 :36-43

Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,.”  Yokanan 12:37

 

Okeh tembung kanggo nggambarake marang wong kang ora isa percaya marang apa kang wus klakon. Ana sing nyebut  ndableg, wangkot, ngeyel, ndluya, TAMBENG lan sakpanunggalane. Tembung Wangkot wis nate dadi jejer tulisan BENINGE EMBUN ESUK ndek tanggal songolas maret rongewu songolae, mula arep nganggo judul kuwi meneh, kok rasane piye ngono, wedi ana mujijat (sing padha maos cermat lan taliti, njur maido ing ati..” mbah’e rakreatif..judule okeh sing padha..”), sanadyan mujijat kuwi kayane angil temenan. Oiya, mbalik neng  bab tembung, TAMBENG kuwi tegese meh padha karo Ndableg, Wangkot lan sakpanunggalane, sanadyan wis dikandani lan diwenehi ngerti bola-bali, ananging tangeh lamun gelem manut utawa percaya.

 

Ana crita bab kahanane wong ing jamane Gusti Yesus memulang, kang angele percaya ngeram. Sanadyan wis nampa mujijat makaping-kaping, nyawang lan uga ngalami dewe, ananging merga mripate wis kaling-kalingan nefsu kamanungsan lan kupinge wis ketutup curaking masalah, mula ora bakalan percaya marang Gusti, wis dadi wong kang TAMBENG. Ancase mujijat kang ktindakake Gusti Yesus kuwi cikbben wong padha isa nyawang pangwasaNe, njur mikir lan mbokmenawa percaya, ngilange TAMBENG ing uripe. Ananginga pancen wis angele ngeram, mula watak TAMBENG kuwi malah dadi kaya kebanggan, bandha kang kudu dirumatu, ora olih ditundung lunga.

 

Ora mung ing jaman mbiyen, jamane Gusti Yesus, ing jaman saiki wong sing nduweni watak TAMBENG kuwi jik okehe ngeram, nggladeg. Sanadyan wis nampa berkah sing raukur ananging yen pisungsung jik rongewunan, sanadyan wis nampa kesehatan ananging wegah dijak makarya mirunggan, sanadyan wektune longgare ngeram ananging alesan ora nduwe wektu kanggo ngayahi ayahan kersane Gusti. Lan yen didaftari okehe ngeram, mula rasah wae tak daftari, selak awan arep neng kebun…Pokok’e yen bab TAMBENG, kuwi tekan saiki, malah kepara sing maca iki mbokmenawa ya jik klebu..Hayo, sapa sing jik pisungsung mangewunan, ananging androite ram papat munggah lan BBM’e pertamax tur ya udud’e jisamsu? Ngaku wae…

 

“Jo,wingi ana sing nggoleki sliramu, arep nakokne Porang. Yen panen suk meh dituku jare..” Lik Ndoleng ngomongi Dalijo, nalika ngrumpi sinambi gaple neng Cakruk Sor Talok.

“Saiki jare tekan pira sekilo Leng?” takone Wak’ane Solebo.

“Jare wani sangang ewu Bo, jian ramekakat tenan ajine Porang, pakan ulo lho kuwi jaman mbiyen..” Semaure Lik Ndoleng.

“Iyoo, lha salahmu, mbiyen kon nadur okeh ramanut, malah sajak ngece Dalijo..cen kowe kuwi TAMBENG kok Leng..” Omongane Wak’ane Solebo meneh.

“Bab Yu Wasti ya ngono Wo, TAMBENG, jik indak-indik wae lho Paklik kuwi..” Iin, njedul nyuguhke wedang lan danggoreng.

“Arep tak panen dewe Lik, ben tekan molas ewu sekilone…yen ngko ketiga regane tekan semono..” Dalijo melu menehi wangsulan.

“Dus, ngertio mbiyen nandhur okeh cahhh…Jindullll…” Unine Lik Ndoleng, lagi rumangsa yen dewekne kuwi jebule mbahe TAMBENG, dedengkote ngeyel lan Ndableg.

 

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH