Minggu, 07 Maret 2021

APEL

 

Minggu Pahing 7 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 20 :1-17

Jabur 19

1 Korintus 1 :18-25

Yokanan 2 : 13-22

Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna, nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.” Pangentasan 20 :8-10

 

Mbiyen, sakdurunge jaman teknologi informasi kang majune pol, ana tembung kang digandrungi dening bocah nom-noman, yakuwi APEL. Dudu who-wohan sing legi, sing neng ngindonesa anane neng kutha Malang, ananging APEL iki sawijining acara, yakuwi wektu mirunggan kanggo kahanan utawa pawongan kang mirunggan. Sejatine tembung APEL kuwi  asale saka donyaning kemiliteran, sing tegese wektu kanggo upacara, ananging “wektu khusus” kuwi jebule luwih popular ana neng donyane nom-noman, yakuwi wektu khusus kanggo ketemuan, ngudharasa tresna. Amarga wektu khusus, mula ya ora ben wayah ketemu, yen saben wayah ketemu kuwi jenenge dudu APEL lan uga maknane ora “hot” maning, biasa-biasa wae. Sing maca tulisan iki, njur nate APEL, apa meneh sing slinthutan, biyuh mesti mung mesam-mesem kae, nganti meh ngombe kopi wae kleru mlebu ngirung…hehe. Sing cetha, APEL kuwi tumindak kang mirunggan ana ing wektu,kahanan, ancas utawa tujuan lan uga sing dijak ketemuan.

 

Neng Kitab Suci ana crita bab dhawuh kanggo APEL, ora bain-bain, dhawuh kuwi asale saka Gusti Allah dewe. Bangsa ngisrael kang kapimpin dening nabi Musa, sakwise katuntun metu saka Mesir, njur diwenehi pepakone urip kan cacahe ana sepuluh. Lha, salah sijine pepakon utawa prentah kuwi supaya nganakne APEL, saben dina Sabat, seminggu sepisan. Kuwi hukume wajib, ora meksa ning kudu.. Lho, kok Gusti Allah meksa menungsa kon “ngapeli” Panjengane? Iki dudu soal meksa lan ora meksa, ananging Gusti ngelikake supaya menungsa kuwi eling, yen kahanane isa metu saka ing Mesir amarga Sih Rahmate Gusti, mula ya kudu mirungganake wektu, sanadyan mung sedelok, ing sakjroning seminggu sepisan. Lumantar APEL marang Gusti, mneungsa dadi eling sejatine uripe, utawa diwalik ya isa, amarga eling marang sejatine uripe, mulane menungsa njur mligekake wektu kanggo “njaga lan ngasah tresna” karo sing wus nandukake tresnane, yakuwi Gusti Allah kang wis maringi Sih Rahmat.

 

Sanadyan cetha ana dhawuh saka Gusti bab mligekake wektu kanggo “APEL” marang Gusti, ora sithik menungsa sing nyepelekne, ora sithik sing malah nglirwakne wektu kuwi, ora nggagas babarblas. Kuwi kabeh isane klakon amarga babarblas ora nduweni rasa tresna marang Gusti Allah, ora rumangsa yenwis ditresnani dening Gusti. Mulane, yen ana wong kang jarene “beriman”, ananging lali lan kereb nglalekne ngibadhah, kuwi mung lamin, babarblas ora ana tresna marang Gusti. Kaya jamane mbiyen nalika jik nom, wektu kanggo APEL kuwi jian ditunggoni  temenan, sanadyan mung seminggu sepisan, kuwi wae sedilukk banget, ananging tansah ditunggu lan ditunggu. Kuwi kabeh amarga nduweni rasa tresna. Semono uga bab Ngabekti, eh ngibadhah ding, yen tinalesan rasa tresna marang Gusti, tangeh lamun ayahan seminggu sepisan kuwi diendani, mesti dienteni temenan. Ngomong tresna, ananging yen ora tahu APEL, kuwi mbelgedes sak mbelgedes-mbelgedese!!

 

“Leng, minggu wingi kok ora ngibadhah neng nggreja, ngandi dikau?” Takone Siwo Solebo.

“Ngibadhah kuwi lan kudu mrenthul saka telenging ati, lha minggu wingi aku lagi ora “mut” gek Bo..mula aluwung aku mincing…malah luwih press,..” Semaure Lik Ndoleng.

“Bener Lik, ngibadhah kuwi pancen Hak Asasi, mula ya bebas wae..Ananging yen penemumu kaya mengkono, ategse sampeyan pra nduweni tresna marang Gusti lho Lik..” Unine Dalijo.

“Weh, biasane awakmu ora ngarani ngibadhah Jo, biasane ngaranimu bgabekti, kok saiki konsisten ngarani ngibadhah,,hayo ana apa iki?” Lik Ndoleng malah genti takon.

“Haiyahh, kuwi paklik ora nduweni rasa tresna marang Gusti kang, babarblas. Yen tresna mesti nggoleki, ora ngendani.  Pora Lik, njaman mbiyen mbledhik Yu wasti, saben malem minggu “ngojek” ngeterake mulih, sanadyan mung nganggo oncor. Saben dina senen wis tokan-takon dinane apa, kuwi mung amarga selak pengen tekan dina setu, njur melem minggunan karo Yu Wasti, eling pora Lik?” Iin nrocos kaya ban mobil nggembos merga kena paku bumi.

“Dusss, malah ngelingake masa silam kowe kuwi Innnn…” Unine Lik Ndoleng.

“Yen sliramu tresna marang Gusti, mesti tansah kangen kanggo srawung Leng, ananging yen ngendani timbalane manembah, kuwi tegese ora nduweni rasa tesna..” Pituture Pakde Kento.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH