Minggu, 14 Maret 2021

MÈMPER

 

Minggu Wage 14 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK

KATAK BIBIT PORANG


Wilangan 21 : 4-9

Jabur 107 :1-3,17-22

Efesus 2 :1-10

Yokanan 3 :14-21

Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.” Efesus 2 :10

 

Jejer MÈMPER wis nate dienggo teme BENINGE EMBUN ESUK ing tanggal songolas mei rongewu songolas, ananging ya ora apa-apa nalika ing dina iki dinenggo maneh. Dina iki minggu tanggal patbelas maret rongewuselikur, ngepasi minggu “pra-paska kaping telu”, jejer MÈMPER kanggo meneh, ananging tegese rada beda karo kang nate kaenggo.  Tembung MÈMPER

kuwi isa nduweni arti utawa teges padha utawa meh padha karo liyane, gumantung apa kang arep diemperi. Pokok’e cekak aose, tembung MÈMPER kuwi arep ngarani kahanan kang (meh) padha.

 

Ana piwulange Kitab Suci kang memulang bab tembung MÈMPER, kuwi tinulis ana neng Efesus bab 2 ayat 10. Neng kana rasul Paulus meling, menawa awake dewe iki, para wong kang pracaya marang Gusti Yesus, titahe Gusti Allah kang wus kaanyarake. Tegese kahanan urip lawas kang anane mung mbledig kekarepaning nefsu kamanungsan wis dipateni lan genti ngrasuk urip anyar. Dene titikane menawa urip lawas kuwi wis dipateni, nalika patrap urip saiki kuwi padha nglakoni panggawe becik kang wus dicawisake dening Gusti. Mung lumantar panggawe becik manut kersane Gusti wae, awake dewe isa matrap urip MÈMPER karo Gusti. Sakliyane kuwi, dudu titah anyar kang wus kaanyarake dening Gusti.

 

Yen sakdurunge kaanyarake dening Gusti uripe gampang nesunan, mutungan, ngamukan, sakwise eling yen wis kaanyarake mesti dadi luwih sabar,luwih sengkut anggone makarya lan uga ora ngamukan meneh. Yen sakdurunge kaanyarake dening Gusti pelite ngeram, medhit poll lan ora kenal patrap urip loma, saiki dadi wong sing ora pelit lan medit lan uga lomane ngeram. en sakdurunge kaanyarake dening Gusti mung mikir awake dewe terus lan liyan kuwi mung kaya “komoditas”, saiki malih mikirake liyan lan ngupaya supaya awake dewe isa migunani liyan, isa tetulung marang liyan. Kuwi kabeh kang isa njalari urip iki wis MÈMPER karo Gusti Yesus. Sakliyane patrap urip kaya kang wus katulis ing ndhuwur, kuwi ora isa diarani uripe manut dhawuhe Gusti, ora isa kinaranan MÈMPER!!

 

“Jo, ngandi Ndoleng? Kok bajekno rung ngetok?” Takone Siwo Solebo, nalika mbengi kuwi kaya padhatan ngobrol neng “beskem”, Cakruk Sor Talok.

“Aku dewe ya raruh ik Wo! Jarene Iin, kawit awan mau rangetok..”Semaure Dalijo, sinambi nuthuli androite.

“Mau pamit arep neng tegal, mbuh jare arep niliki wit jati ngono…”Iin njedul saka pawon, nggawa wedang lan pacitan, lan bebarengan karo kuwi, Lik Ndoleng njedul saka pojok omah,petengan.

“Seka ngendi Leng, cememetan nganti yahmene?” Takone Siwo Solebo.

“Seka tegal Bo, niliki tandhuran jati lan uga ngetung. takgolekne bakul, takkon nuku..arep tak aturke Gusti. Nggo nggawe “perpustakaan” nggreja, ben bocah-bocah isa nduweni papan sinau..” Unine Lik Ndoleng, mbuh entuk ndaru seka ngendi.

“Apa aku ora salah krungu Leng?” Sajak bingung, Siwo Solebo nakoni meneh.

“Ora Bo, kupingmu jik normal.Kuwi pancen niat lan tekadku..ngapa urip numpuk bandha kang ora ana gunane, menawa tandhuran jati kae takdol, njur duwite nggo mbangun perpustakaan greja, kan luwih migunani. Aku nguayakne urip MÈMPER Gusti Yesus, kang ora nate mikir aweake dewe, ananging mung mikirake liyan. Yen ngaku pendereke Gusti Yesus, ananging jik mikir awake dewe wae, kuwi ngapusi,mbelgedes..” Lik Ndoleng cetha banget anggone njlentrehake niat apik’e, andum berkah marang liyan.

“Lik, aku meh semaput…iki paklik Ndoleng apa dudu ya? Njajal jik doyan udud ra,iki MLD ayar, jik kebak…” Unine Dalijo.

“Weh, yen bab udud,pomeneh gratis, ya aku jik mathuk Jo…kene aku njaluk!” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Yen bab Yu Wasti Lik?” Takone IIn.

Lik Ndoleng durung semaur, merga jik nyumet udud,lha kira-kira kepiye ya semaure Lik Ndoleng, sakwise nyumet MLD?

 

Mbah’e..

 

 

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH