Kamis, 18 Maret 2021

WAYAHE

 

Kemis Pon 18  Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 30 :15-18

Jabur 51 :1-12

Ibrani 4 :1-13

Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!

Yesaya 50:18

 

Tembung WAYAHE kuwi dudu tembung kang angel dimangerteni artine, sanadyan isa ngemu teges cacah loro. Sepisah, WAYAHE kuwi isa nduweni arti “wektune”, lan sing kapindone isa nduweni arti “putune”, gumantung karo ukarane. “Wis WAYAHE nenadhur, amarga mangsa udan wus teka..” Ing ukara kuwi tembung WAYAHE nduweni arti “wektu”, dene ing ukara iki, “Kang Petuh nembe mlaku-mlaku karo WAYAHE”, ing ukara iki tembung WAYAHE nduweni arti “putune”. Tulisan BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki mung arep ngrembug bab tembung WAYAHE kang nduweni arti “wektune”, ben ora salah “diintepretasi”, mula kudu dijlentrehake sakdurunge.

 

Piwulange Kitab Suci saka wacan leksionari dina iki, salah sijine saka Kitab Yesaya, memulang bab WAYAHE Sang Yehuwah, utawa wektune Sang Yehuwah tumindak kanggo nulungi para Kagungane. Nalika mbiyen bangsa ngisrael (muga-muga pak guru sing manggon neng Weleri, ora bingung maning) ngeyele ngeram, Gusti Allah nunggu wektu,nunggu WAYAH sing pas kanggo nulungi,nelakake katresnane, nandukake kawelasane. Dene kang dadi WAYAHE Gusti Allah kuwi beda karo wektune menungsa, mula njur ana unen-unen “kudu angon wayah”. Semono uga Gusti Allah, anggone arep nandukake tresnane lan paring pitulungan kuwi ya manut WAYAHE sing pas. WAYAHE Gusti Allah lan wektune menungsa kuwi beda, lan ing kene menungsa kudu sabar sinartan sengkut manembah. Menungsa ora pareng “ngegege” mangsa, amarga menawa durung tumeka ing WAYAHE Gusti, mokal samubarang bakalan klakon.

 

Saka piwulange Kitab Yesaya, isa dipethik pasianon apik kanggo nglakoni urip iki.Aja pisan-pisan mbalela marang Gusti, aja ngegege mangsa lan uga aja meksa kersane Gusti. Menawa ana menungsa sing mbalela (sing maca tulisan iki aku yakin ora ana..ora ana sing ngaku) lan diwenehi wektu dawa, kuwi ora ateges Gusti ngetokake menungsa tumindak ala lan salah, ananging sejatine kuwi merga Gusti menewi wektu supaya mertobat. Lan sakwise mertobat, kuwi tumeka WAYAHE Gusti Allah menehi berkah kang ora tinemu nalare menungsa. Mula saka kuwi, saiki payo pada eling, njur tumindak apik sinartan nunggu WAYAHE Gusti mbabar berkah mirunggan marang awake dewe. Sepisan meneh aja ngegege mangsa, aja meksa Gusti, aja mbalela, sebab menawa tumeka ing WAYAHE Gusti, berkah lan paukuma kuwi wus cumepak.

“Jo, apa wis tekan WAYAHE panen Porangmu?” Takone Siwo Solebo marang Dalijo,sing bengi kuwi jik kethuprekan miliki panene Porang.

“Uwis Wo,ananging durung kabeh” Semaure Dalijo sinambi milihi Katak Porang lan ngekep MLDne.

“Lha tinimbang ribet, mbok kabeh diopeki wae Jo, dipanen. Kepenak neng awak,ora ben kesuk lan sore niliki Porang..” Lik Ndoleng melu urun rembug, sinambi maca Buletin Adi Yuswa GKJ, sanadyan mbuh ngerti apa ora karepe.

“Raisa Lik nganggo pola kaya ngono kuwi. Katak Porang kuwi menawa durung jiglok seka wite, ora apik kanggo bibit, mula kudu nunggu WAYAHE sing pas, ora isa dipeksa..kudu sareh lan sabar..” Semaure Dalijo.

“Emange kowe Lik, senengane kesusu, das-des ananging ora kasil…mbiyen kae yen sabar, mesti Yu Wasti gelem karo kowe lho Lik..” Iin ngeteri kopi lan pacitan lan melu nggarapi Lik Ndoleng.

“Denggelmu krowak kuwi In…lha iki ngrembug WAHAYE panen Porang malah tekan Wasti..marahi rinduku menggunung..” Unine Lik Ndoleng.

“Ora mung bab panen Porang, kabeh kang lumaku iki kudu manut WAYAHE Gusti, tugase menungsa mangerteni WAYAHE kang pas, mula disengkut anggone sinau lan manembah..” Ngendikane Pakde Kento.

 

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH