Sabtu, 13 Maret 2021

DILUKARI

 

Setu Pon 13 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK

Gambar Lukare Bulbil Saka Wit Porang


Wilangan 20 :22-29

Jabur 107 :1-3,17-22

Yokanan 3 :1-13

Imam Harun tumuli dilukari pangagemane dening Nabi Musa lan diagemake marang kang putra Eleazar; Imam Harun tumuli seda ana ing pucake gunung kono. Nabi Musa lan Imam Eleazar banjur padha tedhak saka ing gunung iku mau.” Wilangan 20 :28

 

Asale saka tembung lingga Lukas, kang tegese ucul utawa pisah saka.. Tembung Lukar isa dadi pisang-pirang tembung, salah sijine DILUKARI, kang tegese dijupuk utawa dipisah saka.. Menawa DILUKARI busanane, tegese apa kang nembe dienggo diuculi, anane DILUKARI kuwi amarga ora isa nglukari dewe. Sakliyane ora isa nglukari dewe, kuwi amarga ana sing luwih nduweni kuwasa,mulane sanadyan ora gelem, yen wis tumeka ing titi mangsane ya kudu DILUKARI.

 

Crita neng Kitab Wilangan bab 20, crita bab sedane Imam Harun, kuwi isa dadi pepeling tumrap sapa wae. Sakdurunge nyawane Imam Harun dijupuk saka ragane amarga wis rampung tugas ayahane ana ing njagad padhang iki, kabeh penganggone kudu DILUKARI, dene sing nglukari ya Gusti allah dewe lantaran nabi Musa, adine Imam Harun. Lukare apa kang sinadang dening Imam Harun sakdurunge tinimbalan kuwi isa dadi gegembaran kanggo sapa wae sing gelem nyinau bab urip neng ngalam-ndonya iki, yen wis tekan ing ttiti mangsane, kabeh kudu “mulih marang mula-mulanira”. Kayadene anggone teka neng njagad iki ya ora nganggo lan nggawa apa-apa, mulane nalika mulih ya apa kang sinandang kudu DILUKARI.

 

Saka crita Kitab Suci iki, isa dijupuk pasinaon apik, supaya menungsa ora mbledik kahanan kang anane mung sinandang,mung dingo nalika urip, amarga yen wis tekan titi mangsane kudu “Mulih”, kabeh kang dienggo kudu DILUKARI. Gelem ora gelem kudu gelem, lha wong sanadyan nalika mati penganggone melu dipendhem sing mati ya babarblas ora isa nggunakne, aluwung diddum marang sing jik urip. Lha njur apa tegese nalika urip ora oleh makarya ben isa makmur? Oleh,malah kudu makarya, ananging aja pelit,aja uthil,aja mung mikir awake dewe. Cukup sewaregan wae, amarga urip iki wis dieksa,dirumat dening Gusti Allah. Mikir lan elinga marang liyan sing mbutuhake srana urip. Yen ana berkah merga makarya kang mituhu, endumen marang liyan, aja srakah,aja alamah. Eling, sepira akehe bandha donya olehmu nglumpukake neng ndonya iki, kabeh bakalane DILUKARI sakdurunge nyawa oncat lan raga dipendhem.

 

“Jo, aku maca BENINGE EMBUN ESUK, tulisane mbah’e ing dina iki, dadi gigrik, wedi lan miris…” Lik Ndoleng miwiti rembugan neng Cakruk Sor Talok sajak serius, ing kono wis ana Siwo Solebo, Pakde Kento, Dalijo lan ketamon Kyai Jobros.

“Wong kok jirih temen ta Leng, seka cilik rung thukul rambutmu,tekan saiki entek rambutmu meneh jik jirihmu ngeram..” Pakde Jobros nanggepi omongane Lik Ndoleng.

“Lambemu Bros, mbok digatekne kuwi tulisane mbah’e. Jian medeniiii..” Semaure Lik Ndoleng, Dalijo malah durung muni, merga jik menthelengi androite.

“Kuwi pepeling jenenge Leng, urip neng ngalam-ndonya kuwi mung mampir, mula nalika balik ya kabeh kudu DILUKARI, kaya nalika teka neng njagad iki..” Kaya padatan, wicaksana anggone Pakde Kento menehi penemuning urip.

“Mula aja pelit-pelit Leng, tabunganmu diddum karo sik mbutuhake. Aku butuh, nggo nambahi nandhur Porang, kae dulur-dulur okeh sing butuh, lumantar ngedum bandamu, dongane para sedulur apik,mujekne sing mulya marang awakmu…” Siwo Solebo melu urun rembug.

“Oiya Lik, Yu Wasti yaw is nandhur Porang lho, kapan kae Kang Markun njaluk bibit neng aku.Kana, ditukokne bibit sing okeh, ben isa njawil..” Dalijo muni sakrasane lan Lik Ndoleng sajak mencereng, mbuh wedi yen kabeh DILUKARI apa wedi yen njawil Wasti konangan Markun, mangga para maos sing mbacutake crita. Sing cetha, kabeh bandha donya iki bakalane DILUKARI nalika mbesuk mulih marang klanggengan!

 

 

Mbah’e..

 

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH